Khutbah I
الْحَمْدُ لله الَّذِي اكْرَمَ بَنِي آدَمَ عَلَى سَائِرِ الْمَخْلُوقَاتِ أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إلَّا الله الَّذِي لَا مَعْبُودَ بِحِقٍّ فِي الْوُجُودِ إِلَّا إِيَّاهُ. وَاَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ الَّذِي بَعَثَهُ اللهُ لاُِ تَمِّمَ مَكَارِمَ الْأخْلَاقِ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ مَا دَامَتِ الاَرْضُ وَالسَّمَوَاتُ. أمَّا بَعْدُ : فَيَا عِبَادَ الله أُوصِيكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى الله فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُونَ .بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيمِ لَقَدْ جَاءَكُمْ رَسُولٌ مِّنْ أَنفُسِكُمْ عَزِيزٌ عَلَيْهِ مَا عَنِتُّمْ حَرِيصٌ عَلَيْكُم بِالْمُؤْمِنِينَ رَءُوفٌ رَّحِيمٌ . فَإِن تَوَلَّوْا فَقُلْ حَسْبِيَ اللَّهُ لَا إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ ۖ عَلَيْهِ تَوَكَّلْتُ ۖ وَهُوَ رَبُّ الْعَرْشِ الْعَظِيمِ
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Ing wulan Maulid meniko, monggo kito sami muji syukur lan ningkataken takwo dumateng Gusti Allah ingkang sampun paring rerubo kenikmatan. Takwo teng mriki tegese ngelampahi perintah lan nebihi larangananipun.
Gusti Allah dawuh:
يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
Artosipun: "Hei wongkang podo iman, takwoho siro kabeh marang Gusti Allah kelawan takwo tenanan, lan ojo podo mati siro kabeh kejobo podo mlebu Islam." (QS Ali Imran, 102)
Lajeng, shalawat serto salam keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad, sahabat lan keluargone ingkang dados panutan kito ingdalem mahami agomo Islam. Mugi kito sedoyo saget pikantuk syafaatipun Kanjeng Nabi mbenjang wonten dinten kiamat.
Jamaah Jumat ingkang minulyo
Wulan Maulid, wulane Kanjeng Nabi dipun lahiraken ing alam dunyo. Kito sedoyo umat Islam kedah bersyukur kranten kecatet dados umate Kanjeng Nabi Muhammad. Pramilo kito sami keparingan kesempatan kang prayogi sanget kanggé muji lan ngluhuraken asmane Kanjeng Nabi.
Wulan Maulid meniko sanes wulan biasa, ananging dados wektu tepat kanggé ngelahiraken raos syukur dumateng Gusti Allah amargi sampun ngutus Nabi Muhammad SAW, ingkang mbimbing ummat lan dados panutan agung.
Coro nyatakaké rasa syukur puniko katah: kados poso sunah, ngucap shalawat, ngamalaken sunah Nabi, nyumbang lan sedekah, ugi ngluhuraken akhlaké. Ing pundi-pundi panggonan. Tradisi Maulid dipunlampahi kanthi nyuguhaken tumpeng, buah-buahan, ngaji Maulid Barzanji, Simthud Durar, lan qasidah pujian.
Punapa mawon tradisi punika, menawi niyatipun kanggo ngluhuraken Kanjeng Nabi, mesthi wonten barokahipun.
Poro ulama nyebataken bab keutamaan wong sing ngurmati Maulid. Ing kitab I’anah at-Thalibin dipun terangaké:
“Sapa wong nyiapake panganan kanggo acara Maulid Nabi SAW, ngundang sedhereké, nganggo sandhangan resik, ngambuhake wewangian, kabeh iku amarga ngurmati kelahiran Nabi, maka bakal diklumpukaké bebarengan karo para nabi ing swarga ‘Illiyyin.”
Ugi Imam Yafi’i ngendika: "Wong kang ngadani Maulid Nabi kanthi ngundang jamaah, maringi panganan, nindakake kebecikan, bakal diklumpukaké kaliyan para siddiqin, syuhada, lan wong-wong shalih."
Jamaah Jumat ingkang dipun rohmati Gusti Allah
Saking keterangan kasebat, katah sanget keutamaan nguripi maulid Nabi, sinten kimawon ingkang bungah bakal kalebet ngelampahi amal saleh. Sayyid Muhammad bin Alawi al-maliki al-Hasani ing kitab Mafahim Yajibu an Tusahhah dawuh:
وَالْحَاصِلُ اَنّ الْاِجْتِمَاع لِاَجْلِ الْمَوْلِيْدِ النَّبَوِيِّ اَمْرٌ عَادِيٌّ وَلَكِنَّهُ مِنَ الْعَادَاتِ الْخَيَرَةِ الصَّالِحَةِ الَّتِي تَشْتَمِلُ عَلَي مَنَافِعَ كَثِيْرَةٍ وَفَوَائِدَ تَعُوْدُ عَلَي النَّاسِ بِفَضْلٍ وَفِيْرٍ لِاَنَّهَا مَطْلُوْبَةٌ شَرْعًا بِافرادِهَا.
Artosipun: "Saktemen kumpul ngelaksanaaken maulid Nabi niku kalebet adat ingkang nggadahi kesaenan ageng lan manfaat ingkang bali marang menungso, kranten nggadahi berkah ingkang sanget ageng. Pramilo, dipun anjuraken mungguhi syariat."
Keterangan meniko negesaken bilih ngurip maulid Nabi kelawan waosan sholawat qosidah burdah, Tarikh Nabi Muhammad, lan nderek tindak lampahe ingkang mulyo niku sedoyo kecatet amalan soleh, amalan ingkang saget nuduhaken trisno kito sedoyo dados umate Kanjeng Nabi Muhammad.
Pramilo, monggo sareng-sareng nguripi maulid Nabi kelawan perkawis lan amalan ingkang sae, nebihi sedoyo maksiat, lan ngatahaken maos solawat, ugi ngatahaken ibadah sunahipun. Mugi-mugi kito kecatet umate Kanjeng Nabi ingkang pikantuk syafaatipun mbenjeng ing dinten kiamat. Amiin.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِى الْقُرْاَنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاَياَتِ وَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. اَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ اِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Khutbah II
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا كَمَا أَمَرَ، أَشْهَدُ أَنْ لَااِلَهَ اِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، اِلَهٌ لَمْ يَزَلْ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ وَكِيْلًا. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَحَبِيْبُهُ وَخَلِيْلُهُ، أَكْرَمُ الْأَوَّلِيْنَ وَالْأَخِرِيْنَ، اَلْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلىَ أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ كَانَ لَهُمْ مِنَ التَّابِعِيْنَ، صَلَاةً دَائِمَةً بِدَوَامِ السَّمَوَاتِ وَالْأَرْضِيْنَ
أَمَّا بَعْدُ: فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ اتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَذَرُوْا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ. وَحَافِظُوْا عَلَى الطَّاعَةِ وَحُضُوْرِ الْجُمْعَةِ وَالْجَمَاعَةِ وَالصَّوْمِ وَجَمِيْعِ الْمَأْمُوْرَاتِ وَالْوَاجِبَاتِ وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ بِنَفْسِهِ. وَثَنَى بِمَلَائِكَةِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ. إِنَّ اللَّهَ وَمَلائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيماً، اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وِالْأَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَةً، اِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْر
عِبَادَ اللهِ، اِنَّ اللهَ يَأْمُرُبِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَاِيْتَاءِ ذِيْ الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوْا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرُكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ
Editor: Muhammad Faizin
