Khutbah Idul Adha Bahasa Jawa: Hikmahipun Nyembeleh Kurban

Khutbah Idul Adha Bahasa Jawa: Hikmahipun Nyembeleh Kurban

Khutbah I

اللهُ أَكْبَرُ ٣×. اللهُ أَكْبَرُ ٣×. اللهُ أكبر ٣×. اَللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا، وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً .لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ. وَاللهُ أَكْبَرُ. اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ
 
الْحَمْدُ لِله الْعَلِيِّ الْعَظِيمِ، الْعَلِيمِ الْقَدِيرِ، الْحَلِيمِ الْحَكِيمِ؛ خَلَقَ الْخَلْقَ لِعِبَادَتِهِ، وَأَمْضَى فِيهِمْ قَدَرَهُ بِعِلْمِهِ وَحِكْمَتِهِ وَعَدْلِهِ وَرَحْمَتِهِ؛ فَلَا مَفَرَّ مِنْهُ إِلَّا إِلَيْهِ، وَلَا مَلْجَأَ مِنْهُ إِلَّا إِلَيْهِ، وَلَا مَعَاذَ إِلَّا مَعَاذُهُ، وَلَا حِمًى إِلَّا حِمَاهُ، وَهُوَ الْحَفِيظُ الْعَلِيمُ . أَشْهَدُ أن لاَّ إِلَهَ إِلاًّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ وأَشْهَدُ أنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اللهم صَلِّ وسَلِّمْ عَلَى سيدنا محمد وَعَلىَ آلِهِ وَأصْحَابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَآ أَيُّهَا المُؤْمِنُوْنَ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ قال الله تعالى في كتابه الكريم بسم الله الرحمن الرحيم، إِنَّا أَعْطَيْنَاكَ الْكَوْثَرَ ، فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْ ، إِنَّ شَانِئَكَ هُوَ الْأَبْتَرُ 

Maasyiral Muslimin rahimakumullah

Wonten wekdal enjing ingkang kebak berkah lan rahmat meniko, kita sedoyo sami kempal ing panggenan meniko dalam rangka njumenengaken sholat Idul Adha, sami girang seneng amergi riyoyo kurban.

Sepindah, monggo kito sareng-sareng ningkataken raos takwo dumateng Gusti Allah, takwo ingkang dipun buktiaken kaliyan ngelampahi sedoyo perintahipun lan nebihi sedoyo awisanipun kanti ikhlase penggalih serto ngajeng-ngajeng rohmat soho ridhonipun Gusti Allah SWT.

Kaping kalih, shalawat serto salam tansah keaturaken dumateng Kanjeng Nabi ingkang sampun paring tupo tulodo kesaenan lan nuduhaken kito marang dalan ingkang padang lan dipun trisnani Gusti Allah.

Nembe mawon kito ruku lan sujud minangko wujud taat dumateng Gusti Allah. Kito agungaken asmanipun Gusti Allah, kito kumandangaken takbir lan tahmid. Takbir ingkang kito ucapaken mboten namung obahe lambe tanpo arti. Ananing minangka pengakuan ingdalem manah, ingkang saget nggetaraken dateng manah tiyang ingkang sami iman dateng Allah.

إِنَّمَا الْمُؤْمِنُونَ الَّذِينَ إِذَا ذُكِرَ اللهُ وَجِلَتْ قُلُوبُهُمْ وَإِذَا تُلِيَتْ عَلَيْهِمْ آيَاتُهُ زَادَتْهُمْ إِيمَانًا وَعَلَىٰ رَبِّهِمْ يَتَوَكَّلُونَ 

Artosipun: "Saktemene kaum mukmin iku tiyang ingkang atine ndredeg nalikane dipun ilingaken (zikir) marang Allah lan imane soyo tambah nalikane diwacaaken ayat Al-Quran lan podo tawakkal marang Gusti Allah." (QS. Al-Anfal: 2)

Ayat meniko negesaken keagungane Gusti Allah. Mboten wonten ingkang patut dipun sembah sak lintunipun Allah. Pramilo wonten riyadin idul kurban kito sedoyo njungkung ibadah namung dumateng Gusti Allah.

Jamaah Idul Adha rahimakumullah

Bab Idul kurban meniko sampun disebataken wonten surat As-Shaffat ayat 102:

فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ السَّعْيَ قَالَ يَا بُنَيَّ إِنِّي أَرَىٰ فِي الْمَنَامِ أَنِّي أَذْبَحُكَ فَانظُرْ مَاذَا تَرَىٰ ۚ قَالَ يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ ۖ سَتَجِدُنِي إِن شَاءَ اللَّهُ مِنَ الصَّابِرِينَ

Artosipun : "Semangsane putrane Nabi Ibrahim sampun ageng, Nabi Ibrahim dawuh marang putrane: Hei anakku! Saktemene ingsun ngimpi ingdalem jerone turu, ingsun nyembelih siro, mongko koyo opo penemu siro?, Nabi Ismail jawab: Duh, bopo ingsun. Panjenengan laksanaaken nopo ingkang diperintahaken Gusti Allah. InsyaAllah panjenengan ningali kulo kalebet golongane tiyang-tiyang sabar."

Wonten tafsir Ibnu Katsir dipun jelasaken bilih maksudipun sampun ageng niku tegese sampun saget tindakan lan miyos kaliyan Nabi Ibrahim. Lajeng ngimpi teng ayat mriku tegese pikantuk wahyu, amergi impen poro Nabi niku sejatine wahyu.

Lajeng miturut Quraish Shihab wonten tafsir Al-Misbah dipun tegesaken sampun ageng niku yugo ingkang ageng. Nalikane beranjak dewasa lan pantes pados nafkah, Nabi Ibrâhîm diuji kaliyan mimpi. Piyambake dawuh, "Hei, anak ingsun, ingdalem turu ingsun mimpi arupi wahyu saking Gusti Allah ingkang ngutus ingsun nyembelih siro. Koyok opo pendapat siro?" Anak saleh iku jawab, "Duh, bopo ingsun, laksanakaken perintahe Gusti Allah. Insya Allah panjenengan nyumerapi kulo kalebet tiyang sabar."

Hadirin Jamaah Idul Adha rahimakumullah

Ayat meniko paring pelajaran penting lan hikmah dumateng kito sedoyo, ing antawisipun pertama, Nabi Ibrahim nalikane dipun uji keimanane supados nyembelih putrane, piyambaipun sabar lan ikhlas, padahal putrane niku putra kebanggaan ingkang disayang. Ananging Nabi Ibrahim ikhlas kaliyan perintahipun Gusti Allah.

Kaping kalih, Nabi Ibrahim tanglet marang yugone rumiyen sakderenge nyembelih. Keranten Nabi Ibrahim ngersaaken mirengaken pendapat putrane. Kados pundi nyikapi ujian meniko. Niki sami kaliyan paring piwulang marang kito supados mirengaken pendapat putra putri. Ampun ngantos sakkarepe piyambak.

Kaping tigo, Nabi Ibrahim paring tupo tulodo supados sabar lan rido kaliyan perintahe Gusti Allah. Ampun ngantos kito mbangkang lan ngelanggar perintah. 

Kaping sekawan, Nabi Ibrahim paring piwulang dumateng kito supados nyembelih raos ego, keakuan, kepemilikan. Kito dipun ajari kedah imut bilih sedoyo ciptaan niku nggadahe Gusti Allah lan bakal dipun pundut Gusti Allah.

Lajeng wonten akhir kisah, sakderenge lading ingkang sampun landep nempel ing gulu putrane, dumada'an Gusti Allah ngganteni kaliyan mendo lemu kagem disembelih dados hewan kurban. 

Jamaah Idul Adha ingkang minulyo

Kejadian nyembelih hewan kurban meniko ugi ngemutaken dateng kito supados neladani perjuanganipun Kanjeng Nabi Ibrahim. Sikap tabah lan teguhipun ingdalem nglampahi perintah Allah, andadosaken Nabi Ibrahim panutan umat Islam sepanjang zaman.

Dawuhipun Gusti Allah wonten Al-Qur'an :

قَدْ كَانَتْ لَكُمْ أُسْوَةٌ حَسَنَةٌ فِىٓ إِبْرَٰهِيمَ وَٱلَّذِينَ مَعَهُ

Artosipun: "Sak temene wis ono suri tauladan kang apik kanggo sliramu ing dalem pribadine Nabi Ibrahim lan wong-wong kang bareng-bareng melu Ibrahim," (QS. Al-Mumtahanah : 4)

Wonten zaman sak meniko, pengorbanan Nabi Ibrahim kasebat saget kito wujudaken ing macem-macem bentuk ibadah. Misalipun ibadah haji niku pengorbanan kagem tiyang ingkang sampun mampu (istito’ah). Ugi ibadah nyembelih hewan kurban niku pengorbanan kagem tiyang Islam ingkang kagungan kecukupan bondo.

Saking meniko, kito kedah terus-menerus wujudaken kisah keteguhan, ketaatan lan ketabahanipun Nabi Ibrahim wonten zaman kito gesang meniko.

Kisah ketabahan lan keikhlasan Nabi Ibrahim kasebat saget kito wujudaken arupi kerelaan kito berbagi kebahagiaan kaliyan poro tetanggi, lingkungan lan sederek-sederek umat Islam lintunipun. 

Pramilo, kulo ngajak dateng diri kulo piyambak lan ugi dateng hadirin sekalian supados istiqomah sujud wonten ngarsonipun Gusti Allah. Kito nyembelih lan berbagi daging kurban niku minongko mbuang raos ego, kepemilikan lan sombong ingkang saget nebihaken kita saking rahmatipun Allah. 

Mugi-mugi Gusti Allah ngapuro sedoyo dosa kito lan nglimpahaken sedoyo kasih sayangipun dateng kito, sehinggo sedoyo hajat kito dipun cukupi kaliyan Gusti Allah, supados kita saget mengabdi lan beribadah dateng Allah kanti langkung sempurna. Amin Allahumma Amin.

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ ونفعني وإياكم بما فيه من الآيات والذكر الحكيم وَتَقَبَّلْ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاوَتَهُ اِنّهُ هُوَ السَّمِيْعُ اْلعَلِيْمُ فاستغفروا الله العظيم إنه هو الغفور الرحيم 

Khutbah II

اللهُ أَكْبَرُ. اللهُ أَكْبَرُ. اللهُ أَكْبَرُ. اللهُ أَكْبَرُ. اللهُ أَكْبَرُ. اللهُ أَكْبَرُ. اللهُ أَكْبَرُ

اللهُ اَكْبَرْ كبيرا وَاْلحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ الله بُكْرَةً وَ أَصْيْلاً لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ  اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ وَللهِ اْلحَمْدُ

اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ اِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَاَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى اِلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَِثيْرًا. اَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهّ اَمَرَكُمْ بِاَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى اِنَّ اللهَ
 وَمَلآ ئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِىٍّ وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ 

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآء مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ اَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ

اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

عِبَادَاللهِ ! اِنَّ اللهَ يَأْمُرُبِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوااللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُاللهِ اَكْبَرْ


Editor: Muhammad Faizin
logo