Dark
Light
Dark
Light

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Mulyane Dadi Santri

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Mulyane Dadi Santri

Khutbah I

الْحَمْدُ لِله الَّذِي أَرْسَلَ رَسولَه بِالْحَقِّ بَشِيرًا وَنَذِيرًا وَدَاعِيًا إِلَى الله بِإِذْنِهِ وَسِرَاجًا مُنِيرًا، أَحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ عَلَى نِعَمٍ وَأَشْكُرُهُ عَلَى مَا أَوْلَاهُ مِنْ جَزِيْلِ الْفَضْلِ وَالإِمْتِنَانِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ وَلَد عَدْنَانَ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلَّمْ عَلَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ حَمَلَةِ الْعِلْمِ وَالْقُرْآنِ. أَمَّا بَعْدُ فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا اللهَ تَعَالَى، وَاحْذَرُوا عَنِ الْمَعَاصِي فَقَدْ خَابَ مَنْ عَصَى المَنَّانَ، وَلَازِمُوا طَاعَتَهُ فَفِي طَاعَتِهِ رِضَاهُ وَجِنَانٌ، وَانْتَهُوا عَنِ اتِّباعِ الْهَوَى فَإِنَّهُ ضَلَالَةٌ وَخُسْرَانٌ. قال الله تعالى في كتابه الكريم أَرَءَيْتَ مَنِ ٱتَّخَذَ إِلَٰهَهُۥ هَوَاهُ أَفَأَنْتَ تَكُونُ عَلَيْهِ وَكِيلًا

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Ing dino Jumat ingkang kebak berkah niki, sepindah monggo kito sami ningkataken raos takwo dumateng Gusti Allah kelawan nindaaken perintahipun len nebihi laranganipun. Takwo dumateng Gusti Allah niku tegese imtisalul awamirih wajtinabun nawahih, manut marang perintah lan nebihi cecegahan Allah SWT.

Raos takwo dipun sebataken wonten surat At-Tawbah 119:

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَكُوْنُوْا مَعَ الصّٰدِقِيْنَ 

Artosipun : "Hei wong-wong podo iman, takwaho siro kabeh marang Gusti Allah lan netepono sertane wong-wong kang bener."

Kaping kalih, sholawat serto salam keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad ingkang sampun paring kito pituduh, dalan lurus ugi bener, nggih meniko agomo Islam. 

Hadirin ingkang minulyo

Sakmangke kito tasik ngeraosake bebungah kranten nembe mawon ngerayaaken Hari Santri, dinone pemerintah ngakone perjuangane kalangan pesantren.

Kedah kito pahami bilih santri niku mboten namung mondok ing pesantren, ananging ugi nggadahi jiwa ngaji, nerimo, tirakat lan ngabdi. Dadi santri mboten namung sinau kitab, nanging ugi nglakoni akhlak mulyo ingkang diajaraken para kiai.

Santri iku kedah nggadahi sifat tawadhu marang kiai, marang tiyang sepuh, tawakal marang Gusti Allah, lan tanggung jawab marang agama lan negara. Saking pondok pesantren, bakal metu generasi ingkang berilmu, berakhlakul karimah, lan bisa dadi obor kanggo masyarakat.

Gusti Allah ngendika ing Al-Qur’an Surat Al-Mujadilah ayat 11:

يَرْفَعِ اللَّهُ الَّذِينَ آمَنُوا مِنكُمْ وَالَّذِينَ أُوتُوا الْعِلْمَ دَرَجَاتٍ

Artosipun: "Gusti Allah bakal ngunggahaké derajate wong-wong sing podo iman lan sing diwenehi ilmu."

Ayat meniko nuduhaken bilih dadi santri iku nggadahi pangkat luhur. Mboten namung ing ngersané menungso, ananging ugi ing ngarsané Gusti Allah.

Poro jamaah ingkang dipun trisnani Gusti Allah

Nalikane katah tiyang nguber kamulyan dunyo, santri tetep ngugemi kamulyan akherat. Santri sinau, ngaji niku sejatine ngaweruhi lan misah perkawis haq lan batil, ugi pikantuk ridhane Gusti Allah.

Mulyone dadi santri niku mboten kranten sandangane sederhana, sarunge ngluntung, klambine lungset, kopiahe semu kuning, ananging amargi niate tenanan tolabul ilmi, atine ditoto resik, pengamalane nyoto, lan ngajine istiqomah.

Santri niku aset bangsa lan agama. Saking pondok-pondok cilik, katah tokoh-tokoh gede: kiai, ulama, guru, lan pemimpin masyarakat. Kita kedah bangga dados santri utowo nggadahi akhlak mulyo kados santri.

Sebab santri minongko dados simbol kesederhanaan, keikhlasan, lan perjuangan anggenipun nggolek ilmu ingkang sampun dipun wajibaken kangge umat Islam. Kanjeng Nabi Muhammad ngendika:

طَلَبُ الْعِلْمِ فَرِيضَةٌ عَلَى كُلِّ مُسْلِمٍ

Artosipun: “Nggoleki ilmu iku wajib tumrap saben wong Islam.” (HR. Ibnu Majah)

Pramilo, monggo sami nggadahi semangate poro santri, nggih meniko sinau, ngamal, ngaji lan nyebaraké ilmu kanti ikhlas. Kranten santri sejati niku mboten namung ingkang sami manggen wonten pondok, ananging uga wonten ing omah, sekolah, lan panggonan kerjo, ingkang tetep ngugemi nilai-nilai Islam lan asuhan para ulama.

Mugi-mugi Gusti Allah paring kekiyatan marang poro santri, para kiai, lan umat Islam kabeh supaya tetep istiqomah ing dalan kang diridhani Allah. Mugi-mugi kito sedoyo kalebet santri ingkang ajeg istiqomah nindaaken kesaenan, ibadah, ngaji lan nggadahi akhlakul karimah.

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرآنِ العَظِيمِ، وَنَفَعَنَا وَإِيَّاكُمْ بِالْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ، إِنَّهُ تَعَالَى جَوَادٌ كَرِيمُ، مَلِكُ بَرُّ رَؤُوفٌ رَحِيمٌ   وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِينَ

Khutbah II

الْحَمْدُ لله كَمَا يَجِبُ عَلَيْنَا مِنْ حَمْدِهِ وَتَعْظِيمِهِ، وَنَشْكُرُهُ سُبْحَانَهُ عَلَى إِحْسَانِهِ وَإِنْعَامِهِ وَتَكْرِيمِهِ. وَنَعُوْذُ بِهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا وَمِنْ نَزَغَاتِ الشَّيْطَانِ وَتَوْهِيمِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لا إله إلا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ شَهَادَةً مُبَرَّأَةً مِنَ الشِّرْكِ وَالشُّكُوكِ سَلِيْمَةً. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ الْمَخْصُوصُ مِنَ الرَّبِّ بِكَمَالِ قُرْبِهِ وَتَقْدِيمِه، اللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى عَبْدِكَ وَرَسُولِكَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ اقْتَفَى شَرْعَهُ الْمُطَهَّرَ وَاتَّبَعَ مِلَّتَهُ الْقَوِيْمَة

 أَمَّا بَعْدُ: فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا الله وَأَطِيعُوهُ فَإِنَّ طَاعَتَهُ أَقْوَمُ وَأَقْوَى وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى. وَاعْلَمُوا أَنَّكُمْ غَدًا بَيْنَ يَدَيِ الله مَوْقُوْفُون . وَبِأَعْمَالِكُمْ مَجْزِيُّونَ ثُمَّ اعْلَمُوا أَنَّ اللهَ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَى أَمَرَكُمْ بَأَمْرٍ بَدَأَ فِيهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى فِيْهِ بِمَلَائِكَتِهِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِه وَثَلَّتَ بِكُمْ أَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنَ مِنْ جِنِّهِ وَإِنْسِهِ. فَقَالَ جَلَّ مِنْ قَائِلٍ عَلِيمًا. إِنَّ اللهَ وَمَلائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيَّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلَّمُوا تَسْلِيمًا

 اللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى عَبْدِكَ وَرَسُولِكَ مُحَمَّدٍ صَاحِبِ الْوَجْهِ الْأَنْوَارِ. وَالْجَبِيْنِ الأَزهَر. وَارْضَ اللَّهُمَّ عَنْ أَصْحَابِهِ أَبي بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلَيّ وَعَنْ سَائِرِ أَصْحَابِ نَبِيَّكَ أَجْمَعِيْنِ وَعَنِ التَّابِعِينَ وَتَابِعِ التَّابِعِيْنِ. وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانِ إِلَى 
يَوْمِ الدِّين . وَعَنا مَعَهُمْ بِمَنَّكَ وَكَرَمِكَ وَرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِين. 

اللهم أَعِزَّ الْإِسْلَامَ وَالْمُسْلِمِيْن وأذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْن وَاجْعَلْ هَذَا الْبَلَدَ آمِنًا رَخَاءً سَخَاءً وَسَائِرَ بِلادِ الْمُسْلِمِينَ . اللَّهُمَّ آمِنّاَ فِي دُوْرِنَا وَأصْلِحْ وُلَاةَ أَمُورِنَا وَاجْعَل اللهم وِلَايَتَنَا فِيْمَنْ خَافَكَ وَاتَّقَاكَ وَاتَّبَعَ رِضَاكَ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِينِ

اللَّهُمُ اغْفِر لِلْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ، اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَا وَالْوَبَا وَالرِّبَى وَالزِّنَى وَالزَّلَازِلَ وَالْمِحَنِ. وَسُوْءَ الْفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَن. وَعَنْ بِلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنِ عَامَّةً يَا رَبِّ الْعَلَمِيْنِ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ 

عِبَادَ الله إِنَّ الله يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ. وَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيمَ الْجَلِيلَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ الله أَكْبَرُ وَالله يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُونَ


Editor: Muhammad Faizin
Al-Quran Digital

Khutbah Lainnya

Hadits Online

Terbaru Lainnya

logo