Khutbah I
اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِىْ جَعَلَ الْاِسْلَامَ طَرِيْقًا سَوِيًّا، وَوَعَدَ لِلْمُتَمَسِّكِيْنَ بِهِ وَيَنْهَوْنَ الْفَسَادَ مَكَانًا عَلِيًّا اَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ، شَهَادَةَ مَنْ هُوَ خَيْرٌ مَّقَامًا وَأَحْسَنُ نَدِيًّا، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ أَرْسَلَهُ بِالْحَقِّ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا. اَللّهُمَّ صَلِّ عَلَى سيدنا محمد وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ، قَالَ اللهُ تَعَالَى : بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ، يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
Jamaah Jumat rahimakumullah
Wonten dinten kebak berkah meniko, sumonggo kito sami ningkataken raos takwo dumateng Gusti Allah, takwo ingkang dipun buktiaken kaliyan ngelampahi sedoyo perintahipun lan nebihi sedoyo awisanipun kanti ikhlase penggalih.
Shalawat serto salam tansah keaturaken dumateng Kanjeng Nabi ingkang sampun paring tupo tulodo kesaenan lan nuduhaken marang dalan jejek ingkang dipun ridoni Gusti Allah. Gusti Allah sampun dawuh:
قُلْ إِن كُنتُمْ تُحِبُّونَ اللَّهَ فَاتَّبِعُونِي يُحْبِبْكُمُ اللَّهُ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ ۗ وَاللَّهُ غَفُورٌ رَّحِيمٌ
Artosipun: "Ngucapo siro (Muhammad marang kaum), lamun siro kabeh trisno marang Allah, lajeng ngenut siro kabeh marang ingsun, mongko Allah trisno marang siro kabeh lan ngapuro duso siro kabeh, Gusti Allah iku dzat akeh ngapuro lan welas asihe." (QS: Ali Imran: 31)
Ayat meniko paring pangertosan bilih tiyang ingkang ngersaaken dipun trisnani, ugi dipun ridoni kaliyan Gusti Allah, mongko kedah ngawiti trisno lan nderek Kanjeng Nabi Muhammad rumiyen. Amergi Kanjeng Nabi Muhammad meniko tiyang agung ingkang dipun anugerahi kesaenan lan nggadahi sifat ingkang mulyo.
Sifat mulyo ingkang dipun ajaraken marang umat Islam, niku kados sabar, tawadu’. Ikhlas, mboten takabur, sregep nolong tiyang kesusahan, mboten rasan-rasan, mboten adu domba, mboten ujub, mboten riya, lan mboten nganiyoyo.
Jamaah Jumat rahimakumullah
Pinten-pinten sifat mulyo ingkang sampun dipun contohaken kaliyan Kanjeng Nabi Muhammad ingkang penting sanget dipun jogo nggih puniko nduwe sifat ngeroso isin. Setunggale hadits ndawuhaken:
اْلإِيْمَانُ بِضْعٌ وَسَبْعُوْنَ أَوْ بِضْعٌ وَسِتُّوْنَ شُعْبَةً، فَأَفْضَلُهَا قَوْلُ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ، وَأَدْنَاهَا إِمَاطَةُ اْلأَذَى عَنِ الطَّرِيْقِ، وَالْحَيَاءُ شُعْبَةٌ مِنَ َاْلإِيْمَانُ
Artosipun: "Iman iku punjul soko pitung puluh utowo swida’ cabang, cabang iman paling duwur yoiku ngucap 'La ilaha illallah', lan cabang iman paling ngisor yoiku nyingkrihno gangguan (duri) soko dalan, lan roso isin iku kalebet cabang iman." (HR. Muslim 1/46).
Kito sadari kito sedoyo menungso biasa ingkang sering luput lan salah, sehinggo katah ingkang mboten kito sadari bilih kesalahan niku numpuk lan dados penyakit ati. Pramilo, salah setunggale kunci kanggo ngresiki penyakit ati niku nggadahi roso isin marang Gusti Allah. Punopo roso isin dados kunci? amergi saking roso isin kesebat, saget nyegah kito sedoyo ngelakoni maksiat.
Wonten setunggale hadits ingkang dipun riwayataken saking Ibnu Umar, nalikane Kanjeng Nabi liwat wonten ngajenge sahabat saking golongan Ansor, penjenenganipun (Kanjeng Nabi) ningali sahabat niku mituturi sedulure kranten gampang ngeroso isin. Lajeng Kanjeng Nabi dawuh:
دَعْهُ فإنَّ الْحَيَاءَ مِنَ الإِيمَانِ
Artosipun: "Tinggalno (biarkan) sedulurmu, sebab ngeroso isin iku termasuk cabange iman." (Manarul Qari Syarh Muhtasar Sahih Bukhari 1/105)
Jamaah Jumat rahimakumullah
Dawuh meniko wonten keterangan lanjutanipun dipun jelasaken, bilih tinggalno iku tegese mboten perlu mituturi sedulure sebab nggadah roso isin. Malah Kanjeng Nabi remen kaliyan umat Islam ingkang nggadah roso isin, kranten roso isin niku saget nyegah tiyang saking perkoro maksiat.
Nggadah roso isin teng mriki maksude isin marang Gusti Allah, ngantos piyambake rumongso sedoyo krentek lan tingkah lakune dipun awasi kaliyan Gusti Allah wonten pundi kimawon. Misale krentek bade tinggal sholat, piyambake mboten wantun, bade korupsi, mboten wantun, bade nyolong, nggih mboten wantun.
Sedoyo krentek olo lan keinginan maksiat, otomatis mboten siyos dipun lampahi, kranten nggadah roso isin marang Gusti Allah ingkang tansah mirsani lan ngawasi 24 jam. Akhire tiyang niku soyo ningkat ketakwaane, lan taqarub marang Gusti Allah.
Pramilo, monggo kito sedoyo nggadahi roso isin marang Gusti Allah, lan nyuwun marang Gusti Allah saget istiqomah anggenipun njungkung ibadah, ugi nggadah kekuatan nolak bujuke howo nafsu lan setan ingkang sering njlumprungaken menugso.
Mugi-mugi sedoyo duso kito dipun apuro lan dipun lebetaken suwargo sareng Kanjeng Nabi Muhammad. Amin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَجَعَلَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاِت وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. إِنَّهُ هُوَ البَرُّ التَّوَّابُ الرَّؤُوْفُ الرَّحِيْمُ. وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ أَرْحَمُ الرّاحِمِيْنَ
Khutbah II
اَلحَمْدُ للهِ حَمْدًا كَمَا اَمَرَ. وَأَشْهَدُ اَنْ لَّا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ إِرغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ الخَلاَئِقِ وَالبَشَرِ. اَللَّهُمُّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ مَا اتَّصَلَتْ عَيْنٌ بِنَظَرٍ وَاُذُنٌ بِخَبَرٍ
أَمَّا بَعْدُ: فَيَاعِبادَ الله إِتَّقُوْا اللهَ تَعَالَى وَذَرُوْا الفَوَاخِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بطَنَ وَحَافِظُوْا عَلَى الطَّاعَةِ وَخُضُوْرِ الجُمُعَةِ وَالجَمَاعَةِ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلاَئِكَةِ المُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ، فَقَالَ تَعَالىَ وَلَمْ يَزَلْ قَائِلاً عَلِيْمًا إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَااَيَّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وِسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَصَحْبِهِ أَجمَعِيْنَ, اَللَّهُمَّ وَارْضَ عَنِ الخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ الَّذِيْنَ قَضَوْا بِالحَقِّ وَكَانُوْا بِهِ يَعْدِلُوْنَ سَادَاتِنَا أَبِى بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِيٍّ وَعَنْ سَائِرِ أَصْحَابِ نَبِيِّكَ أَجْمَعِيْنَ وَعَنِ التَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
اللَهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمُسلِمَاتِ وَالمُؤْمِنِينَ وَالمُؤْمِنَاتِ اَلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ أَعِزَّ الإِسْلاَمَ وَالمُسْلِمِيْنَ وَأَعْلِ كَلِمَتَكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, اَللَّهُمَّ اَمِنَّا فِى دُوْرِنَا وَأَصْلِحْ وُلاَةَ أُمَوْرِنَا وَاجْعَلِ اللَّهُمَّ وِلاَيَتَنَا فِيْمَنْ خَافَكَ وَاتَّقَاكَ. اَللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الغَلاَءَ وَالوَبَاءَ والرِّبَا وَالزِّنَا وَالزَّلاَزِلَ وَالْمِحَنَ وَسُوْءَ الفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بِلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلاَدِ المُسلِمِينَ عَامَّةً يَارَبَّ العَالَمِينَ رَبَّنَا آَتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
عِبادَ الله ! إِنَّ اللهَ يَأمُرُ بِالعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِى القُربَى وَيَنْهَى عَنِ الفَخْشَاءِ وَالمُنْكَرِ وَالبَغْيِ يَعِظُكُم لَعَلَّكُم تَذَكَّرُوْنَ, فَاذْكُرُوْا اللهَ العَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ اشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكبَرُ
Editor:


