Dark
Light
Dark
Light

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Njogo Kemakmurane Bumi, Ojok Nganti Gawe Kerusakan

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Njogo Kemakmurane Bumi, Ojok Nganti Gawe Kerusakan

Khutbah I:

 

 الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي خَلَقَ الإِنْسَانَ مِنْ طِينٍ وَأَمَرَهُ بِالتَّعْمِيرِ فِي الْأَرْضِ لا إلَهَ إِلَّا هُوَ لَهُ الْحَمْدُ وَهُوَ يُحي وَيُمِيتُ وَاَسْتَغْفِرُهُ. وَاشْهَدُ اَنْ لا إله إِلَّا اللهُ وَاشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا رَسُولُ اللَّهِ  . اَللَّهُمَّ صَلَّ وَسَلّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِينَ ومن تبعهم الى يوم الدين

 

امَّا بَعْدُ : فَيَا أَيُّهَا المُسلِمُونَ. اتَّقُوا اللَّهَ تَعَالَى  ولا تموتن الا وانتم مسلمون . قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الكَرِيمِ : أَعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّحِيمِ بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ :    يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَكُوْنُوْا مَعَ الصّٰدِقِيْنَ . صَدَقَ اللهُ العظيم

 

 

Maasyiral Muslimin Rahimakumullah

Monggo kito sami ningkataken raos takwo dumateng Gusti Allah, lan taat marang dawuh-dawuhipun Allah, sarono nderek sedoyo perintah, soho nebihi sedoyo awisanipun kanthi sabar lan tawakal. Allah dawuh wonten ing Al-Qur'an:

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تقاته وَلاَ تَمُوتُنَّ اِلاَّ وَانْتُمْ مُسْلِمُونَ

Artosipun: "He poro wong mukmin! Takwoho siro kabeh marang Gusti Allah kelawan sakbener-benere takwo, lan siro kabeh ojo pisan-pisan mati kejobo netepi agomo Islam." (QS. Ali Imron: 102)

Ayat meniko negesaken bilih raos takwo ingkang sejati inggih puniko kedah tenanan ajrih dumateng Gusti Allah ngantos pejah netepi agomo Islam, mboten bade nyekutoaken lan nulayani perintahe Gusti Allah.​​​​​

Sholawat serto salam tansah keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad, soho keluargane, sohabat lan poro penderekipun. Amergi saking Kanjeng Nabi Muhammad, kito sedoyo sami ngajeng-ngajeng syafaatipun mbenjang wonten dinten kiamat.

Poro sederek Ingkang Sami Minulyo

Sakmangke kito gesang wonten ing alam dunyo meniko minongko dados menungso ingkang kalebet makhluke Gusti Allah ingkang sempurno, ingkang dipun dadosaken pemimpin ing bumi, ingkang nampi kepercayaan, ngemban tugas serta nanggung amanat saking Gusti Allah, supados ngelola soho njogo kemakmurane bumi sak sae-saenipun. Gusti Allah dawuh:

هُوَ أَنْشَأَكُمُ مِنَ الْأَرْضِ وَاسْتَعْمَرَكُمُ

Artosipun: "Panjenengane kang wis nitahake siro kabeh soko bumi lan Panjenengane nakdirake siro kabeh ingkang makmuraken bumi. "(QS. Hud: 61)

Wonten tafsir Tabari dipun jelasaken bilih makmuraken niku njogo kemakmurane bumi, mboten bade ngerusak bumi. Kandungan ayat puniko, mengku anjuran penting, inggih puniko:​​​​​​​

Sepindah: Kito dipun imutaken bilih asal kedadosan kito niku saking lemahe bumi. Kedah kito mangertosi bilih menawi sampun dumugi titi wancinipun kito bade kawangsulaken malih dateng jerone bumi. Menawi kito tansah imut awalan soho akhiran kito, lan imut sak lebetipun manah kanti sifat tawadhu' utawi andap asor, mongko bakal mboten gampil muncul sifat takabbur utawi sombong.

Gusti Allah dawuh mekaten:

مِنْهَا خَلَقْنٰكُمْ وَفِيْهَا نُعِيْدُكُمْ وَمِنْهَا نُخْرِجُكُمْ تَارَةً اُخْرٰى

Artosipun: "Saking bumi siro kabeh Ingsun titahake, lan ono ing bumi siro kabeh Ingsun baliaken (dikubur), lan saking bumi siro kabeh Ingsun wetuaken ambal kang liyo (dipun tangiaken saking kubur)." (QS. Thoha: 55)

Kalih: Kito sedoyo nampi soho nanggung tugas utawi amanat saking Gusti Allah arupi makmuraken bumi ingkang kito panggeni meniko. Tugas soho amanat kasebat mboten gampil, balik awrat/abot ananging mulyo. Pramilo kersanipun dados enteng boten awrat, kito kedah cecawis tigang perkawis, inggih puniko:

1. Nggadahi ilmu. 2. Nggadahi sifat guyub serto rukun. 3. Remen tolong-tinolong utawi gotong royong.​​​​​​​

Menawi kito sedoyo kerso angerungkepi (merealisasikan) tigang perkawis kasebat, kito tentu bade gesang salebetipun kemakmuran. Pundi perkawis ingkang awrat dados enteng, jarak ingkang tebih dados celak, ingkang repot bade dados gampil bifadhlillaahi wakaromatihi Ta'ala.

Poro Sederek Ingkang Bahagio

Kito saget bayangaken, kados pundi ayem tentremipun menawi kito sedoyo gesang salebetipun kemakmuran, dasar ingkang nyandang kemakmuran katingalipun sami guyup lan rukun, tepo seliranipun inggil serto sami tawadhu' serto andap asor, kalebet tawadhu' wonten ngarso dalem Gusti Allah. Tegesipun, sami kerso ngangkat asto kalih, kerso ruku' lan sujud namung dumateng Gusti Allah Zat Kang Moho Kuoso ingkang paring kemakmuran.​​​​​​​

Mekaten puniko poro sederek, kemakmuran ingkang mengku berkah ingkang perlu dipun lestariaken sasaged-saged kenging dipun waris serto dipun nikmati dining putro wayah soho poro generasi enom, inggih generasi ingkang bade dumugi utawi generasi penerus. Monggo sami imut dateng pesenipun Gusti Allah ingkang dumateng kito sedoyo. Mekaten dawuh dalem Allah:

اِنَّ اللّٰهَ لَا يُغَيِّرُ مَا بِقَوْمٍ حَتّٰى يُغَيِّرُوْا مَا بِاَنْفُسِهِمْۗ

Artosipun: "Saktemene Gusti Allah ora bakal ngowahi keadaane suwijine kaum, sehinggo kaum mahu ngerobah keadaan kang ono ing awake dewe." (QS. Ar Ra'du: 11)

Monggo kito nyenyuwun marang Gusti Allah, mugi-mugi Gusti Allah tansah paring taufik serto hidayah dumateng kito sedoyo. Sarono mekaten kito saged anggayuh kemakmuran ingkang mengku berkah ingkang kenging dipun waris lan dipun nikmati dining putro wayah, soho generasi enom ingkang bade dumugi, amin.

 

جَعَلَنَا اللَّهُ وَإِيَّاكُمُ مِنَ الْفَائِزِينَ الأمِنِينَ وَادْخَلَنَا وَإِيَّاكُمْ فِي زُمْرَةِ المُتَّقِينَ . اَعُوذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ ، وَلَقَدْ كَتَبْنَا فِي الزَّبُورِ مِنْ بَعْدِ الذِّكْرِ أَنَّ الْأَرْضَ يَرِثُهَا عِبَادِيَ الصَّالِحُونَ . وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَانْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِينَ

 

Khutbah II:

 

   اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا 

 

أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا اللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

 

اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ 

 

 

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآء مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

 

 

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ

 


Editor: Muhammad Zunus
Al-Quran Digital

Khutbah Lainnya

Hadits Online

Terbaru Lainnya

logo