Dark
Light
Dark
Light

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Wulan Maulud, Wekdale Noto Akhlak

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Wulan Maulud, Wekdale Noto Akhlak

Khutbah I

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، وَبِهِ نَسْتَعِيْنُ عَلَى أُمُوْرِ الدُّنْيَا وَالدِّيْنِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى أَشْرَفِ اْلأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ، نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ يَوْمِ الدِّيْنِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْحَقُّ اْلمُبِيْن. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَـمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صادِقُ الْوَعْدِ اْلأَمِيْن. أَمَّا بَعْدُ فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ. اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى : لَقَدْ جَاۤءَكُمْ رَسُوْلٌ مِّنْ اَنْفُسِكُمْ عَزِيْزٌ عَلَيْهِ مَا عَنِتُّمْ حَرِيْصٌ عَلَيْكُمْ بِالْمُؤْمِنِيْنَ رَءُوْفٌ رَّحِيْمٌ فَاِنْ تَوَلَّوْا فَقُلْ حَسْبِيَ اللّٰهُ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَ ۗ عَلَيْهِ تَوَكَّلْتُ وَهُوَ رَبُّ الْعَرْشِ الْعَظِيْمِࣖ 

Maasyiral Muslimin rahimakumullah

Wonten dinten kebak berkah meniko, monggo kito sami ningkataken takwo dumateng Gusti Allah kelawan nindaaken perintah lan nebihi larangan. Ugi ngucap syukur, alhamdulillah, sedoyo puji syukur tansah kita aturaken dhumateng Gusti Allah SWT. 

Sholawat serto salam tansah keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad. Mugi-mugi kita sedoyo dipun lebetaken dados golongan ingkang sering bersyukur soho pikantuk syafaate Kanjeng Nabi Muhammad wonten ing dinten kiamat. Amin ya Rabbal ‘alamin.

Maasyiral Muslimin rahimakumullah

Sakmenika kito sami mlebet wulan Rabi‘ul Awwal, ingkang wonten tanah Jawi langkung dikenal kaliyan wulan Maulid. Dipun wastani mekaten amargi ing wulan punika sampun kadadosan setunggaling kejadian agung, inggih puniko kelahiranipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW, menungso ingkang paling mulya, ingkang kita sami dipun dawuhake supados tansah maos shalawat dumateng panjenenganipun.

Mboten kito kimawon ingkang maos sholawat, ananging Gusti Allah soho para malaikat ugi sami maos shalawat dumateng panjenenganipun, kados pundi sampun kasebat wonten ing Al-Qur’an surat Al-Ahzab ayat 56.

إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ ۚ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

Artosipun: "Saktemene Gusti Allah lan piro malaikat podo ngucap solawat marang Kanjeng Nabi. Hei, wong-wong podo iman, podo mocoho solawat siro kabeh ingatase Kanjeng Nabi lan moco dungo keselametan kanti tenanan."

Jamaah Jumat ingkang minulyo

Saking surat Ahzab kasebat saget dipun mangertosi bilih Kanjeng Nabi niku utusan ingkang paling mulio, paling dipun trisnani kaliyan Gusti Allah lan poro Malaikat.

Rawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad wonten ing dunya punika sejatine nggadahi misi ageng, ing antawisipun ndandosi akhlak menungsa. Meniko negesaken bilih akhlak dados perkawis wigati sanget tumrap gesang manungsa, amargi saking akhlak sae bade lahir ketentreman, kerukunan, saha urip bebarengan. 

Rasulullah dawuh ing salah satunggaling hadits bilih piyambakipun dipun utus supados nyempurnakaken akhlak ingkang mulya:

إِنَّمَا بُعِثْتُ لأُتَمِّمَ مَكَارِمَ الأَخَلاقِ

Artosipun: “Saktemene ingsun diutus krono nyempurnaaken mulyane akhlak"

Wonten setunggal dawuh saking poro ulama, “Al-adabu fauqal ‘ilmi”, tegesipun adab, tatakrama, akhlak, meniko langkung mulyo tinimbang ilmu. Tegese, tiyang ingkang nggadahi akhlak niku derajate mulyo sanget ketimbang tiyang ingkang nggadahi ilmu. Sebab akhlak minongko dados rem, lan pondasi. Menawi mboten nggadah rem, mongko gampang kejlumprung. Misale kumowani ngelakoni korupsi. 

Saben tiyang muslim kedah ndisikaken adab ing pundi kimawon panggenan. Wonten ing babagan pendidikan kedah langkung utami nglebetaken aspek budi pekerti tenimbang namung kapinteran, rangking kelas. 

Pramilo, tugase guru lan tiyang sepuh ingkang utama meniko ndidik supados generasi muda nggadhahi akhlak sae, mboten namung pinter anggenipun sinau.

Maasyiral Muslimin rahimakumullah

Wonten wulan maulud meniko kito kedah noto akhlak kanti sae. Kados pundi akhlake sesrawungan, akhak marang guru, marang tiyang sepah, marang tetonggo. Nopo maleh jaman sakmenika, pendidikan akhlak dados wigati sanget. Amargi tantangan lan coban jaman soyo ageng, utamining saking teknologi lan informasi ingkang canggih sanget.

Katah generasi muda ingkang kantil pengaruhe pergaulan, tayangan internet, medsos, akhire akhlake rusak, amergi pengaruh gaya urip digital. 

Kito saget sumerap katahipun tindakan kriminal, asusila, kurangipun rasa sosial, lan mudune roso kemenungsan ingkang dipun lampahi dning generasi muda. Kathah ingkang langkung seneng sibuk kaliyan dunia maya ketimbang nyambung paseduluran wonten ing dunia nyata. Perkawis makaten mboten saged dipun entengaken, amargi saged ngancem masa depanipun generasi selanjute.

Milo, wonten ing momentum Maulid Nabi Muhammad SAW punika dados wekdal ingkang prayogi kangge noto lan ngiyataken malih pentinge ngrekso akhlak. Tiyang sepuh kedah merhatosaken tindak lampah anake, termasuk nalikane nganggo alat digital, smartphone lan laptope. Rasulullah dawuh:

خَيْرُ النَّاسِ أحْسَنُهُمْ خُلُقًا

Artosipun: “Tiyang ingkang paling sae punika ingkang paling sae akhlakipun.” (HR. Thabrani saking Ibnu Umar)

Monggo kito nderek akhlake Kanjeng Nabi ingkang dados teladan kito sedoyo. Gusti Allah dawuh ing surat Al-Ahzab ayat 21:

لَقَدْ كَانَ لَكُمْ فِيْ رَسُوْلِ اللّٰهِ اُسْوَةٌ حَسَنَةٌ لِّمَنْ كَانَ يَرْجُوا اللّٰهَ وَالْيَوْمَ الْاٰخِرَ وَذَكَرَ اللّٰهَ كَثِيْرًاۗ

Artosipun: “Temen wonten ing Kanjeng Nabi Muhammad SAW punika suri tauladan ingkang sae, kangge sinten kemawon ingkang ngarep-arep rahmate Allah, lan dinten kiamat, soho tansah iling dumateng Gusti Allah.”

Mugi-mugi kita saget nindakaken lan nerusaken misi Kanjeng Nabi, inggih punika mbangun akhlak mulya ingkang dados dasaripun peradaban. Mugi kita sami saged nderekaken akhlakipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW, lan dipun paringi syafaate, soho kapundhut wonten swargane Gusti Allah SWT. Amin ya Rabbal ‘alamin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَلَّ اللهُ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ، إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ، أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرّحِيْمِ

Khutbah II

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِتِّحَادِ وَاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ الْمَتِيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ، إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَإِيَّاُه نَسْتَعِيْنُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَلْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. اِتَّقُوا اللهَ مَا اسْتَطَعْتُمْ وَسَارِعُوْا إِلَى مَغْفِرَةِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ. إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. وَصَلَّى الله عَلَى سَيِّدَنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَ الْمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْاَمْوَاتْ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّحِمِيْنَ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَعُوذُ بِكَ مِنْ عَذَابِ جَهَنَّمَ وَنَعُوذُ بِكَ مِنْ عَذَابِ الْقَبْرِ وَنَعُوذُ بِكَ مِنْ فِتْنَةِ الْمَسِيْحِ الدَّجَّالِ وَنَعُوذُ بِكَ مِنْ فِتْنَةِ الْمَحْيَا وَالْمَمَاتِ، اللَّهُمَّ إِنَّا نَعُوذُ بِكَ مِنْ الْهَمِّ وَالْحَزَنِ وَنَعُوذُ بِكَ مِنْ الْعَجْزِ وَالْكَسَلِ وَ نَعُوذُ بِكَ مِنْ الْجُبْنِ وَالْبُخْلِ وَنَعُوذُ بِكَ مِنْ غَلَبَةِ الدَّيْنِ وَقَهْرِ الرِّجَالِ، رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُمْ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيتَآئِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَآءِ وَالْمُنكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَادْعُوْهُ يَسْتَجِبْ لَكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ


Editor: Muhammad Faizin
Al-Quran Digital

Khutbah Lainnya

Hadits Online

Terbaru Lainnya

logo