Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Ngawiti Poso Romadhon Kanti Bener

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Ngawiti Poso Romadhon Kanti Bener

Khutbah I

الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِأَنْفُسِناَ وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا. مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَمَنْ لَمْ يَجْعَلِ اللهُ لَهُ نُوْرًا فَمَا لَهُ مِنْ نُوْرٍ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. أَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحُمَّدٍ وَعَلىَ آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ يَوْمِ الدِّيْنِ.

أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ اْلمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ كِتَابِهِ الْكَرِيْم، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ. يَا أَيُّهَا الّذين آمنوا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ


Hadirin jamaah Jumat rahimakumullah

Wonten Jumat meniko, monggo kito sami takwo lan ajrih dumateng Gusti Allah, wonten ing panggenan pundi kemawon kawontenan kito, rame utawi sepi, kanti ikhlas, bener lan tansah nindakaken sedoyo perintah lan nebihi sedoyo awisanipun. 

Gusti Allah dawuh:

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَكُوْنُوْا مَعَ الصّٰدِقِيْنَ 

Artosipun : "Hei wong-wong podo iman, takwaho siro kabeh marang Gusti Allah lan tetep serawungo sertane wong-wong kang bener" (QS At-Taubah: 119)

Shalawat serto salam mugi keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad ingkang sampun paring tupo tulodo kesaenan lan nuduhaken marang dalan ingkang padang lan dipun trisnani Gusti Allah. Amergi Gusti Allah dawuh:

قُلْ إِن كُنتُمْ تُحِبُّونَ اللَّهَ فَاتَّبِعُونِي يُحْبِبْكُمُ اللَّهُ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ ۗ وَاللَّهُ غَفُورٌ رَّحِيمٌ

Artosipun: "Ngucapo siro (Muhammad marang kaum), lamun siro kabeh trisno marang Allah, lajeng ngenut siro kabeh marang ingsun, mongko Allah trisno marang siro kabeh lan ngapuro duso siro kabeh, Gusti Allah iku dzat akeh ngapuro lan welas asihe" (QS Ali Imran: 31)

Hadirin jamaah Jumat rahimakumullah

Sekedap maleh kito sampun bade mlebet wulan Ramadhan ingkang sampun pesti katah kesaenan ingkang saget dipun pundut. Setunggale ayat Qur'an negesaken bilih poso niku setunggale ibadah ingkang sampun dangu, ingkang dipun tindaaken umat siyen. Gusti Allah dawuh:

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَۙ

Artosipun: "He wong-wong kang podo iman, diwajibake tumrap siro kabeh poso kang wis diwajibake tumrap wong kang sakdurunge siro, supoyo siro bertaqwa." (QS Al-Baqarah 183)
 
Ayat meniko ngimutaken dateng kito sedoyo ingkang sampun biasa ngelampahi poso wulan Ramadan supados ampun ngantos poso kito namung ngempet dahar lan ngunjuk kemawon, nanging kedah poso temen, ikhlas, bener, sehinggo tambah kuat raos takwane dumateng Gusti Allah.

Lajeng kados pundi maksude poso kanti bener?

Hadirin jamaah Jumat rahimakumullah 

Wonten tafsir Sa’diy dipun jelasaken poso kanti bener niku bener ingdalem tindak lampah, penggalih lan pengucape. Tegese mboten bade ngapusi, ghibah, sesatru, adu-adu, ngersulo, mboten ikhlas. Amergi katah tiyang ingkang poso mboten bener akhire namung angsal ngelak lan luwe mawon.

Setunggale hadis ndawuhaken:

عَنْ أَبِي هريرة قَالَ رَسُوْلُ اللهِ صَلَّي اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ رُبَّ صَائِمٍ لَيْسَ لَهُ مِنْ صِيَامِهِ إَّلا الْجُوْعِ وَرُبَّ قَائِمٍ لَيْسَ لَهُ مِنْ قِيَامِهِ إِلَّا السَّهَر 

Artosipun: "Dipun riwayataken saking Abu Hurairah, Kanjeng Nabi dawuh, pirang-pirang wong poso ora oleh ganjaran, kejobo luwe lan ngelak. Pirang-pirang wong sholat wengi ora oleh ganjaran, kejobo ngelilir wengi mawon" (HR An-Nasai).

Dawuh niki mertelaaken bilih poso punika mboten namung ngempet ngelak lan luwe, ananging ugi nggulo wentah jasmani lan ruhani. 

Tegese kelawan poso Romadon kito kedah ngelatih sabar, lan ngempet sedoyo kekarepan keenakan ingkang saget nyebabaken duso ingkang dados kesenengane howo nafsu. 

Pramilo poso Romadon kito ampun ngantos namung ngeker mulut saking perkawis ingkang dipun dahar kimawon, ananging ingkang langkung penting nggih meniko njogo mulut saking ucapan ingkang awon, kados guneman olo, ghibah, adu-adu lan goroh.
 
Tetenger poso kanti bener ugi saget ditingali saking kados pundi kito ngatahaken njungkung ibadah sunnah, kados shalat tarawih, tadarus Al Qur’an, pengaosan kitab, mekaten ugi amal sosial, kados ngatahaken shadaqah, silaturrahim, ngabekti dateng tiyang sepuh, welas asih dateng sederek lan sanesipun, ingkang sedoyo wau saget kita raosaken, saget meningkat ketimbang wekdal sanesipun wulan Ramadhan.

Hadirin jamaah Jumat rahimakumullah

Wonten setunggal perkawis ingkang penting sanget ingdalem bab poso, nggih meniko daharan lan unjukan kedah halal. Kito kedah atos-atos nalikane bade buko lan saur, ugi waspodo saking pundi daharan niku. Menawi tumbas, kedah ditingali riyen sinten tiyang ingkang nyade panganane.

Pramilo, tiyang ingkang poso Romadon kedah estu bener utawi halal ingdalem daharan, mulai saur ngantos buko, mulai wungu ngantos tilem. Kranten sedoyo niku menawi luput, bakal nukulaken duso lan nyiderani ganjarane poso.

Mugi-mugi kito sedoyo pikantuk pitulung saking Gusti Allah ingatase nindaaken kesaenan lan istiqamah ngelampahi ibadah poso Romadon kanti ikhlas, bener lan saget kalebet kawulane Gusti Allah ingkang mlebet suargo tanpo hisab. Amiin

أعوذ بالله من الشيطن الرجيم، بسم الله الرحمن الرحيم، وَالْعَصْرِ (1) إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ (2) إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ (3). بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَافِيْهِ مِنْ آيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ وَإِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ، وَأَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم

Khutbah II

اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا

أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا اللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ


Editor:
Al-Quran Digital

Khutbah Lainnya

Hadits Online

Terbaru Lainnya

logo