Dark
Light
Dark
Light

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Gangsal Kemuliaan ing Wulan Romadhon

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Gangsal Kemuliaan ing Wulan Romadhon

Khutbah I

الْحَمْدُ لِله الَّذِي أَرْسَلَ مُحَمَّدًا بِالْحَقِّ بَشِيرًا وَنَذِيرًا وَدَاعِيًا إِلَى الله بِإِذْنِهِ وَسِرَاجًا مُنِيرًا، فَسُبْحَانَهُ مِنْ إِلَهٍ عَظِيمٍ لَا تُحِيطُ بِهِ الْعُلُومُ وَلَا تُكَيِّفُهُ الأَنْهَانُ، أَحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ عَلَى نِعَمٍ وَأَشْكُرُهُ عَلَى مَا أَوْلَاهُ مِنْ جَزِيْلِ الْفَضْلِ وَالإِمْتِنَانِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ كَثِيرُ الخَيْرِ دَائِمُ الإِحْسَانِ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ وَلَد عَدْنَانَ. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلَّمْ عَلَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ حَمَلَةِ الْعِلْمِ وَالْقُرْآنِ. أَمَّا بَعْدُ؛ فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا اللهَ تَعَالَى، وَاحْذَرُوا عَنِ الْمَعَاصِي فَقَدْ خَابَ مَنْ عَصَى المَنَّانَ، وَلَازِمُوا طَاعَتَهُ فَفِي طَاعَتِهِ رِضَاهُ وَجِنَانٌ، وَانْتَهُوا عَنِ اتباعِ الْهَوَى فَإِنَّهُ ضَلَالَةٌ وَخُسْرَانٌ. قال الله تعالى في كتابه الكريم أَرَءَيْتَ مَنِ ٱتَّخَذَ إِلَٰهَهُۥ هَوَاهُ أَفَأَنْتَ تَكُونُ عَلَيْهِ وَكِيلًا

Maasyiral Muslimin rahimakumullah

Ing dinten mulyo meniko, sepindah monggo kito sami ningkataken raos takwo dumateng Gusti Allah kanti tenanan, kelawan nindaaken perkawis ingkang dipun perintahaken lan nebihi sedoyo perkawis ingkang dipun cegah. 

Raos takwo kedah kito tancepaken ing penggalih ngantos kito pejah. Gusti Allah dawuh:

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Artosipun: "Hei wongkang podo iman, takwaho siro kabeh marang Gusti Allah kanti takwo kang sejati. Lan ojo podo mati kejobo siro kabeh dadi wong muslim." (QS Ali Imran: 102)

Kaping kalih, sholawat serto salam tansah keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad ingkang dados panutan kito lan Nabi ingkang dipun ajeng-ajeng syafaatipun mbenjang wonten dinten kiamat. Tentu, sedoyo meniko dados tetengere tiyang ingkang takwo, ngabekti, trisno marang Gusti Allah.

Gusti Allah sampun dawuh:

 قُلْ إِن كُنتُمْ تُحِبُّونَ اللَّهَ فَاتَّبِعُونِي يُحْبِبْكُمُ اللَّهُ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ ۗ وَاللَّهُ غَفُورٌ رَّحِيمٌ 

Artosipun: "Ngucapo siro (Muhammad marang kaum), lamun siro kabeh trisno marang Allah, lajeng ngenut siro kabeh marang ingsun, mongko Allah trisno marang siro kabeh lan ngapuro duso siro kabeh, Gusti Allah iku dzat akeh ngapuro lan welas asihe" (QS Ali Imran: 31) 

Maasyiral Muslimin rahimakumullah,

Poso Romadhon ingkang sakmangke kito lampahi sejatine nggadahi katah kemuliaan ingkang mboten saget kehitung. Ananging wonten gangsal kemuliaan ingkang kedah kito mangertosi. 

Ongko setunggal: Al-Quran dipun turunaken ingdalem wulan Romadhon. Gusti Allah dawuh:

شَهْرُ رَمَضَانَ الَّذِيْٓ اُنْزِلَ فِيْهِ الْقُرْاٰنُ هُدًى لِّلنَّاسِ وَبَيِّنٰتٍ مِّنَ الْهُدٰى وَالْفُرْقَانِۚ 

Artosipun: "Wulan Romadhon iku wulan diturunaken Al-Qur’an ingkang dados pituduh manungso lan mertelaaken isine ugi mbedaaken antarani hak lan batil." (QS Al-Baqarah:185) 

Lajeng ongko kalih, tigo, sekawan lan gangsal saget dipun tingali ingdalem setunggale hadits riwayat Abu Hurairah. Kanjeng Nabi dawuh:

قَدْ جَاءَكُمْ شَهْرُ رَمَضَانَ شَهْرٌ مُبَارَكٌ افْتَرَضَ اللَّهُ عَلَيْكُمْ صِيَامَهُ يُفْتَحُ فِيهِ أَبْوَابُ الْجَنَّةِ وَتُغَلُّ فِيهِ الشَّيَاطِينُ فِيهِ لَيْلَةٌ خَيْرٌ مِنْ أَلْفِ شَهْرٍ مَنْ حُرِمَ خَيْرَهَا فَقَدْ حُرِمَ

Artosipun: "Wes teko marang siro kabeh, wulan Romadhon, wulan ingkang berkah. Gusti Allah ngewajibaken marang siro kabeh poso Romadhon. Ingdalem wulan Romadhon lawang suwargo dibuka lan setan digondo. Ingdalem wulan Romadhon ono wengi ingkang luweh mulyo tenimbang sewu wulan. Sopo wonge kinalingan ngalap kesaenane Romadhon, mongko temen kinalingan saking kesaenane." (HR. Ahmad, An-Nasai)

Hadis meniko njelasaken bilih wulan Romadhon niku wulan berkah kranten dipun wajibaken poso, wulane lawang surgo dipun buka lan syetan podo dicancang. Ugi wulane dino ingkang dipun sebut Lailatul Qadar.

Sederek Muslimin rahimakumullah,

Saking Surat Al-Baqarah lan hadis kasebat saget dipun pahami bilih ingdalem wulan Romadhon wonten gangsal kemuliaan, nggih meniko:

1. Diturunaken Al-Quran
2. Poso Romadhon
3. Kebukae lawang surgo
4. Setan dicancang
5. Lailatul qadar

Gangsal kemuliaan meniko saget dados motivasi kagem kito supados ing wulan meniko kito estu tenanan anggenipun poso, mboten gibah, mboten ngapusi, sregep maos al-Quran kanti ndredeg atine, ngatahakaen ngelampahi ibadah sunnah kados sholat Tarawih, sedekah, lan cancut taliwondo gumregah nguripi wengi wulan Romadhon supados saget kepanggih kaliyan lailatul qadar. 

Amergi rugi sanget tiyang ingkang anggur-angguran, mboten nguripi wulan Romadhon. Sebab tiyang niku kalebet tiyang ingkang kinalingan keberkahan lan kesaenane wulan Romadhon. 

Pramilo, sifat aras-arasen kedah dilawan, kelakuan awon kedah ditebihi, rasan-rasan, hasud, dzalim kedah dipun perangi. Nopo maleh sakmangke jaman medsos katah informasi lan ucapan buruk. Kedah disaring nopo-nopo ingkang mboten manfaati kagem kito sedoyo.

Mugi-mugi kito sedoyo kalebet umatipun Kanjeng Nabi Muhammad ingkang semangat ibadahe lan kalebet umat ingkang remen ngelampahi amal ibadah, termasuk ingdalem wulan Romadhon, sehinggo pikantuk syafaatipun. Amiin.

بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَافِيْهِ مِنْ آيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ وَإِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ، وَأَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم  

Khutbah II

اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا. أَمَّا بَعْدُ: فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا اللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ
 


Editor: Muhammad Faizin
Al-Quran Digital

Khutbah Lainnya

Hadits Online

Terbaru Lainnya

logo