Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Dunyo Panggonane Mampir Sekedap lan Nandur Amal

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Dunyo Panggonane Mampir Sekedap lan Nandur Amal

Khutbah I

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي اكْرَمَ بَنِي آدَمَ عَلَى سَائِرِ الْمَخْلُوقَاتِ أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إلَّا الله الَّذِي لَا مَعْبُودَ بِحِقٍّ فِي الْوُجُودِ إِلَّا إِيَّاهُ. وَاَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ الَّذِي بَعَثَهُ اللهُ لاُِ تَمِّمَ مَكَارِمَ الْأخْلَاقِ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ مَا دَامَتِ الاَرْضُ وَالسَّمَوَاتُ. أمَّا بَعْدُ : فَيَا عِبَادَ الله أُوصِيكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى الله فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُونَ . بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيمِ. وَلَقَدْ كَرَّمْنَا بَنِي آدَمَ وَحَمَلْنَاهُمْ فِي الْبَرِّ وَالْبَحْرِ وَرَزَقْناهُم مِنَ الطَّيِّبَاتِ وَفَضَّلْنَاهُمْ عَلَى كَثِيرٍ مِمَّنْ خَلَقْنَا تَفْضِيلاً

Maasyiral Muslimin rahimakumullah

Wonten ing dinten Jumat ingkang penuh berkah menika, sepindah, kulo ngajak dhateng panjenengan sedoyo supados tansah ningkataken ketakwaan dumateng Gusti Allah kanti ngelampahi sedoyo perintahipun lan nebihi sedoyo laranganipun. Amargi namung kanti kelawan takwo, menungsa saged pikantuk rohmat lan pangapunten saking Gusti Allah.

Takwo sejati puniko ingkang dipun dawuhaken wonten ing Al-Qur’an, yoiku raos takwo, ajrih marang Gusti Allah ngantos tekaning pati. Gusti Allah sampun ngendika:

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا الله حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ

Tegesipun: “He wong-wong sing podo iman, podo wediyo marang Gusti Allah kanti temenan, lan ojo nganti podo mati kejobo ingdalem kondisi Islam.” (Ali-Imran: 102)

Kaping pindo, kulo ngajak panjenengan sedoyo ngucap sholawat saha salam dumateng junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad ﷺ: Allahumma shalli wa sallim ‘ala sayyidina Muhammad wa ‘ala ali sayyidina Muhammad.

Ngucap sholawat puniko wigati sanget, amargi Kanjeng Nabi Muhammad minangka manungsa ingkang sampurna kedadeyan lan akhlakipun, saha sampun nuntun kita bab iman, Islam, lan ihsan. Pramila, kito sedaya kedah nderek piwulangipun lan nyekel ajaranipun kanti temenan.

Jamaah Jumat ingkang minulyo

Sakniki kito sami gesang wonten jaman modern ingkang kebak kemewahan, hedonis lan sifat materialistis. Katah menungso keseret dining urusan dunyo, sedoyo diukur nganggo bondo dunyo, ngantos pikiranipun tansah kepincut kesenengan dunyo.

Nanging kedah dipun iling-iling, dunyo punika namung panggenan mampir, sanes panggenan langgeng. Dunyo puniko panggonan dolanan lan guyonan. Gusti Allah sampun ngendiko:

وَمَا هٰذِهِ الْحَيٰوةُ الدُّنْيَآ اِلَّا لَهْوٌ وَّلَعِبٌۗ وَاِنَّ الدَّارَ الْاٰخِرَةَ لَهِيَ الْحَيَوَانُۘ لَوْ كَانُوْا يَعْلَمُوْنَ

Tegesipun: "Urip ing dunyo puniko namung dolanan lan guyonan, dene urip ing akhirat puniko urip sejati, lamun  podo mangertosi.” (Al-Ankabut: 64)

Wonten ing Tafsir Baghawi dipun terangake bilih "lahwun" niku tegese seneng-seneng karo nikmat dunyo, lajeng dene "la’ibun" niku tegese dolanan. 

Sedoyo punika bakale muspro lan ora langgeng. Mulo gesang ing dunyo niku kados fatamorgana, sing nyenengake nanging bakal sirno. Tiyang ingkang ngejar nikmate dunyo lan ngumpulake bondo, pungkasane mung bakal getunan. 

Hadirin ingkang dipun rahmati Allah

Miturut dawuh Nabi Muhammad SAW nalikane paring pitutur dumateng Ibnu Umar:

كُنْ فِي الدُّنْيَا كَأَنَّكَ غَرِيبٌ أَوْ عَابِرُ سَبِيلٍ

Tegesipun: “Uripo siro ing dunya koyo wong asing utowo wong sing mung mampir ngumbara.”

Lajeng wonten dawuh lintu, Ibnu Umar piyambak ngendika: “Yen kowé wis mlebu sore, ojo ngenteni isuk. Yen wis mlebu isuk, ojo ngenteni sore. Gunaakake mongso sehatmu sadurunge lara, lan uripmu sadurunge mati.” (HR. Bukhari)

Soko dawuh punika, kita dipun wulang supados ojo kepincut kesenengan dunya lan iling bilih dunyo niku panggonan mampir sekedap. Kito kedah nggunaaken wektu gesang ing dunyo ingkang cekak niki kanggo ngumpulake amal sholeh minongko dados sangu gesang ing akhirat mbenjang. 

Mugi-mugi kito sedoyo kalebet umat Kanjeng Nabi Muhammad ingkang tansah iling lan nggadah semangat ngatahaken amal ibadah, nandur kesaenan wonten dunyo, sehinggo mbenjang wonten akherat saget panen ganjaran.

Kanjeng Nabi sampun dawuh:

 مَنْ أَحَبَّ دُنْيَاهُ أَضَرَّ بِآخِرَتِهِ، وَمَنْ أَحَبَّ آخِرَتَهُ أَضَرَّ بِدُنْيَاهُ، فَآثِرُوْا مَا يَبْقَى عَلَى مَا يَفْنَى .

Artosipun: "Sopo wonge luwih demen marang dunyone, mongko wong iku mlarataken kelawan akhirote, lan sopo wonge kang luwih demen marang akhirate, mongko wong iku mlarataken marang dunyone, pramilo podo ndisikno siro kabeh marang perkoro kang langgeng/akhirat, ketimbang perkoro kang cepet sirno/dunyo." (HR. Ahmad)

Pramilo, monggo sareng-sareng nyuwun marang Gusti Allah supados diparingi pitulung, tansah waspodo ngadepi gudone dunyo. Mugi-mugi kito sedoyo tansah angsal pitulung saking Gusti Allah lan saget diparingi kekuatan ngelampahi pagesangan meniko. Amin

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرآنِ العَظِيمِ، وَنَفَعَنَا وَإِيَّاكُمْ بِالْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ، إِنَّهُ تَعَالَى جَوَادٌ كَرِيمُ، مَلِكُ بَرُّ رَؤُوفٌ رَحِيمٌ   وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِينَ.

Khutbah II

 اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا كَمَا أَمَرَ، أَشْهَدُ أَنْ لَااِلَهَ اِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، اِلَهٌ لَمْ يَزَلْ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ وَكِيْلًا. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَحَبِيْبُهُ وَخَلِيْلُهُ، أَكْرَمُ الْأَوَّلِيْنَ وَالْأَخِرِيْنَ، اَلْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلىَ أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ كَانَ لَهُمْ مِنَ التَّابِعِيْنَ، صَلَاةً دَائِمَةً بِدَوَامِ السَّمَوَاتِ وَالْأَرْضِيْنَ 

أَمَّا بَعْدُ: فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ اتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَذَرُوْا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ. وَحَافِظُوْا عَلَى الطَّاعَةِ وَحُضُوْرِ الْجُمْعَةِ وَالْجَمَاعَةِ وَالصَّوْمِ وَجَمِيْعِ الْمَأْمُوْرَاتِ وَالْوَاجِبَاتِ وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ بِنَفْسِهِ. وَثَنَى بِمَلَائِكَةِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ. إِنَّ اللَّهَ وَمَلائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيماً، اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وِالْأَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَةً، اِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْر. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

عِبَادَ اللهِ، اِنَّ اللهَ يَأْمُرُبِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَاِيْتَاءِ ذِيْ الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوْا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرُكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ


Editor:
Al-Quran Digital

Khutbah Lainnya

Hadits Online

Terbaru Lainnya

logo