Khutbah I
اَلْحَمْدُ للّٰه الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَـقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْمُشْرِكُوْنَ ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اله إِلاَّ اللّٰه وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ اللّٰه ، اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى الِه وَأصْحابِهِ وَالتَّابِعينَ بِإحْسانِ إلَى يَوْمِ الدِّين. أَمَّا بَعْـدُ فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْـوَى اللهِ خَالِقِ اْلأَنَامِ ، تَدْخُلُوْا جَنَّةَ رَبِّكُمْ بِالسَّـلاَمِ ، فَقَدْ قَالَ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ : أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشًّيْطَانِ الرَّجِيْمِ ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ ، يا أيها الذين آمنوا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْن
Maasyiral Muslimin rahimakumullah
Wonten dinten Jumat kebak berkah meniko, sepindah, monggo kito sami ningkataken takwo dumateng Gusti Allah, utawi ajrih dumateng Gusti Allah, kanti tansah ninda’aken sedoyo perintahipun lan nebihi laranganipun ingkang sampun katetepaken wonten al-Quran. Gusti Allah sampun dawuh:
وَهَٰذَا كِتَابٌ أَنْزَلْنَاهُ مُبَارَكٌ فَاتَّبِعُوهُ وَاتَّقُوا لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُونَ
Artosipun: "Iki kitab wis ingsun turunaken kanti diberkahi, mongko ngenuto marang iki kitab lan takwaho supoyo siro pikantuk rahmat." (QS Al-An’am: 155)
Kaping kalih, sholawat serto salam tansah keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad ingkang sami kito anut, lan nuntun kito sedoyo tumuju dalan ingkang jejeg, ajaran ingkang haq, ugi ingkang kito ajeng-ajeng syafaatipun mbenjang wonten akhirat. Gusti Allah sampun negesaken:
قُلْ إِنْ كُنْتُمْ تُحِبُّونَ اللَّهَ فَاتَّبِعُونِي يُحْبِبْكُمُ اللَّهُ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ ۗ وَاللَّهُ غَفُورٌ رَحِيمٌ
Artosipun: "Ngucapo siro (Muhammad): lamun siro kabeh tenanan trisno marang Gusti Allah, ngenuto ingsun, mongko Gusti Allah bakal trisno marang siro lan ngapuro duso-duso siro. Gusti Allah Dzat kang moho ngapuro lan welas asih" (QS: Ali Imran: 31)
Hadirin jamaah Jumat ingkang minulyo
Sakmangken kito sampun mlebet sedoso dinten saking akhir wulan Ramadan. Salah setunggal kewajiban ingkang kedah dipun laksanaaken nggih meniko medalaken zakat fitrah kanggi tiyang Muslim. Gusti Allah dawuh:
وَاَقِيْمُوا الصَّلٰوةَ وَاٰتُوا الزَّكٰوةَ وَارْكَعُوْا مَعَ الرَّاكِعِيْنَ
Artosipun : "Lan podo laksanakno sholat, mbayar zakat, lan rukuk sertane wong-wong kang podo rukuk." (QS Al-Baqarah: 43)
Kito sedoyo kedah mahami bilih zakat fitrah niku bagian saking sifat ketakwaan. Zakat fitrah saget dipun wastani ngresiki awak (tubuh) saking kotoran lan gadah tujuan kangge mbantu fakir miskin. Amergi katah tiyang roso kepemilikane kebablasan, sehinggo supe berbagi lan mbantu fuqoro wal masakin.
Tindak lampah mbayar zakat fitrah puniko kalebet setunggale amal ingkang dipun remeni Gusti Allah. Nopo maleh zakat fitrah ugi saget mbersihaken lan ngeresiki ati. Wonten Al-Quran dipun sebataken:
خُذْ مِنْ أَمْوَٰلِهِمْ صَدَقَةً تُطَهِّرُهُمْ وَتُزَكِّيهِم بِهَا وَصَلِّ عَلَيْهِمْ ۖ إِنَّ صَلَوٰتَكَ سَكَنٌ لَّهُمْ ۗ وَٱللَّهُ سَمِيعٌ عَلِيمٌ
Artosipun: "Ngalapo siro (Muhammad) saking bondone wong-wong kang tobat arupi zakat ingkang saget mbersihno lan ngeresiki, lan ndedungoho kanggo wong-wong iku (tobat). Saktemene dungo siro dadi ketentreman wong-wong iku (tobat), Lan Gusti Allah Dzat ingkang midanget lan pirso," (QS At-Taubah: 103).
Ayat niki dipun tafsiri kaliyan Prof. Quraish Shihab mekaten: "Hei Muhammad, munduto sedekah (zakat) saking bondone wong-wong kang bertobat iku, ingkang saget ngeresiki saking duso lan sifat bakhil, lan saget ngangkat derajate wonten ngersanipun Gusti Allah. Ndedungoho kanggo wong-wong iku amergi iso dadi ketenangan jiwa lan atine. Gusti Allah iku Dzat kang midanget lan kang ngaweruhi wong-wong kang ikhlas bertobat."
Jamaah Jumat ingkang sami dirahmati Allah
Katah tiyang ingkang sami eman, bakhil, mboten purun medalaken zakat, kranten saking trisnoe marang bondo dunyo. Padahal tiyang ingkang mboten medalaken zakat dipun ancam lan dipun tegesaken wonten ing Al-Qur'an:
وَلَا يَحْسَبَنَّ ٱلَّذِينَ يَبْخَلُونَ بِمَآ ءَاتَىٰهُمُ ٱللَّهُ مِن فَضْلِهِۦ هُوَ خَيْرًا لَّهُم ۖ بَلْ هُوَ شَرٌّ لَّهُمْ ۖ سَيُطَوَّقُونَ مَا بَخِلُوا۟ بِهِۦ يَوْمَ ٱلْقِيَٰمَةِ ۗ وَلِلَّهِ مِيرَٰثُ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلْأَرْضِ ۗ وَٱللَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ خَبِيرٌ
Artosipun: "Ora pisan-pisan wong kang bakhil podo nyongko bilih bondo ingkang diparingi Gusti Allah iku sae mungguhe piyambake sedoyo. Padahal bakhil iku olo kanggo piyambake sedoyo. Bondo ingkang dibakhili bakal dikalungaken sesok dino kiamat. Lan sekabehane warisan ing langit bumi iku keduwe Gusti Allah. Gusti Allah ngaweruhi opo ingkang siro kabeh lakoni" (QS. Ali Imran 180)
Tegese tiyang ingkang bakhil, ora medalaken zakat fitrah, bakal dipun kalungi bondone wonten dinten kiamat. Saklintune zakat fitrah, wonten akhir Ramadan ugi dipun anjuraken sedekah krono Gusti Allah. Sebab tiyang ingkang remen sedekah bakal dipun wales ganjaran tikel-tikel. Gusti Allah dawuh:
مَثَلُ الَّذِينَ يُنْفِقُوْنَ أَمْوَالَهُمْ فِي سَبِيلِ اللهِ كَمَثَلِ حَبَّةٍ أَنْبَتَتْ سَبْعَ سَنَابِلَ فِي كُلِّ سُنْبُلَةٍ مِئَةُ حَبَّةٍ، وَاللهُ يُضَاعِفُ لِمَنْ يَشَاءُ، وَاللهُ وَاسِعٌ عَلِيمٌ
Artosipun: "Tupo tulodone wong kang nyedekahaken bondone ono ing dalane Gusti Allah iku koyo dene wiji siji kang nukulaken pitung dompol, ono ing saben-saben dompol iku nduweni 100 wiji. Gusti Allah iku dzat kang nikelaké ganjaran marang wong kang di kersa'aken, Gusti Allah iku Moho jembar lan ngudaneni." (QS: Al-Baqarah: 261)
Walhasil, saking pepertelan meniko, kito umat Islam kedah bayar zakat fitrah menawi sampun jangkep syarat-syarate. Zakat fitrah mboten saget dibakhili, lan mboten saget dipun eman-eman. Kranten saget ngotori ati lan diancam sikso ing dinten kiamat.
Pramilo, monggo sami cawis-cawis bayar zakat, ampun ngantos supe bilih batas akhire niku dinten akhir saking wulan Ramadan sakderenge shalat Idul Fitri. Lajeng zakat fitrah dipun bagi marang fakir miskin lan mustahiq lintune. Mugi-mugi zakat fitrah kito amale dipun tampi kaliyan Gusti Allah. Amiin.
أَعُوْذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ قُلْ إِن كُنتُمْ تُحِبُّونَ ٱللَّهَ فَٱتَّبِعُونِى يُحْبِبْكُمُ ٱللَّهُ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ ۗ وَٱللَّهُ غَفُورٌ رَّحِيمٌ ، بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرآنِ العَظِيمِ، وَنَفَعَنَا وَإِيَّاكُمْ بِالْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ، إِنَّهُ تَعَالَى جَوَادٌ كَرِيمٌ، مَلِكُ بَرُّ رَؤُوفٌ رَحِيمٌ
Khutbah II
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ إِرْغَاماً لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّداًعَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ الخَلاَئِقِ وَالْبَشَرِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ إِلَى يَوْمِ الدين
أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا اللهَ فِيْمَا أَمَرَ ، وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِينَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ
Editor: Muhammad Faizin


