Dark
Light
Dark
Light

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Ngelampahi Kesaenan Ing Awal Tahun

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Ngelampahi Kesaenan Ing Awal Tahun

Teks khutbah meniko mertelaaken ngelampahi kesaenan ing awal tahun kaliyan amal ibadah, muhasabah, lan nebihi perkawis ingkang awon. Mumpung tasik awal tahun, sae sanget dipun isi kebecikan lan kesaenan. Naskah meniko saget dipun agem kagem sinten kimawon ingkang ngersaaken materi khutbah Jumat.

Khutbah I


اْلحَمْدُ للهِ الّذي هَدَانَا سُبُلَ السّلاَمِ، وَأَفْهَمَنَا بِشَرِيْعَةِ النَّبِيّ الكَريمِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لا شَرِيك لَه، ذُو اْلجَلالِ وَالإكْرام، وَأَشْهَدُ أَنّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسولُه، اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى الِه وَأصْحابِهِ وَالتَّابِعينَ بِإحْسانِ إلَى يَوْمِ الدِّين 

امَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا اللهَ حَقَّ التَّقْوَى لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ، وَقَالَ تَعاَلَى: وَمَا كَانَ اللَّهُ لِيُعَذِّبَهُمْ وَأَنْتَ فِيهِمْ وَمَا كَانَ اللَّهُ مُعَذِّبَهُمْ وَهُمْ يَسْتَغْفِرُونَ. 


Maasyiral Muslimin rahimakumullah

Monggo kito ningkataken takwo dumateng Gusti Allah wonten ing panggenan pundi kimawon, sepi utawi rame, susah utawi bungah, kranten saking takwo kito saget pikantuk ridone Gusti Allah lan pengapura saking Gusti Allah. 

Takwo tegese ngelampahi sedoyo perintahe Gusti Allah lan nebihi sedoyo larangane Gusti Allah. Ugi monggo kito ngucap syukur dumateng Gusti Allah ingkang sampun paring kito nikmat kados dene arupi kesehatan, kesarasan lan kabegjan. 

Sholawat serto salam tansah keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad ingkang kito ajeng-ajeng syafaatipun mbenjang wonten akhirat, panggenan panguripan ingkang sejati.

Gusti Allah dawuh:


وَمَا هَٰذِهِ الْحَيَاةُ الدُّنْيَا إِلَّا لَهْوٌ وَلَعِبٌ  وَإِنَّ الدَّارَ الْآخِرَةَ لَهِيَ الْحَيَوَانُ لَوْ كَانُوا يَعْلَمُونَ 


Artosipun: Ora ono panguripan ing dunyo iku kejobo guyon lan dolanan. Lan saktemene akhirat iku sejatine panguripan, lamun siro kabeh podo ngerti (Al-Ankabut, 64)

Ayat meniko negesaken panguripan wonten dunyo namung mampir ngombe, dolanan, mboten bakal langgeng. Bedo kaliyan panguripan wonten akhirat ingkang dados panggonan sejati tur langgeng.

Jamaah Jumat rahimakumullah, 

Wekdal ingkang diparingaken dumateng kito sedoyo niku minongko anugerah, tegese kito sedoyo nggadah kesempatan kagem ngatahaken amal ibadah wonten dunyo sakderenge keliwat wekdale. Kados pundi nggunaaken wekdal senggang kelawan perkawis ingkang migunani lan manfaati. Kranten wekdal ing dunyo niki sedoyo sifate sekedap. Sedoyo bakal wonten pertanggungjawabane.

Kedah kito pahami sareng-sareng bilih wonten ayat kasebat ngutamaaken panguripan akhirat tenimbang dunyo niku mboten berarti dipahami njungkung ibadah ananging males nyambut gawe, mboten makaryo lan ninggal tanggungjawab marang keluargane.

Dawuh kasebat damel nggambaraken bilih panguripan ing dunyo niku mboten sejati, mboten langgeng, katah ngapusi. Pramilo, saking dawuh meniko saget dipun pahami supados  ngatahaken amal kesaenan damel sangu akherat lan tetap semangat nyambut gawe kagem nafakohi keluarga.

Lajeng kados pundi supados panguripan ing dunyo ingkang sekedap niki saget dipun isi kanti amal ingkang sae? Gusti Allah dawuh:


وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالْإِنْسَ إِلَّا لِيَعْبُدُونِ


Artosipun: Lan ora ingsun dadekno bongso jin lan menungso kejobo supoyo podo nyembah marang ingsun (QS Adz-Dzariyat: 56) 

Ayat kasebat pertelo sanget bilih Gusti Allah nyiptaaken makhluk saking bongso jin lan menungso supados ibadah marang Gusti Allah. Ibadah niku kados shalat, poso, haji, ugi sedoyo perkawis ingkang mbeto kesaenan lan maslahat kagem piyambake lan tiyang lintu.

Jamaah Jumat ingkang minulyo

Sakmangke kito nembe mlebet taun baru, katah sanget tiyang sami bungah kanti nuruti howo nafsu kesenengane piyambak, sehinggo luput lan supe kaliyan peringatane Gusti Allah. Kito sedoyo kedah ati-ati, kedah mbentengi kelawan amal ibadah, taqarrub marang Gusti Allah. Ampun ngantos kejlumprung, lan tumut foya-foya sehinggo ngelamahi perkawis ingkang awon lan maksiat.

Sejatine umur kito sedoyo mboten saget diputer kados jam, sebab umur kito saben wektu soyo kirang, ngantos akhire sedoyo telas (sedo) lan bali marang Gusti Allah. Pramilo kito sedoyo dipun perintah ningkataken amal kesaenan wonten wekdal kapanpun, nopo maleh ing wekdal ingkang dipun wastani tahun baru masehi.

Pentinge ngisi wekdal kelawan ngatahake amal ibadah kesaenan sakderenge kedisikan pati (sedo), sampun dipun dawuhaken Gusti Allah: 


حَتَّىٰ إِذَا جَاءَ أَحَدَهُمُ الْمَوْتُ قَالَ رَبِّ ارْجِعُونِ ، لَعَلِّي أَعْمَلُ صَالِحًا فِيمَا تَرَكْتُ ۚ كَلَّا ۚ إِنَّهَا كَلِمَةٌ هُوَ قَائِلُهَا ۖ وَمِنْ وَرَائِهِمْ بَرْزَخٌ إِلَىٰ يَوْمِ يُبْعَثُونَ


Artosipun: Sehinggo nalikane pati wis nekani salah sijine wong kafir, mongko podo ngucap, “Duh Gusti, kulo nyuwun dipun wangsulaken marang dunyo, menowo kulo saget amal kesaenan ingkang kulo tilaraken”. Ora babar sisan, saktemene kalimat iku saking ucapane (wong kafir), lan ngarepe kaum kafir iku ono tembok kang ngalingi hinggo dino kiamat. (QS Al-Mu’minun: 99-100)

Pramilo, monggo wekdal meniko, tahun 2024  kito gunaaken kagem ngelampahi perkawis ingkang manfaati, muhasabah, ngelampahi amal sae, njungkung ibadah, taqarrub ilallah lan tetap semangat makaryo, supados taun ingkang bakal dipun lampahi soyo berkah lan mbarokahi.

Syekh Atha'illah as-Sakandari ing kitab al-Hikam dawuh:


رُبَّ عُمُرٍ اتَّسَعَتْ آمادُهُ وَقَلَّتْ أمْدادُهُ، وَرُبَّ عُمُرٍ قَليلَةٌ آمادُهُ كَثيرَةٌ أمْدادُهُ 


Artosipun: Terkadang umur tambah dowo ananging mboten manfaati, lan terkadang umur pendek ananging katah manfaate.

Mugi-mugi kito sedoyo pinaringan gangsar anggenipun ngelampahi kesaenan lan pikantuk pitulung saking Gusti Allah ingatase nebihi, ninggal perkawis awon lan maksiat. Amiin


أعُوْذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ, بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ  وَاعْبُدْ رَبَّكَ حَتَّى يَأْتِيَكَ الْيَقِيْنُ . بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكمُ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ، أَقُوْلُ قَوْليِ هذَا، وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ مِنْ كُلَّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغفِرُوْهُ؛ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيُم


Khutbah II
 


 إنَّ الْحَمْدَ لِلهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْهُ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.

اما بعد: يَا أَيُّهَا النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ فَاتَّقُوْا اللهَ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ . قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا. يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا. 

اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ، فِيْ الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ. إنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ, وَقَاضِى الْحَاجَاتِ. 

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِاُمَةِ مُحَمَّدٍ. وَارْحَمْ أُمَّةَ مُحَمَّدٍ. وَأَصْلِحْ أُمَّةَ مُحَمَّدٍ. واسْتُرْ لِاُمَةِ مُحَمَّدٍ. اَللّٰهُمَّ انْصُرْهُمْ عَلَى أَعْدَائِهِمْ وَوَفِّقْهُمْ لِعَمَلٍ صَالِحٍ يَنفَعُهُمْ فِى دُنْيَاهُمْ وَأُخْرَاهُمْ. اَللّٰهُمَّ أَصْلِحْ وُلَاةَ أُمُوْرِنَا وَعُلَمَائَنَا وَزُعَمَائَنَا وَاجْعَلْ هِمَّتَهُمْ فِى اِزَالَةِ الْمُنْكَرَاتِ وَالْمَعَاصِى وَاهْدِهِمْ سَبِيْلَ الرَّشَادِ. اللَّهُمَّ ارْفَعْ وَادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ. رَبَّنَا آتِنَا فِى الدُّنْيأ حَسَنَةً, وَفِى ألآخِرَةِ حَسَنَةً, وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعّالّمِيْنَ

عِبَادَ اللَّهِ. إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى ويَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذكُرُوا اللَّهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ. وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ. وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُؤْتِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ.


Editor: Muhammad Faizin
Al-Quran Digital

Khutbah Lainnya

Hadits Online

Terbaru Lainnya

logo