Dark
Light
Dark
Light

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Bahayane Ngenyek Konco utowo Bullying

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Bahayane Ngenyek Konco utowo Bullying

Khutbah I

اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِىْ جَعَلَ الْاِسْلَامَ طَرِيْقًا سَوِيًّا، وَوَعَدَ لِلْمُتَمَسِّكِيْنَ بِهِ وَيَنْهَوْنَ الْفَسَادَ مَكَانًا عَلِيًّا اَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ، شَهَادَةَ مَنْ هُوَ خَيْرٌ مَّقَامًا وَأَحْسَنُ نَدِيًّا، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ أَرْسَلَهُ بِالْحَقِّ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا. اَللّهُمَّ صَلِّ عَلَى سيدنا محمد وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ، قَالَ اللهُ تَعَالَى : بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ، يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ 

Hadirin jamaah Jumah rohimakumulloh, 

Sepindah monggo kito sami ningkataken raos takwo dumateng Gusti Allah kanti nindaaken perintahipun lan nebihi sedoyo laranganipun. Amergi kelawan takwo, kito saget pikantuk kabegjan dunyo akherat. Salah setunggale bukti takwo niku njogo ucapan lan tindakan saking ngelarani tiyang lintu.

Gusti Allah dawuh:

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَقُوْلُوْا قَوْلًا سَدِيْدًاۙ  

Artosipun: "Hei wongkang podo iman, takwaho siro kabeh lan ngucapo kelawan ucapan kang bener." (QS Al-Ahzab: 70)

Lajeng, kaping pindo, solawat salam keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad ingkang sampun paring keteladanan dumateng kito, ugi piwulang syariat agomo sehinggo paham lan saget mbedaaken pundi perkawis ingkang haq lan batil.

Hadirin jamaah Jumah rohimakumulloh, 

Nembe mawon kito dipun kagetaken goro-goro perkawis bullying utawi ngenyek marang konco (perundungan) ndadosaken lare SMA nekat ngerakit bom teng sekolahan. Akhire mbledos teng sekolah sehinggo katah ingkang cidero.

Kito sedoyo tentu prihatin atas musibah meniko. Niki dados PR kito sedoyo ndidik lan merhatosaken tingkah lakune anak. Ampon ngantos kecolongan. Kito kedah ngawasi kekancanan kalih sinten lan serawungan kalih sinten.

Lare ingkang tertutup mboten purun terbuka komunikasine niku kedah digatosaken. Ampon dipekso, sebab kadang-kadang butuh wektu hinggo larene purun komunikasi. Lajeng larene dipun tangleti kanti sabar.

Menawi larene mendel, mongko saene ditelateni lan dipun motivasi utawi diarahaken marang aktivitas positif. Misale diajak pengajian, diajak silaturahmi, sowan dumateng poro ulama supados pikantuk barokahe dungo.

Wonten setunggal riwayat ingdalem kitab tanqihul qaul dipun dawuhaken:

مَنْ زَارَ عَالِمًا فَكَأَنَمَّا زَارَنِي، وَمَنْ صَافَحَ عَالِمًا فَكَأَنَّما صَافَحَنِي، وَمَنْ جَالَسَ عَالِمًا فَكَأَنَّما جَالَسَنِي في الدُّنْيَا، وَمَنْ جَالَسَنِي في الدُّنْيَا أَجْلَسْتُهُ مَعِيْ يَوْمَ القِيَامَةِ

Artosipun: "Sopo wonge sowan marang wong alim, mongko koyo-koyo sowan aku, lan sopo wonge lungguh karo wong alim, mongko koyo-koyo lungguh karo aku ing dunyo, lan sopo wonge lungguh karo aku ing dunyo, mongko bakal tak lungguhno bareng aku ing dino kiamat."

Hadirin jamaah Jumah rohimakumulloh, 

Jaman sakmangke kito dipun uji kaliyan konten negatif ingkang saget mempengaruhi pikiran putro wayah kito sedoyo. Sedoyo niku saget dipun temui wonten ing kiwa-tengen kito, lajeng nyebar dumateng koncone lan lingkungane.

Nopo malih konten negatif meniko isine misuh, ngenyek, lan nyiderani tiyang lintu, tentu saget mempengaruhi lare-lare nekat bertindak brutal lan kumowani. Perbuatan ngenyek lan nyiderani tiyang niku dipun sebut bullying.

Wonten ing  Al-Qur’an dipun sebataken perbuatan bullying utawi perundungan meniko perbuatan terlarang. Kranten kalebet sifat awon ingkang sanget dipun gethingi déning Gusti Allah Ta’ala, sarto dipun gethingi lan dipun tebihi déning sedaya kaum muslimin ing dunyo.

Bahaya bullying utawi ngenyek, ngasoraké, lan nindhes wong liyan sakmangke sampun soyo katah. Onokalane wonten ing sekolah, pabrik, malah ing media sosial. Padahal, Islam ngajari kito supados ngurmati saben wong lan mboten nganti nyakiti perasaané liyan.

Gusti Allāh ngendika ing Al-Qur’an:

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا يَسْخَرْ قَوْمٌ مِّن قَوْمٍ عَسَىٰ أَن يَكُونُوا خَيْرًا مِّنْهُمْ

Tegesipun: "Hai wong-wong sing pada iman, aja nganti siji kaum ngenyek kaum liyané, menowo iso dadi wong sing dienyek kuwi luwih apik tinimbang sing ngenyek.” (QS. Al-Ḥujurāt: 11)

Hadirin jamaah Jumah rohimakumulloh, 

Ayat punika cetho paring piwulang bilih bullying utawa ngenyek wong liyo iku dilarang. Ora ana wong sing luwih mulyo amergi ngguyu, nyindir, utawa nindhes kancane. Sedoyo sami-sami makhluke Gusti Allah.

Bullying saget nyebabaken wong loro ati, minder, nganti mboten purun mlebu sekolah. Malah wonten sing nganti ngancam nyawa awake dhewe. Mugi kita ora kalebu wong sing nindhes liyan, amarga Rasulullah ngendiko:

الْمُسْلِمُ أَخُو الْمُسْلِمِ لَا يَظْلِمُهُ وَلَا يُسْلِمُهُ

Artosipun: "Wong Islam iku seduluré wong Islam, ora oleh nganiaya lan ora oleh ninggal nalika butuh pitulungan." (HR. Bukhari Muslim)

Bullying mboten namung nglarani awak nanging ngrusak roso kemanusiaan. Tiyang sing sering ngenyek biasane nduwé ati sing peteng lan ora nduwé welas asih. Padahal, Kanjeng Nabi sampun paring tupo tulodo supaya ati tansah alus lan ngasihi:

مَنْ لَا يَرْحَمْ لَا يُرْحَمْ

Artosipun: "Sopo wonge sing ora welas marang liyan, ora bakal diwelasi Gusti Allah." (HR. Bukhari-Muslim)

Pramilo monggo introspeksi: nopo wonten ucapan, tembung, guyonan, utowo tumindak kito ingkang gawe tiyang lintu susah? Menawi wonten, cepet-cepet nyuwun pangapunten lan ngowahi sikap.

Monggo kito miwiti ndhidhik lare generasi panerus bangsa kanthi didikan ingkang kebak akhlak mulyo supados piyambakipun sedaya dados manungsa ingkang berbudi luhur lan iman dumateng Gusti Allah Subhanahu wa Ta’ala.

Mekaten khutbah ingkang ringkes meniko, mugi-mugi wonten faedahipun kagem kito sedoyo. Aamiin ya rabbal alamin.

بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِي اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنْ آيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم

Khutbah II

الْحَمْدُ لله كَمَا يَجِبُ عَلَيْنَا مِنْ حَمْدِهِ وَتَعْظِيمِهِ، وَنَشْكُرُهُ سُبْحَانَهُ عَلَى إِحْسَانِهِ وَإِنْعَامِهِ وَتَكْرِيمِهِ. وَنَعُوْذُ بِهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا وَمِنْ نَزَغَاتِ الشَّيْطَانِ وَتَوْهِيمِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لا إله إلا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ شَهَادَةً مُبَرَّأَةً مِنَ الشِّرْكِ وَالشُّكُوكِ سَلِيْمَةً. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ الْمَخْصُوصُ مِنَ الرَّبِّ بِكَمَالِ قُرْبِهِ وَتَقْدِيمِه، اللهُمَّ صَلَّ وَسَلِّمْ عَلَى عَبْدِكَ وَرَسُولِكَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ اقْتَفَى شَرْعَهُ الْمُطَهَّرَ وَاتَّبَعَ مِلَّتَهُ الْقَوِيْمَة.

 أَمَّا بَعْدُ: فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا الله وَأَطِيعُوهُ فَإِنَّ طَاعَتَهُ أَقْوَمُ وَأَقْوَى وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى. فَقَالَ جَلَّ مِنْ قَائِلٍ عَلِيمًا: إِنَّ اللهَ وَمَلائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيَّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلَّمُوا تَسْلِيمًا. اللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى عَبْدِكَ وَرَسُولِكَ مُحَمَّدٍ صَاحِبِ الْوَجْهِ الْأَنْوَارِ. وَالْجَبِيْنِ الأَزهَر. وَارْضَ اللَّهُمَّ عَنْ أَصْحَابِهِ أَبي بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلَيّ وَعَنْ سَائِرِ أَصْحَابِ نَبِيَّكَ أَجْمَعِيْنِ وَعَنِ التَّابِعِينَ وَتَابِعِ التَّابِعِيْنِ. وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانِ إِلَى يَوْمِ الدِّين . وَعَنا مَعَهُمْ بِمَنَّكَ وَكَرَمِكَ وَرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِين

اللَّهُمُ اغْفِر لِلْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ، اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَا وَالْوَبَا وَالرِّبَى وَالزِّنَى وَالزَّلَازِلَ وَالْمِحَنِ. وَسُوْءَ الْفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَن. وَعَنْ بِلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنِ عَامَّةً يَا رَبِّ الْعَلَمِيْنِ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ 

عِبَادَ اللَّهِ إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ. وَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيمَ الْجَلِيلَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللَّهِ أَكْبَرُ وَاللَّهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُونَ


Editor: Muhammad Faizin
Al-Quran Digital

Khutbah Lainnya

Hadits Online

Terbaru Lainnya

logo