Khutbah Jumat Bahasa Jawa ini mengajak jamaah untuk menyambut kedatangan bulan suci Ramadhan dengan suka cita. Rasa bahagia datangnya bulan Ramadhan akan membawa keberkahan dan ganjaran bagi kita.
***
Khutbah Jumat I
اَلْحَمْدُ للهِ اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِي عَلَّمَ بِالْقَلَمِ ، وَأَنْعَمَ عَلَيْنَا بِنِعْـمَةِ اْلإِيْمَـانِ وَاْلإِسْـلاَمِ ، أَشْهَـدُ أَنْ لآ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ شَهَادَةً أُدَخِّرُهَا لِيَوْمِ الْقِيَـامِ ، وَأَشْـهَدُ أنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِي بِقَوْلِهِ وَفِعْلِهِ إِلَى دَارِ السَّـلاَمِ ، أَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَـيِّدِنَا مُحَمَّدٍ مِصْبَاحِ الظَّلاَمِ ، صَلاَةً تُشْفِيْنَا بِهَا مِنَ الدَّآءِ وَاْلأَسْـقَامِ ، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الزِّحَامِ ، أَمَّا بَعْـدُ فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْـوَى اللهِ خَالِقِ اْلأَنَامِ ، تَدْخُلُوْا جَنَّةَ رَبِّكُمْ بِالسَّـلاَمِ ، فَقَدْ قَالَ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ : أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشًّيْطَانِ الرَّجِيْمِ ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ ، يا أيها الذين آمنوا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْن
Jamaah Jumat rahimakumullah
Monggo kito sami netepi taqwo dumateng Gusti Allah wonten ing pundi kimawon kawontenan kito; rame utowo sepi, katon utowo samar, supados kito tansah pikantuk rahmat lan kanugrahanipun Gusti Allah. Kanjeng Nabi dawuh:
اتَّقِ اللهَ حَيْثُمَا كُنْتَ، وَأَتْبِعِ السَّيِّئَةَ الحَسَنَةَ تَمْحُهَا، وَخَالِقِ النَّاسَ بِخُلُقٍ حَسَنٍ (رَوَاهُ التِّرْمِذِيّ)
Artosipun: "Wediyo siro marang Gusti Allah, onok ing endi wae pangggonan tinemu siro, lan susulono keawonan kelawan kesaenan jalaran kesaenan iso nglebur keawonan, lan sesrawungono menungso kelawan pekerti kang bagus." (HR. Tirmidzi)
Sholawat serto salam keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad ingkang paring kito tupo tulodo, pituduh marang agomo Islam, sehinggo kito sedoyo saget paham kaliyan perkawis ingkang haq lan ingkang sae. Sebab Kanjeng Nabi dipun utus kelawan mbeto kesaenan, welas asih dumateng makhluk sedoyo alam. Gusti Allah dawuh:
وَمَا أَرْسَلْنَاكَ إِلَّا رَحْمَةً لِّلْعَالَمِينَ
Artosipun: "Lan ora ingsun utus siro Muhammad, kejobo krono rohmat (welas) marang wong alam kabeh." (Al-Anbiya: 107)
Wonten kitab tafsir Muyassar dipun jelasaken saktemene welas asihe Gusti Allah marang menungso niku kautuse Kanjeng Nabi Muhammad kagem makhluk dunyo, kados menungso lan jin. Sinten mawon ingkang iman, mongko selamet lan begjo. Sinten ingkang mungkur, mongko getunan.
Kaum Muslimin ingkang minulyo
Sekedap malih kito sedoyo mlebet wulan suci Ramadhan, lan kedah kito siapaken mental lan manah kito kangge ngadepi kewajiban kito nindaaken poso wonten wulan Romadhon, jalaran mboten sekedik umat Islam ingkang nampi kewajiban poso Ramadhan puniko kanti kepekso, mboten ikhlas, mboten paham kaliyan keistimewaan lan pentinge poso Ramadhan.
Kanjeng Nabi Muhammad dawuh:
مَن صامَ رَمَضانَ إيمانًا واحْتِسابًا غُفِرَ له ما تَقَدَّمَ مِن ذَنْبِهِ
Artosipun: "Sopo wonge poso Romadon krono iman lan nuprih ganjaran, mongko bakal diapuro dusone sing wis keliwat". (muttafaq alaih)
Hadis meniko jelas sanget mertelaaken bilih tiyang ingkang poso Romadhon krono iman ingatase wajibe poso, percados kaliyan janjine Gusti Allah, lan krono nuprih ganjaran, mongko bakal dipun paringi pengapuro lan dipun tresnani kaliyan Gusti Allah.
Lajeng maksud saking hadis meniko bilih duso ingkang dipun apuro inggih puniko duso ingkang alit, dene duso ingkang ageng mbetahaken taubatan nasuha. Artosipun mboten sedoyo duso dipun ampuni gusti Allah, nopo malih duso ingkang kaitan kaliyan sami-sami menungso (haq adami). Pramilo, sakderenge mlebet Romadhon saene dipun sarengi nyuwun ngapuro marang tiyang sepah, sederek lan masyarakate supados nalikane poso Romadhon soyo resik. Nopo maleh ing lebete wulan Romadhon, Al-Quran dipun turunaken.
Gusti Allah dawuh:
شَهْرُ رَمَضَانَ الَّذِيْٓ اُنْزِلَ فِيْهِ الْقُرْاٰنُ هُدًى لِّلنَّاسِ وَبَيِّنٰتٍ مِّنَ الْهُدٰى وَالْفُرْقَانِۚ
Artosipun: "Wulan Ramadan, wulan sing nang njerone diturunaken Al-Quran ingkang dados pituduh kagem menungso lan njelasake piro-piro pituduh lan pembedo (antarane haq lan batil)" (QS. Al Baqarah: 185)
Pramilo, nyambut wulan suci Romadhon kanti ati seneng, bingah, soho rido, ugi dipun sarengi nindaaken kewajiban saking Gusti Allah niku kecatet ati ingkang ikhlas lan bukti takwo dumateng Gusti Allah.
Hadirin ingkang bahagio
Mundut saking hadis kasebat, kito saget memahami bilih poso Ramadhan niku saget angsal pengapuro saking Allah nalikane netepi kaleh syarat: Setunggal, ngimani kanti yakin bab wajibe poso Romadhon, kito kedah yakin dateng dawuh Gusti Allah ingkang sampun paring janji kagem tiyang ingkang poso Romadhon. Kaleh, Ngarep ganjaran wonten ngersanipun Gusti Allah, ikhlas anggenipun kito poso mboten riya’ (pengen dipuji)
Mugi-mugi kito sedoyo kalebet golongan ingkang dipun gampangaken kagem nindakaken ibadah poso, lan dipun tampi wonten ngersanipun Allah lan kalebet tiyang ingkang poso kelawan imanan wa ihtisiban.
بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنْ الايَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ وَإِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ
Khutbah II
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ إِرْغَاماً لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ الخَلاَئِقِ وَالْبَشَرِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ إِلَى يَوْمِ الدين.
أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا اللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُبِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ
Editor: Muhammad Faizin
