Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Dadoso Pemimpin Ingkang Adil

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Dadoso Pemimpin Ingkang Adil

Khutbah I

إِنَّ الْحَمْدَ لله نَحْمَدُهُ، وَنَسْتَعِينُهُ، وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ، وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لا إله إلا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ شَهَادَةً مُبَرَّأَةً مِنَ الشِّرْكِ وَالشُّكُوكِ سَلِيْمَةً. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ الْمَخْصُوصُ مِنَ الرَّبِّ بِكَمَالِ قُرْبِهِ وَتَقْدِيمِه، اللهُمَّ صَلَّ وَسَلِّمْ عَلَى عَبْدِكَ وَرَسُولِكَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ اقْتَفَى شَرْعَهُ الْمُطَهَّرَ وَاتَّبَعَ مِلَّتَهُ الْقَوِيْمَة

أَمَّا بَعْدُ: فَيَاأيُّهَا الناس، أوْصُيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ، قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ:  يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا لله حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Maasyiral Muslimin rahimakumullah,

Sepindah monggo kito sami ningkatake takwo dumateng Gusti Allah kanti istiqomah ngelampahi perintahipun lan nebihi awisanipun ing dalem panggenan pundi kimawon. Amergi saking penggawe takwo meniko kito saget pikantuk rido lan pengapuro saking Gusti Allah.

Gusti Allah dawuh:

لَقَدْ خَلَقْنَا الْإِنسَانَ فِي أَحْسَنِ تَقْوِيمٍ

Artosipun: "Temen ingsun wes nyiptakno menungso ing dalem bentuk kang sae." (QS At-Tin: 4)

Kaping kalih, sholawat serto salam keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad, sahabat lan keluargone ingkang dados pepadange agomo Islam. Nopo maleh Gusti Allah lan poro malaikat sami maos solawat dateng Kanjeng Nabi:

 إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ ۚ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

Artosipun: "Saktemene Gusti Allah lan Malaikat sami maos solawat dateng Kanjeng Nabi, Hei wong-wong podo iman, mocoho solawat siro kabeh marang Kanjeng Nabi lan ngucapo salam." (QS Al-Ahzab: 56)

Kanjeng Nabi dipun muliaaken kranten saking Kanjeng Nabi Muhammad, kito sedoyo saget neladani akhlaq mulyo lan pikantuk pituduhe tumuju marang dalan ingkang bener. Kanjeng Nabi Muhammad niku pemimpin ingkang adil, pemimpin ingkang welas marang rakyate.

Poro hadirin ingkang minulyo

Ing kesempatan ingkang barokah menika, kawulo selaku khotib badhe ngaturaken babagan wigatosipun pimpinan ingkang adil. Kepemimpinan meniko amanah ageng ingkang dipun paringaken dening Allah. Amanah ingkang mboten enteng, amargi ingkang dipun pimpin meniko manungsa ingkang gadah hak lan kewajiban.

Nopo maleh sakmangke katah kasus pemimpin ingkang mboten amanah, mboten adil, bahkan dzolim marang rakyate. Buktine katah koruptor ingkang soyo kumowani terang-terangan nyolong yotrone negoro. 

Padahal Gusti Allah sampun dawuh:

إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُكُمْ أَنْ تُؤَدُّوا الْأَمَانَاتِ إِلَى أَهْلِهَا وَإِذَا حَكَمْتُمْ بَيْنَ النَّاسِ أَنْ تَحْكُمُوا بِالْعَدْلِ

Artosipun: "Saestu Allah merintah panjenengan sedaya supados ngaturaken amanah dateng ingkang gadhah hak, lan menawi panjenengan sedaya netepaken hukum ing antawisipun menungsa, supados netepaken kanthi adil." (QS An-Nisa:58)

Saking ayat meniko, cetho sanget bilih adil menika dados syarat pokok kangge pimpinan. Pimpinan ingkang adil meniko kedah nggadahi kriteria kados pertama, mboten pilih kasih, tegese ngramut lan ngladeni sedoyo rakyatipun, mboten mandang suku, agama, utawi golongan.

Kaping kalih, pemimpin kedah njagi hak rakyat, tegese mboten mendet hak rakyat, mboten nyolong hak rakyat, ananging malah ngupayakaken kasejahteraan lan kemakmuranipun rakyat.
 
Kaping tigo tindak lampahipun pemimpin kedah ingkang leres, tegese mboten korupsi, mboten ngapusi, lan saged dados teladan ingkang sae.

Kaping sekawan pemimpin kedah adil ing hukum, tegese mboten mandang sinten-sinten naliko netepaken hukum. Hukum kedah tegak kangge sedoyo tanpo ningali sinten ingkang dipun hukum.

Jamaah Jumat ingkang dipun rahmati Allah

Nabi Muhammad sampun paring pengendikan bilih pimpinan ingkang adil meniko dipun paringi derajat inggil. Wonten hadits ingkang nyebataken bilih wonten pitu golongan ingkang badhe pikantuk pangayoman saking Allah ing dinten kiamat, salah satunggale inggih menika: "Imamun 'adilun" (pimpinan ingkang adil).

Hadits meniko dipun riwayataken sohabat Abu Hurairah:

عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ عَنْ النَّبِيِّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قَالَ سَبْعَةٌ يُظِلُّهُمُ اللَّهُ فِي ظِلِّهِ يَوْمَ لَا ظِلَّ إِلَّا ظِلُّهُ الْإِمَامُ الْعَادِلُ وَشَابٌّ نَشَأَ فِي عِبَادَةِ اللَّهِ وَرَجُلٌ قَلْبُهُ مُعَلَّقٌ بِالمَسَاجِدِ وَرَجُلَانِ تَحَابَّا فِي اللَّهِ اجْتَمَعَا عَلَيْهِ وَتَفَرَّقَا عَلَيْهِ وَرَجُلٌ طَلَبَتْهُ امْرَأَةٌ ذَاتُ مَنْصِبٍ وَجَمَالٍ فَقَالَ إِنِّي أَخَافُ اللَّهَ وَرَجُلٌ تَصَدَّقَ بِصَدَقَةٍ فَأَخْفَاهَا حَتَّى لَا تَعْلَمَ شِمَالُهُ مَا تُنْفِقُ يَمِينُهُ وَرَجُلٌ ذَكَرَ اللَّهَ خَالِيًا فَفَاضَتْ عَيْنَاهُ 

Artosipun: "Saking Abu Hurairah saking Kanjeng Nabi, panjenenganipun dawuh: pitung wong ingkang bakal diayupi Gusti Allah nalikane ing dinane ora ono ayup-ayup kejobo ayup-ayupe Gusti Allah, yoiku: pemimpin adil, tiyang enom ingkang semangat ibadah marang Gusti Allah, tiyang jaler ingkang atine kumantel ingdalem masjid, tiyang jaler kaleh ingkang sami asih-asihan nalikane kepanggihan lan pisahan, tiyang jaler ingkang diundang wadon ayu ananging piyambake ajrih lan ngucap ingsun ajreh marang Gusti Allah, lan tiyang jaler ingkang rajin sedekah kelawan sembunyi nganti tangan kiwone mboten ngertos bilih tangan tengen sedekah, tiyang jaler ingkang zikir marang Gusti Allah hinggo mili air matane." (Muttafaq alaih)

Hadits meniko negesaken pentinge pimpinan ingkang adil, kranten saget mbeto kemakmuran lan tentrem ing tatanan masyarakat. Sewalikipun, pimpinan ingkang zalim namung badhe nggowo kerusakan lan kesengsaraan. 

Pramilo, monggo kita sami-sami ndedungo mugi-mugi para pimpinan kito ingkang nyeleweng, dzolim, mboten welas marang rakyate, inggal-inggal dipun paringi hidayah lan kebuka atine supados saged dados pimpinan ingkang adil lan amanah. Amin.

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِى الْقُرْاَنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاَياَتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. اَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ اِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

Khutbah II

الْحَمْدُ لله كَمَا يَجِبُ عَلَيْنَا مِنْ حَمْدِهِ وَتَعْظِيمِهِ، وَنَشْكُرُهُ سُبْحَانَهُ عَلَى إِحْسَانِهِ وَإِنْعَامِهِ وَتَكْرِيمِهِ. وَنَعُوْذُ بِهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا وَمِنْ نَزَغَاتِ الشَّيْطَانِ وَتَوْهِيمِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لا إله إلا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ شَهَادَةً مُبَرَّأَةً مِنَ الشِّرْكِ وَالشُّكُوكِ سَلِيْمَةً. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ الْمَخْصُوصُ مِنَ الرَّبِّ بِكَمَالِ قُرْبِهِ وَتَقْدِيمِه، اللهُمَّ صَلَّ وَسَلِّمْ عَلَى عَبْدِكَ وَرَسُولِكَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ اقْتَفَى شَرْعَهُ الْمُطَهَّرَ وَاتَّبَعَ مِلَّتَهُ الْقَوِيْمَة.

 أَمَّا بَعْدُ: فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا الله وَأَطِيعُوهُ. وَاعْلَمُوا أَنَّكُمْ غَدًا بَيْنَ يَدَيِ الله مَوْقُوْفُون . وَبِأَعْمَالِكُمْ مَجْزِيُّونَ ثُمَّ اعْلَمُوا أَنَّ اللهَ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَى أَمَرَكُمْ بَأَمْرٍ بَدَأَ فِيهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى فِيْهِ بِمَلَائِكَتِهِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِه وَثَلَّتَ بِكُمْ أَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنَ مِنْ جِنِّهِ وَإِنْسِهِ. فَقَالَ جَلَّ مِنْ قَائِلٍ عَلِيمًا إِنَّ اللهَ وَمَلائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيَّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلَّمُوا تَسْلِيمًا

اللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى عَبْدِكَ وَرَسُولِكَ مُحَمَّدٍ صَاحِبِ الْوَجْهِ الْأَنْوَارِ. وَالْجَبِيْنِ الأَزهَر. وَارْضَ اللَّهُمَّ عَنْ أَصْحَابِهِ أَبي بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلَيّ وَعَنْ سَائِرِ أَصْحَابِ نَبِيَّكَ أَجْمَعِيْنِ وَعَنِ التَّابِعِينَ وَتَابِعِ التَّابِعِيْنِ. وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانِ إِلَى يَوْمِ الدِّين . وَعَنا مَعَهُمْ بِمَنَّكَ وَكَرَمِكَ وَرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِين

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيْنَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَر


Editor: Muhammad Faizin
logo