Khutbah I
الحمدُ لله حمدًا كثيرًا طيبًا مُبارَكًا فيه كما يُحبُّ رَبُّنا ويَرْضَى، وأشهدُ أن لا إله إلا الله وَحْدَه لَا شَرِيْكَ لَهُ عَظِيمٌ في رُبُوبيَّته وَاُلُوْهِيَّتِهِ وَأَسْمَائِهِ وَصِفَاتِهِ، حَكيمٌ في مَقَادِيرِهِ وَأَحْكَامِهِ، وأشهدُ أنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ ورَسُوْلُهُ. اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ، وعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ، وَالتَّابِعِينَ لَهُمْ بإحْسِانٍ إِلَى يَوْمِ لِقَائِهِ. أَمَّا بَعْدُ: فَيَاأيُّهَا الإِخْوَان، أوْصِيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ، قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الَّشيْطَانِ الرَّجِيْم، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا الله وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ الله وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا
Maasyiral Muslimin rahimakumullah,
Monggo kito sami ningkataken katakwaan dumateng Gusti Allah kanthi tetep istiqomah nglampahi dawuh-dawuhipun lan nebihi sedoyo laranganipun, ing papan lan wekdal pundi kemawon. Awit saking tekad takwa punika, mugi kito pinaringan ridho saha pangapunten saking Gusti Allah.
Sholawat soho salam katur dumateng Kanjeng Nabi Muhammad, soho poro sahabat lan keluarganipun ingkang dados piwulang lan tuladha kang utama tumrap kito sedoyo ing ngudi pangertosan agami Islam. Awit saking dakwah lan piwulangipun, kita saged pikantuk ilmu bab akhlaq kang mulya sarta pikantuk pituduh marang dalan kang bener. Mulo, ngelaksanaaken piwulang Kanjeng Nabi puniko minangka pertanda ketakwaan dumateng Gusti Allah.
Gusti Allah dawuh:
يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
Artosipun: "Hei wongkang podo iman, takwoho siro kabeh marang Gusti Allah kelawan takwo tenanan, lan ojo podo mati siro kabeh kejobo podo mlebu Islam." (QS Ali Imran: 102)
Wonten tafsir Ibnu Katsir dipun jelasaken maksud takwo tenanan nggih meniko penggawe taat, ajrih dumateng Gusti Allah lan mboten bade maksiat, mboten bade kufur nikmat, lan mboten bade supe marang Gusti Allah.
Maasyiral Muslimin rahimakumullah,
Sakmangke sampun mlebet separoh wulan Syaban, lan bade mlebet wulan Ramadhan. Wekdal meniko tepat kangge ningkataken sregep maos Al-Qur’an, nopo maleh maos Al-Quran niku kalebet ibadah paling mulyo ngungkuli ibadah lintune, kados ingkang dipun sebutaken wonten riwayat Baihaqi:
قَالَ رَسُولُ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: أَفْضَلُ عِبَادَةِ أُمَّتِي قِرَاءَةُ الْقُرْآنِ
Artosipun: "Sak apik-apike ibadahe umat ingsun yoiku maos Al-Quran," (HR. Al-Baihaqi).
Dawuh meniko negesaken bilih maos Al-Qur'an niku setunggale ibadah ingkang paling mulyo, amergi katah amal ibadah lan amal kesaenan dipun sebataken wonten Al-Qur'an, kados wajibe sholat, dungo tasbih lan waosane tiyang ingkang sholat niku mundut saking Al-Qur'an, tegese kedah maos Al-Qur'an arupi surat Al-Fatihah. Menawi mboten maos Al-Fatihah, sholate batal.
Wonten setunggal keterangan saking riwayat Abu Dawud bilih Kanjeng Nabi Muhammad paring gambaran bilih wong mukmin ingkang tansah maos Al-Qur’an punika kados woh-wohan ingkang ambuné wangi lan rasane manis njobo njero. Déné wong mukmin ingkang mboten remen maos Al-Qur’an, dipun upamakakên kados woh ingkang manis nanging boten ambu, tegese namun njobo kemawon.
Lajeng wonten setunggal hadits ingkang dipun riwayataken Abdullah bin Mas’ud dipun sebataken:
قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: مَنْ قَرَأَ حَرْفًا مِنْ كِتَابِ اللَّهِ فَلَهُ بِهِ حَسَنَةٌ، وَالحَسَنَةُ بِعَشْرِ أَمْثَالِهَا، لَا أَقُولُ ألم حَرْفٌ، وَلَكِنْ أَلِفٌ حَرْفٌ وَلَامٌ حَرْفٌ وَمِيمٌ حَرْفٌ
Artosipun: "Kanjeng Nabi dawuh, sopo wonge maos setunggal huruf saking Al-Qur'an, mongko bakal pikantuk setunggal kesaenan, lan setunggal kesaenan niki dipun tikelaken kelawan sedoso kesaeanan ingkang madani. Tegese ingsun ora maos Alif Lam Mim setunggal huruf, ananging alif niku setunggal huruf, lam setunggal huruf, mim setunggal huruf," (HR. Tirmidzi)
Dawuh niki negesaken bilih saben huruf wonten Al-Qur'an nggadah kesaenan ingkang ageng. Saking meniko menawi saben huruf nggadah ganjaran ageng, mongko total sedoyo ganjarane tumpo-tumpo lan mboten saget kaitung amergi katah sanget. Nopo maleh istiqomah dipun waos ing panggenan mulyo kados masjid, pondokan.
Setunggale hadits dawuhaken:
عَن أَبِي هُرَيْرَةَ عَن النَّبِيِّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قَالَ مَا اجْتَمَعَ قَوْمٌ فِي بَيْتٍ مِنْ بُيُوتِ اللَّهِ تَعَالَى يَتْلُوْنَ كِتَابَ اللَّهِ ويَتَدَارَسُونَهُ بَيْنَهُمْ إِلَّا نَزَلَتْ عَلَيْهِمُ السَّكِيْنَةُ وَغَشِيَتْهُمُ الرَّحْمَةُ وَحَفَّتْهُمُ الْمَلَائِكَةُ وَذَكَرَهُمُ اللَّهُ فِيمَنْ عِنْدَهُ
Artosipun: "Dipun riwayataken saking Abu Hurairah, saking Kanjeng Nabi Muhammad, panjenenganipun dawuh: Ora ono kelompok siji ingkang kumpul-kumpul ingdalem omah saking piro-piro omahe Gusti Allah (masjid, pondokan) kanti maos Al-Qur'an lan podo sinau, kejobo Gusti Allah paring ketentreman lan ngemuli kelawan rahmat lan dirubungi poro malaikat, lan asmone dipun sebut kaliyan Gusti Allah ono sanding malaikat."
Jamaah Jumat ingkang dipun rohmati Allah,
Kautamaane maos Al-Qur'an niku mboten namung paring kesaenan dumateng tiyang ingkang maos mawon, ananging tiyang ingkang mirengaken nggih pikantuk kesaenan. Kanjeng Nabi Muhammad dawuh:
مَنِ اسْتَمَعَ إِلَى آيَةٍ مِنْ كِتَابِ اللَّهِ عَزَّ وَجَلَّ، كُتِبَ لَهُ حَسَنَةٌ مُضَاعَفَةٌ، وَمَنْ تَلَاهَا كَانَتْ لَهُ نُورًا يَوْمَ الْقِيَامَةِ
Artosipun: "Sopo wonge aweh pengrungu maring siji ayat saking Al-Qur'an, mongko bakal kecatet kesaenan tumpo-tumpo, lan sopo wonge maos ayat Al-Qur'an, mongko bakal pikantuk pepadang (cahaya) wonten dino kiamat." (Musnad Ahmad).
Pramilo, Sayyid Bakri bin Muhammad Syatha Ad-Dimyathi wonten kitab Kifayatul Atqiya wa Minhajul Ashfiya dawuh:
تِلاَوَةُ القُرآنِ العَظِيْمِ مِنْ أفضَلِ العِبادَاتِ وأعْظَمِ القُرُباتِ وأجَلِّ الطاعاتِ وَفيْهَا أجْرٌ عَظِيمٌ وثَوَابٌ كَرِيْمٌ
Artosipun: "Maos Al-Qur’an niku minongko dados salah setunggale ibadah paling unggul lan penggawe taqarrub paling agung lan penggawe taat paling luhur, lan saget pikantuk ganjaran mulyo."
Sinaoso mekaten, ampun ngantos kito supe kaliyan tata kramane maos Al-Qur'an, kados suci awake, panggenane, ngadep kiblat, nutup aurat, ndredeg nalikane maos ayat ingkang mertelaaken sikso lan bungah nalikane maos ayat ingkang mertelaaken nikmate Gusti Allah.
Pramilo, saking khutbah meniko, monggo kito sami nyuwun dumateng Gusti Allah supados diparingi istiqomah maos Al-Qur'an, cancut taliwondo taqarrub marang Gusti Allah, angen-angen maknone ayat Al-Qur'an, sehinggo wonten wulan Syaban ngantos akhir Ramadhan tetap semangat sehinggo kelabet tiyang ingkang cinta Al-Qur'an. Amiin.
ﺃﻋﻮﺫ ﺑﺎﻟﻠﻪ ﻣﻦ ﺍﻟﺸﻴﻄﺎﻥ ﺍﻟﺮﺟﻴﻢ ﺑﺴﻢ ﺍﻟﻠﻪ ﺍﻟﺮﺣﻤﻦ ﺍﻟﺮﺣﻴﻢ: والعَصْرِ، إِنَّ ٱلْإِنسَٰنَ لَفِى خُسْرٍ ، إِلَّا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوا وَعَمِلُوا ٱلصَّٰلِحَٰتِ وَتَوَاصَوْا بِٱلْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِٱلصَّبْرِ
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِى الْقُرْاَنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاَياَتِ وَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. اَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ اِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Khutbah II
اَلحَمْدُ للهِ حَمْدًا كَمَا اَمَرَ. وَأَشْهَدُ اَنْ لَّا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ إِرغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ الخَلاَئِقِ وَالبَشَرِ. اَللَّهُمُّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ مَا اتَّصَلَتْ عَيْنٌ بِنَظَرٍ وَاُذُنٌ بِخَبَرٍ ,
أَمَّا بَعْدُ: فَيَا َعِبادَ الله إِتَّقُوْا اللهَ تَعَالَى وَذَرُوْا الفَوَاخِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بطَنَ وَحَافِظُوْا عَلَى الطَّاعَةِ وَخُضُوْرِ الجُمُعَةِ وَالجَمَاعَةِ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلاَئِكَةِ المُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ، فَقَالَ تَعَالىَ وَلَمْ يَزَلْ قَائِلاً عَلِيْمًا إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَااَيَّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وِسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَصَحْبِهِ أَجمَعِيْنَ, اَللَّهُمَّ وَارْضَ عَنِ الخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ الَّذِيْنَ قَضَوْا بِالحَقِّ وَكَانُوْا بِهِ يَعْدِلُوْنَ سَادَاتِنَا أَبِى بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِيٍّ وَعَنْ سَائِرِ أَصْحَابِ نَبِيِّكَ أَجْمَعِيْنَ وَعَنِ التَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
اللَهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمُسلِمَاتِ وَالمُؤْمِنِينَ وَالمُؤْمِنَاتِ اَلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ أَعِزَّ الإِسْلاَمَ وَالمُسْلِمِيْنَ وَأَعْلِ كَلِمَتَكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, اَللَّهُمَّ انْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ المُسْلِمِيْنَ. اَللَّهُمَّ أَهلِكِ اليَهُوْدَ وَالنَّصَارَى وَالْكَفَرَةَ وَالْمُشْرِكِيْنَ. اَللَّهُمَّ اَمِنَّا فِى دُوْرِنَا وَأَصْلِحْ وُلاَةَ أُمَوْرِنَا وَاجْعَلِ اللَّهُمَّ وِلاَيَتَنَا فِيْمَنْ خَافَكَ وَاتَّقَاكَ. اَللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الغَلاَءَ وَالوَبَاءَ والرِّبَا وَالزِّنَا وَالزَّلاَزِلَ وَالْمِحَنَ وَسُوْءَ الفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بِلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلاَدِ المُسلِمِينَ العَامَّةً يَارَبَّ العَالَمِينَ رَبَّنَا آَتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
عِبادَ الله ! إِنَّ اللهَ يَأمُرُ بِالعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِى القُربَى وَيَنْهَى عَنِ الفَخْشَاءِ وَالمُنْكَرِ وَالبَغْيِ يَعِظُكُم لَعَلَّكُم تَذَكَّرُوْنَ, فَاذْكُرُوْا اللهَ العَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ واشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكبَرُ
Editor:


