Khutbah I
إنَّ الحَمْدَ للهِ نَحْمَدُه ونستعينُه ونستغفرُه ونستهْدِ يهِ ونشكُرُه ونعوذُ باللهِ مِنْ شُرورِ أنفُسِنا وسيِّئاتِ أعْمَالِنا، مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلا مُضِلَّ لهُ ومَنْ يُضْلِلْ فلا هادِي لهُ. وأشهدُ أنْ لا إلـهَ إلا اللهُ وأشهدُ أنَّ سيّدَنا وحبيبَنا وعظيمَنا وقائِدَنا وقُرَّةَ أعيُنِنَا محمّدًا عبدُهُ ورسولهُ وصَفِيُّه وحَبِيبُه، اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وعلىَ كلِّ رسولٍ أَرْسَلَهُ
أمَّا بعدُ، عبادَ اللهِ فإنّي أوصيكُمْ ونَفْسِي بِتَقْوى اللهِ العلِيّ العَظيمِ القائِلِ في مُحْكَمِ التَنْزيل: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَا قَدَّمَتْ لِغَدٍ وَاتَّقُوا اللَّهَ إِنَّ اللَّهَ خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ
Maasyiral Muslimin rahimakumullah,
Monggo kito sareng-sareng ningkatake raos takwa kito dumateng Gusti Allah kanti ngelampahi sedoyo perintahipun lan nebihi sedoyo laranganipun. Keranten namung raos takwo dumateng Gusti Allah ingkang saget paring kito kabegjan ugi solusi permasalahan dunyo ngantos akherat.
Gusti Allah dawuh:
وَمَنْ يَتَّقِ اللَّهَ يَجْعَلْ لَهُ مَخْرَجًا
Artosipun: "Sopo wonge takwo marang Gusti Allah mongko Gusti Allah bakal maringi solusi." (QS Ath-Thalaq: 2).
Solusi teng mriki tegese pikantuk jalan keluar saking karupekan utowo permasalahan ingkang sering diadepi menungso tanpo disongko-songko.
Sholawat serto salam keaturaken kagem Kanjeng Nabi Muhammad ingkang sampun paring petunjuk marang kito sedoyo, sehinggo kita saget nderek lan semerap kados pundi dados tiyang Islam ingkang leres miturut ajarane Kanjeng Nabi.
Sebab syarat utama dipun trisnane Gusti Allah kedah dipun wiwiti saking nderek marang Kanjeng Nabi. Gusti Allah dawuh:
قُلْ إِن كُنتُمْ تُحِبُّونَ اللَّهَ فَاتَّبِعُونِي يُحْبِبْكُمُ اللَّهُ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ ۗ وَاللَّهُ غَفُورٌ رَّحِيمٌ
Artosipun: "Ngucapo siro (Muhammad) marang kaum, lamun siro kabeh ngaku trisno marang Gusti Allah, ngenuto marang ingsun, mongko Gusti Allah bakal trisno marang siro kabeh lan ngapuro duso siro kabeh. Gusti Allah iku akeh pengapuro tur asih." (QS. Ali Imran: 31)
Hadirin ingkang sami minulyo.
Kito sedoyo nyadari bilih umat Islam pasti nderek, ngenut nopo kimawon ingkang dipun ajaraken kaliyan Kanjeng Nabi. Mulai bab ibadah, muamalah, ngantos kaitane kaliyan bab jejodohan.
Punopo bab jejodohan penting sanget? Kranten tiyang ingkang sampun jejodohan utawa rumah tangga niku nggadahi dalan jejeg nggih meniko sunnah Nabi, sehinggo tumuju marang dalan ingkang dipun ridoi Gusti Allah.
Kanjeng Nabi dawuh:
النِّكَاحُ مِنْ سُنَّتِيْ فَمَنْ لَمْ يَعْمَلْ بِسُنَّتِي فَلَيْسَ مِنِّي
Artosipun: "Nikah iku saking sunnahku, sopo wonge ora gelem ngelakoni sunnahku, mongko ora termasuk umatku." (HR. Ibnu Majah)
Lajeng wonten maleh setunggal riwayat saking Sahabat Anas bin Malik dawuhaken:
إِذَا تَزَوَّجَ الْعَبْدُ فَقَدِ اسْتَكْمَلَ نِصْفُ الدِّيْنِ فَلْيَتَّقِ اللهَ فِي النِّصْفِ الْبَاقِي
Artosipun: "Nalikane wong Islam wis nikah, mongko temen wis nyempurnaaken separoh agomo. Pramilo podo takwoho marang Gusti Allah ingdalem njogo separoh akhir." (HR. Baihaqi)
Jamaah Jumat ingkang bahagio
Kados pundi maksude nyempurnaaken separoh agomone lan takwo marang Gusti Allah ingdalem njogo separoh akhir? Poro ulama sami berpendapat bilih kaprahe perkawis ingkang saget ngerusak agomone wong Islam niku wonten kaleh, nggih meniko kemaluan (farji) lan weteng.
Tegese mekaten, tiyang ingkang sampun nikah, mongko piyambake sampun nyempurnaaken agomone saking tindak olo kemaluane (farjine) arupi zina. Sehinggo sisane ingkang akhir ingkang kedah dipun jogo, nggih meniko weteng.
Weteng termasuk nishful akhir utowo separoh akhir ingkang kedah dijogo. Amergi perkawis syubhat lan harom saget mlebet jerone weteng menawi mboten waspodo marang panganan lan minuman. Nopo maleh wetenge ngantos serakah mangan hak-hake tiyang lintu, misale korupsi panganan lan bondo.
Hadirin ingkang dipun rahmati Allah
Tiyang ingkang nikah iku tegese sampun mbentengi awak piyambak saking zina. Niki berarti sampun nyelametaken nyempurnaaken separoh agomone piyambak. Kantun separoh ingkang akhir, nggih niku njogo wetenge saking mangan barang haram.
Pramilo, tiyang ingkang menikah dipun wastani sampun ngelampahi separoh kesempurnaane agomo. Kantun separohe maleh ingkang kedah dipun jogo, nggih meniko wetenge.
Mugi-mugi kito sedoyo pinaringan pitulung saking Gusti Allah saget njogo kemaluan lan weteng saking maksiat, mboten kebujuk setan, lan selamet dunyo akherat. Amiin
بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَافِيْهِ مِنْ آيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ وَإِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ، أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِيِمْنَ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Khutbah II
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ إِرْغَاماً لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ الخَلاَئِقِ وَالْبَشَرِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ إِلَى يَوْمِ الدين.
أَمَّا بَعْدُ: فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا اللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَّى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّد وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِىّ وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيْنَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِوَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَر
Editor: Muhammad Faizin


