Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Perkawis kang Mudunaken Derajat Menungso

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Perkawis kang Mudunaken Derajat Menungso

Khutbah I

 الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي اكْرَمَ بَنِي آدَمَ عَلَى سَائِرِ الْمَخْلُوقَاتِ أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إلَّا اللَّهُ الَّذِي لَا مَعْبُودَ بِحِقٍّ فِي الْوُجُودِ إِلَّا إِيَّاهُ. وَاَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ الَّذِي بَعَثَهُ اللهُ لاُِ تَمِّمَ مَكَارِمَ الْأخْلَاقِ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ مَا دَامَتِ الاَرْضُ وَالسَّمَوَاتُ

أمَّا بَعْدُ : فَيَا عِبَادَ اللَّهِ أُوصِيكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللَّهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُونَ اعُوذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ. بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيمِ. وَلَقَدْ كَرَّمْنَا بَنِي آدَمَ وَحَمَلْنَاهُمْ فِي الْبَرِّ وَالْبَحْرِ وَرَزَقْناهُم مِنَ الطَّيِّبَاتِ وَفَضَّلْنَاهُمْ عَلَى كَثِيرٍ مِمَّنْ خَلَقْنَا تَفْضِيلاً. صَّدَقَ اللهُ الْعَظِيمُ

Poro sederek kaum muslimin rohimakumulloh

Monggo kito sami ningkatake takwo dumateng Gusti Allah kanti istiqomah ngelampahi perintahipun lan nebihi awisanipun ingdalem panggenan pundi kimawon. Amergi saking penggawe takwo meniko kito saget pikantuk rido lan pengapuro saking Gusti Allah.

Sholawat serto salam keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad, sahabat lan keluargone ingkang dados panutan kito ingdalem memahami agomo Islam. Kranten saking Kanjeng Nabi Muhammad, kito sedoyo saget neladani akhlaq mulyo lan pikantuk pituduhe tumuju marang dalan ingkang bener. Ugi, nderek ajarane Kanjeng Nabi minongko dados pertondo takwo marang Gusti Allah.

Monggo kito sami pados keslametan tumrap badan kito piyambak-piyambak, sagedo kito slamet wilujeng wiwit saking dunyo dumugi akhirat. Gusti Allah dawuh: 

تِلْكَ الْجَنَّةُ الَّتِي نُورِثُ مِنْ عِبَادِنَا مَنْ كَانَ تَقِيَّا . (مريم : ٦٣ )

Tegesipun: "Hiyo iku suwargo kang Ingsun cawisake kanggo poro kawulo Ingsun kang podo takwo." (QS. Maryam: 63)

Poro sederek Ingkang Minulyo

Selajengipun perlu kito mengertosi, bilih perjuanganipun Nabi kito Muhammad kapirang dados kaleh periode, inggih puniko, periode Makkah kaliyan periode Madinah.

Periode Madinah dangunipun 10 tahun. Wondene periode Makkah dangunipun 13 tahun. Wonten ing periode Makkah puniko, perjuangan Kanjeng Nabi dipun titik berataken dateng pasang pondasi aqidah tauhid, tegesipun nyawijiaken Alloh Swt, ugi berantas ideologi jahiliyah lan ideologi kemusyrikan.

Syirik puniko poro sederek, duso ingkang paling ageng. Ingkang boten bade nampi ampunan saking ngarso dalem Alloh Ta'ala. Milo langkung rumiyin kedah dipun berantas utawi dipun leresaken. Alloh dawuh mekaten surahosipun:

إِنَّ اللَّهَ لَا يَغْفِرُ أَنْ يُشْرَكَ بِهِ وَيَغْفِرُ مَا دُونَ ذَلِكَ لِمَنْ يَشَاءُ 

Tegesipun: "Saktemene Alloh iku ora bakal paring pengapuro menowo Panjenengane disekutuake, ananging Panjenengane kerso ngapuro duso kang sakliyane musyrik marang wongkang dikersaake." (QS. An-Nisa': 116)

Poro sederek kaum muslimin ingkang bahagio

Musyrik utawi nyekutuaken Alloh dateng makhlukipun, kejawi minongko duso ageng ingkang Alloh boten bade kerso ngampuni, syirik ugi sasar ingkang langkung sanget, ingkang dadosaken derajatipun manungso anjlok utawi asor.

Keranten sebab menopo poro sederek? Sebab sedoyo perkawis ingkang wujud wonten bumi langit meniko dipun percayaaken lan dipun serahaken kagem kito poro manungso, saperlu kangge sarana lan prasarana kemakmuran pagesanganipun umat manungso. Kersanipun kito saged gesang bahagia sejahtera ing dunyo dumugi ana ing akhirat.

Sedoyo kasebat nedahaken bilih Gusti Allah puniko ngangkat derajat serto muliaaken kito poro menungso. Dawuhipun Alloh Swt. mekaten:

وَلَقَدْ كَرَّمْنَا بَنِي آدَمَ وَحَمَلْناهُمْ فِي البَرِّ وَالْبَحْرِ وَرَزَقْناهُمْ مِنَ الطَّيِّبَاتِ وَفَضَّلْناهُمْ عَلَى كَثِيرٍ مِمَّنْ خَلَقْنَا تَفْضِيلاً . (الاسراء : ٧٠ )

Tegesipun: "Lan temen Ingsun wus mulyaake anak turune Adam, lan Ingsun wus nunggangake deweke ono ing tunggangan daratan lan segoro, lan Ingsun paring rezeki kang becik, serto wus ingsun utamaaken ngungkuli makhluk kang ingsun titahaken" (Al-Isro:70)

Poro sederek jamaah Jumat ingkang minulyo

Ananging menawi kito poro manungso ingkang dipun angkat lan dipun mulyaaken dening Alloh Ta'ala ngelangkungi makhluk sanesipun, selajeng tekuk lutut nyembah serto muji-muji dateng sanesipun Alloh Swt., meniko ingkang dipun wastani: "Alloh Ta'ala Ngangkat lan Ngedunake derajate manungso". Lan kalebet kezholiman ingkang ageng, sasar ingkang sanget tebihipun, ugi dados duso ingkang ageng, ingkang mboten bade nampi ampunan saking Alloh Ta'ala.

Alloh dawuh wonten surat Hajj 31:

وَمَنْ يُشْرِكْ بِاللَّهِ فَكَاَ نَّمَا خَرَّ مِنَ السَّمَاءِ فَتَخْطَفُهُ الطَّيْرُ أَوْ تَهْوِى بِهِ الرِّيحُ فِي مَكَانٍ سَحِيقٍ . 

Tegesipun: "Dene sopo kang musyrikake Alloh, mesti sangsoro koyo dene wong kang kajungkel soko langit banjur disamber manuk, utowo ditiup angin kulon kang gede, tiniboaken ono ing panggonan kang adoh banget."

Pramilo, monggo kito nyuwun marang Gusti Allah supados dipun tebihaken saking penggawe syirik, sombong ingkang nyebabaken derajat kito asor lan ino.

جَعَلْنَا اللَّهُ وَإِيَّاكُمْ مِنَ الْفَائِزِينَ الأمِنِيْنَ وَاَدْخَلَنَا وَإِيَّاكُمْ فِي زُمْرَةِ عِبَادِهِ الصَّالِحِينَ . اَعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيمِ 

الَّذِينَ آمَنُوا وَلَمْ يَلْبِسُوا إِيمَانَهُم بِظُلْمٍ أُولَٰئِكَ لَهُمُ الْأَمْنُ وَهُم مُّهْتَدُونَ  . وَقُلْ رَبِّ اغْفِرُ وَارْحَمْ وَانْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِينَ .

Khutbah II

اَلحَمْدُ للهِ حَمْدًا كَمَا اَمَرَ. وَأَشْهَدُ اَنْ لَّا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ إِرغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ الخَلاَئِقِ وَالبَشَرِ. اَللَّهُمُّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ مَا اتَّصَلَتْ عَيْنٌ بِنَظَرٍ وَاُذُنٌ بِخَبَرٍ ,

أَمَّا بَعْدُ: فَيَا َعِبادَ الله إِتَّقُوْا اللهَ تَعَالَى وَذَرُوْا الفَوَاخِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بطَنَ وَحَافِظُوْا عَلَى الطَّاعَةِ وَخُضُوْرِ الجُمُعَةِ وَالجَمَاعَةِ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ  فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلاَئِكَةِ المُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ، فَقَالَ تَعَالىَ وَلَمْ يَزَلْ قَائِلاً عَلِيْمًا إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَااَيَّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وِسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَصَحْبِهِ أَجمَعِيْنَ, اَللَّهُمَّ وَارْضَ عَنِ الخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ الَّذِيْنَ قَضَوْا بِالحَقِّ وَكَانُوْا بِهِ يَعْدِلُوْنَ سَادَاتِنَا أَبِى بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِيٍّ وَعَنْ سَائِرِ أَصْحَابِ نَبِيِّكَ أَجْمَعِيْنَ وَعَنِ التَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
 
اللَهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمُسلِمَاتِ وَالمُؤْمِنِينَ وَالمُؤْمِنَاتِ اَلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ أَعِزَّ الإِسْلاَمَ وَالمُسْلِمِيْنَ وَأَعْلِ كَلِمَتَكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, اَللَّهُمَّ انْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ المُسْلِمِيْنَ. اَللَّهُمَّ أَهلِكِ اليَهُوْدَ وَالنَّصَارَى وَالْكَفَرَةَ وَالْمُشْرِكِيْنَ. اَللَّهُمَّ اَمِنَّا فِى دُوْرِنَا وَأَصْلِحْ وُلاَةَ أُمَوْرِنَا وَاجْعَلِ اللَّهُمَّ وِلاَيَتَنَا فِيْمَنْ خَافَكَ وَاتَّقَاكَ. اَللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الغَلاَءَ وَالوَبَاءَ والرِّبَا وَالزِّنَا وَالزَّلاَزِلَ وَالْمِحَنَ وَسُوْءَ الفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بِلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلاَدِ المُسلِمِينَ العَامَّةً يَارَبَّ العَالَمِينَ  رَبَّنَا آَتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

عِبادَ الله ! إِنَّ اللهَ يَأمُرُ بِالعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِى القُربَى وَيَنْهَى عَنِ الفَخْشَاءِ وَالمُنْكَرِ وَالبَغْيِ يَعِظُكُم لَعَلَّكُم تَذَكَّرُوْنَ, فَاذْكُرُوْا اللهَ العَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ واشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكبَرُ


Editor:
Al-Quran Digital

Khutbah Lainnya

Hadits Online

Terbaru Lainnya

logo