Dark
Light
Dark
Light

Khutbah Jumat Bahasa Jawa:  Wulan Shofar, Ngatahaken Amal Kesaenan

Khutbah Jumat Bahasa Jawa:  Wulan Shofar, Ngatahaken Amal Kesaenan

Khutbah I

الحمدُ لله حَمْدًا كثيرًا طَيِّبًا مُبارَكًا فيه كما يُحِبُّ رَبُّناَ ويَرْضَى، وأشهدُ أن لا إله إلا الله وحدَه لا شريكَ لَهُ عَظِيمٌ في رُبُوبيَّته وَاُلُوْهِيَّتِهِ وَأَسْمَائِهِ وَصِفَاتِهِ، حَكيمٌ في مَقَادِيرِهِ وَأَحْكَامِهِ، وأشهدُ أنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ ورَسُوْلُهُ. اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ، وعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ، وَالتَّابِعِينَ لَهُمْ بإحْسِانٍ إِلَى يَوْمِ لِقَائِهِ

اَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهاَ الْحَاضِرُوْنَ اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلا تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ فَقَالَ تَعاَلىَ فِى الْقُرْاَنِ الْكَرِيْمِ يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا 

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Monggo kito sami ningkataken takwo dumateng Gusti Allah, kanti nindaaken sedoyo perintahipun soho nebihi sedoyo awisanipun. Supados kita sedoyo pikantuk kabegjan wonten ing dunyo ngantos akhirat. Gusti Allah sampun dawuh:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اعْبُدُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ وَالَّذِينَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ

Artosipun: "Hei poro menungso! Nyembaho marang pengeran siro kabeh kang wis nyiptaaken siro lan wong-wong sakdurunge siro kabeh, supoyo siro kabeh kalebet wong kang podo takwo." (Al-Baqarah: 21)

Takwo meniko kedah estu tumancep ing jeroning penggalih kito sedoyo, amargi dados pondasine tiyang mukmin, ngantos mboten kumowani ngelampahi perkawis ingkang nulayani syariat agomo.

Sholawat serto salam keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad ingkang paring keteladanan marang kito sedoyo, ugi ingkang kito sami nderek dawuh lan tindak lampahipun, lan kito ajeng-ajeng syafaatipun mbenjeng dinten kiamat.

Salah setunggale bukti kito nderek dawuh lan tindak lampahipun Kanjeng Nabi nggih meniko ngelampahi kesunnahanipun arupi ibadah shalat sunnah, poso sunnah, lan remen nderes al-Quran, lan taqarrub marang Gusti Allah.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Wekdal sakmangke sampun mlebet wulan Shofar, wulan kaping kalih saking tahun hijriyyah. Dipun wastani wulan shofar keranten bongso Arab naliko semanten sami ngosongaken kegiatane. Ugi wonten ing wulan kasebat, masyarakat sami ninggalaken kampungipun, saperlu bidal perang utawi tindakan.

Kanjeng Nabi dawuh:

لَا عَدْوَى وَلَا طِيَرَةَ وَلَا هَامَةَ وَلَا صَفَرَ وَفِرَّ مِنَ الْمَجْذُومِ كَمَا تَفِرُّ مِنَ الْأَسَدِ

Artosipun: "Ora onok ‘adwa, thiyaroh, hamah, shofar, lan mlayuo siro kabeh saking wong kang kena kusta (lepra) koyo dene siro mlayu (ngadoh) saking singo." (Riwayat Bukhari lan Muslim)

Hadis meniko menawi dipun maknani kados mekaten: 

‘Adwa meniko maknane percados menawi wonten penyakit ingkang saget nular piyambak, tanpo wonten proses sakderengipun lan tanpo izin saking Allah. Thiyarah meniko percados bilih nasib sae lan nasib olo saksampunipun ningali manuk. Thiyarah meniko ing masyarakat Jahiliyah diyakini wonten mitos menawi wonten tiyang medal saking griyo ningali manuk mabur ing sisih tengenipun, niku tengere pinaringan nasib sae. Kosok wangsulipun menawi ningali manuk mabur ing sisih kiwo, niku tengeripun manggihi nasib awon, milo kedah wangsul.

Pramilo, naliko zaman Jahiliyah, katah tiyang ingkang nggadah pemikiran bilih wulan Shofar niku minongko wulan apes utawi tasya’um. Katah tiyang mboten nggadah kekarepan nopo-nopo ing wulan shofar amergi wulan shofar dipun percados nggadahi nasib olo, jember hinggo nimbulaken ajrih nindakaaken perkawis tertentu. 

Padahal, sejatosipun wulan Shofar mboten nyebabaken nasib awon utawi sae. Menawi wonten kedadosan ingkang awon utawi sae wonten lebetipun wulan shofar, meniko sejatosipun sampun dipun kersa’aken Gusti Allah, sanes disebabaken wulan Shofar.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Saking pepertelan kasebat, kedah kito yakini bilih sedoyo penyakit, apes niku sanes lantaran wulan Shofar. Kito kedah imut kaliyan dawuh Gusti Allah:

مَآ أَصَابَ مِن مُّصِيبَةٍ فِى ٱلْأَرْضِ وَلَا فِىٓ أَنفُسِكُمْ إِلَّا فِى كِتَٰبٍ مِّن قَبْلِ أَن نَّبْرَأَهَآ ۚ إِنَّ ذَٰلِكَ عَلَى ٱللَّهِ يَسِيرٌ 

Artosipun: "Ora ono musibah ingdalem bumi lan musibah ingkang ngenani awak siro kabeh iku kejobo wes kecatet ingdalem kitab (lauhul Mahfud) sakdurunge ingsun ngewujudaken. Saktemene mengkunu iku gampang mungguhe Gusti Allah" (QS Al-Hadid, 22).

Monggo kito sedoyo mbiasaaken maos dungo kados ingkang sampun dipun ajaraken wonten setunggale hadis, ingkang dipun riwayataken Abu Dawud, Ibnu Majah, Tirmidzi, nggih meniko :

بِسْمِ اللَّهِ الَّذِي لَا يَضُرُّ مَعَ اسْمِهِ شَيْءٌ فِي الْأَرْضِ وَلَا فِي السَّمَاءِ وَهُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ

Artosipun: "Kelawan nyebut asmane Allah, nopo-nopo ingdalem bumi lan langit ora bakal mbahayani kanti nyebut asmane Allah, Gusti Allah dzat ingkang midanget lan ngaweruhi nopo kimawon."

Wulan Shofar mboten leres dipun yakini wulane apes, ciloko. Sebab sedoyo sampun ditakdir kaliyan Gusti Allah. Monggo wulan shofar kito uripi semangat ibadah, ampun ngantos kito aras-arasen lan mboten nggadah kekarepan ibadah amal kesaenan.

Mugi-mugi kito sedoyo kaliyan Gusti Allah dipun paringi ma’unah, pitulung saget nindaaaken kesaenan wonten wekdal soho panggenan pundi kimawon lan dipun tebihaken saking perkawis olo, awon, lan ciloko. Amiin

 ﺃﻋﻮﺫ ﺑﺎﻟﻠﻪ ﻣﻦ ﺍﻟﺸﻴﻄﺎﻥ ﺍﻟﺮﺟﻴﻢ : ﺑﺴﻢ ﺍﻟﻠﻪ ﺍﻟﺮﺣﻤﻦ ﺍﻟﺮﺣﻴﻢ إِنَّ ٱلْإِنسَٰنَ لَفِى خُسْرٍ ، إِلَّا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوا وَعَمِلُوا ٱلصَّٰلِحَٰتِ وَتَوَاصَوْا بِٱلْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِٱلصَّبْرِ

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِى الْقُرْاَنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاَياَتِ وَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. اَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ اِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

Khutbah II

اَلحَمْدُ للهِ حَمْدًا كَمَا اَمَرَ. وَأَشْهَدُ اَنْ لَّا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ إِرغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ الخَلاَئِقِ وَالبَشَرِ. اَللَّهُمُّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ مَا اتَّصَلَتْ عَيْنٌ بِنَظَرٍ وَاُذُنٌ بِخَبَرٍ

أَمَّا بَعْدُ: فَيَا َعِبادَ الله إِتَّقُوْا اللهَ تَعَالَى وَذَرُوْا الفَوَاخِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بطَنَ وَحَافِظُوْا عَلَى الطَّاعَةِ وَخُضُوْرِ الجُمُعَةِ وَالجَمَاعَةِ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ  فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلاَئِكَةِ المُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ، فَقَالَ تَعَالىَ وَلَمْ يَزَلْ قَائِلاً عَلِيْمًا : إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَااَيَّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وِسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَصَحْبِهِ أَجمَعِيْنَ, اَللَّهُمَّ وَارْضَ عَنِ الخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ الَّذِيْنَ قَضَوْا بِالحَقِّ وَكَانُوْا بِهِ يَعْدِلُوْنَ سَادَاتِنَا أَبِى بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِيٍّ وَعَنْ سَائِرِ أَصْحَابِ نَبِيِّكَ أَجْمَعِيْنَ وَعَنِ التَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
 
اللَهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمُسلِمَاتِ وَالمُؤْمِنِينَ وَالمُؤْمِنَاتِ اَلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ أَعِزَّ الإِسْلاَمَ وَالمُسْلِمِيْنَ وَأَعْلِ كَلِمَتَكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, اَللَّهُمَّ انْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ المُسْلِمِيْنَ. اَللَّهُمَّ أَهلِكِ اليَهُوْدَ وَالنَّصَارَى وَالْكَفَرَةَ وَالْمُشْرِكِيْنَ. اَللَّهُمَّ اَمِنَّا فِى دُوْرِنَا وَأَصْلِحْ وُلاَةَ أُمَوْرِنَا وَاجْعَلِ اللَّهُمَّ وِلاَيَتَنَا فِمَنْ خَافَكَ وَاتَّقَاكَ. اَللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الغَلاَءَ وَالوَبَاءَ والرِّبَا وَالزِّنَا وَالزَّلاَزِلَ وَالْمِحَنَ وَسُوْءَ الفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بِلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلاَدِ المُسلِمِينَ عَامَّةً يَارَبَّ العَالَمِينَ  رَبَّنَا آَتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
 
عِبادَ الله ! إِنَّ اللهَ يَأمُرُ بِالعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِى القُربَى وَيَنْهَى عَنِ الفَخْشَاءِ وَالمُنْكَرِ وَالبَغْيِ يَعِظُكُم لَعَلَّكُم تَذَكَّرُوْنَ, فَاذْكُرُوْا اللهَ العَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ اشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكبَرُ


Editor: Muhammad Faizin
Al-Quran Digital

Khutbah Lainnya

Hadits Online

Terbaru Lainnya

logo