Khutbah Jumat Basa Jawa: Songsong Lailatul Qadar lan 5 Kautamaane

Khutbah Jumat Basa Jawa: Songsong Lailatul Qadar lan 5 Kautamaane

Khutbah I

اْلحَمْدُ للهِ الّذي هَدَانَا سُبُلَ السّلاَمِ، وَأَفْهَمَنَا بِشَرِيْعَةِ النَّبِيّ الكَريمِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لا شَرِيك لَه، ذُو اْلجَلالِ وَالإكْرام، وَأَشْهَدُ أَنّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسولُه، اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى الِه وَأصْحابِهِ وَالتَّابِعينَ بِإحْسانٍ إلَى يَوْمِ الدِّين. أَمَّا بَعْدُ: فَيَايُّهَا الناس، اِتَّقُوا الله،  أوْصُيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ، قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمْ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا الله وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ الله وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا  

Maasyiral Muslimin rahimakumullah,

Wonten dinten kebak berkah meniko, sepindah lan utami, monggo kito sami ngaturaken puji syukur dumateng Allah awit saking sedoyo nikmat lan karunianipun ingkang tansah dipun paringaken dumateng kito sedoyo, ngantos dinten meniko kito saged nglaksanaaken ibadah shalat Jumat wonten ing masjid ingkang mulyo meniko.

Shalawat soho salam mugi tansah kaparingaken dhumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW. Mugi kito tansah tresno dhumateng panjenenganipun, remen maos shalawat, lan mugi kito kalebet umatipun ingkang pikantuk syafaatipun wonten ing yaumil qiyamah, amin.

Maasyiral Muslimin rahimakumullah,

Monggo kito ningkataken raos takwo dumateng Gusti Allah kanti ngelampahi sedoyo perintahipun lan nilar sedoyo laranganipun. Mugi Allah tansah paring hidayah lan pituduh dumateng kito sedoyo, supados kito tetep wonten ing dalem iman lan takwo dumateng Panjenenganipun, amin.

Maasyiral Muslimin rahimakumullah,

Wulan Ramadhan saklintune dipun sebut syahrus shiyam (wulan poso), ugi dipun kenal dados syahrul Qur’an (wulan Al-Qur’an), awit ing wulan meniko Al-Qur’an kaping pisan dipun turunaken. Gusti Allah ngendiko;

شَهْرُ رَمَضَانَ الَّذِيَ أُنزِلَ فِيهِ الْقُرْآنُ هُدًى لِّلنَّاسِ وَبَيِّنَاتٍ مِّنَ الْهُدَى وَالْفُرْقَانِ

Artosipun: “Wulan Ramadhan, ingkang wonten ing jeronipun dipun turunaken (wiwitanipun) Al-Qur’an ingkang dados pituduh tumrap manungso lan bukti nyoto saking pituduh soho pembedo antawisipun ingkang hak lan batil.” (QS. Al-Baqarah: 185)

Ayat puniko mboten namung nyeritaaken wekdal dipun turunakenipun Al-Qur’an, ananging ugi ngemot pengajeng-ajeng bilih wonten setunggaling dalu ing wulan Ramadhan ingkang saged nikelaken ganjaran ibadah ngantos langkung saking sewu wulan. Dalu puniko dipun asmani Lailatul Qadar.

Pengajeng-ajeng pikantuk Lailatul Qadar puniko sanget dipun idam-idamaken sinten kimawon saking umat Islam. Rasulullah piyambak paring dawuh supados temen utawi sungguh-sungguh nguber dalu meniko, kados sabdo panjenenganipun:

تَحَرَّوْا لَيْلَةَ القَدْرِ في الوتْرِ مِنَ العَشْرِ الأوَاخِرِ مِنْ رَمَضَانَ

Tegesipun: “Podo golekono Lailatul Qadar ono ing wengi-wengi ganjil awit saking sepuluh dino pungkasan wulan Ramadhan.” (HR. Muhammad al-Bukhari)

Lajeng, Maasyiral Muslimin rahimakumullah,

Nopo keutamaan Lailatul Qadar? Wonten gangsal keutamaan Lailatul Qadar ingkang saget dipun mangertosi:

1. Al-Qur’an dipun turunaken wonten ing Lailatul Qadar. Gusti Allah ngendiko:

اِنَّآ اَنْزَلْنٰهُ فِيْ لَيْلَةِ الْقَدْرِ

Artosipun: “Saktemene ingsun wis nurunake (Al-Qur’an) ing wengi Qadar.” (QS. Al-Qadr: 1)

2. Wengi ingkang kebak berkah. Gusti Allah ngendiko:

اِنَّآ اَنْزَلْنٰهُ فِيْ لَيْلَةٍ مُّبٰرَكَةٍ اِنَّا كُنَّا مُنْذِرِيْنَ

Artosipun: “Saktemene Ingsun nurunake ing wengi kang kebak berkah. Saktemene Ingsun paring pepeling.” (QS. Ad-Dukhan: 3)

Tegese, ing wengi puniko, Allah paring berkah ingkang katah dumateng tiyang ingkang nyedak (taqarub) kaliyan Panjenenganipun kanti ndungo, dzikir, sholat, tafakur, lan nyuwun pangapunten.

3. Ganjaran ngluwihi sewu wulan. Gusti Allah dawuh:

لَيْلَةُ الْقَدْرِ خَيْرٌ مِّنْ اَلْفِ شَهْرٍ

Artosipun: “Wengi Qadar iku luwih becik tinimbang sewu wulan.” (QS. Al-Qadr: 3)

Tegese, ibadah ing wengi puniko nilaine langkung ageng tinimbang ibadah sewu wulan.

4. Malaikat mudun mbeto rahmat. Gusti Allah dawuh:

تَنَزَّلُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ وَالرُّوْحُ فِيْهَا بِاِذْنِ رَبِّهِمْ مِنْ كُلِّ اَمْرٍ

Artosipun: “Ing wengi iku poro malaikat lan Ruh (Jibril) muduun kanthi izine Pangeranipun kangge ngatur sedoyo urusan.” (QS. Al-Qadr: 4)

5. Wengi kebak keslametan. Gusti Allah sampun dawuh:

سَلٰمٌ هِيَ حَتّٰى مَطْلَعِ الْفَجْرِ

Artosipun: “Wengi iku kebak keslametan nganti metu fajar.” (QS. Al-Qadr: 5)

Pramilo, saking keterangan kasebat, saget dipun pundut pangertosan bilih Lailatul Qadar nggadahi keutamaan luar biasa. Sehinggo Kanjeng Nabi ngutus umat Islam supados nguber wengi istimewa meniko.

Mugi-mugi kito tansah semangat ningkataken ibadah, langkung-langkung ing sepuluh dinten pungkasan wulan Ramadhan. Mugi kito dipun paringi kemudahan kangge nyongsong lan taqarrub dumateng Gusti Allah kanti maksimal lan kalebet golongan ingkang pikantuk kabecikan soho berkah Lailatul Qadar, amin.

بَارَكَ اللَّهُ لِىْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَّلَ مِنِّى وَاِيَّاكُمْ تِلَاوَتَهُ، إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.

Khutbah II

اَلحَمْدُ للهِ حَمْدًا كَمَا اَمَرَ. وَأَشْهَدُ اَنْ لَّا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ إِرغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ الخَلاَئِقِ وَالبَشَرِ. اَللَّهُمُّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ مَا اتَّصَلَتْ عَيْنٌ بِنَظَرٍ وَاُذُنٌ بِخَبَرٍ. أَمَّا بَعْدُ: فَيَا َعِبادَ الله إِتَّقُوْا اللهَ تَعَالَى وَذَرُوْا الفَوَاخِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بطَنَ وَحَافِظُوْا عَلَى الطَّاعَةِ وَخُضُوْرِ الجُمُعَةِ وَالجَمَاعَةِ

وَاعْلَمُوا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ  فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلاَئِكَةِ المُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ، فَقَالَ تَعَالىَ وَلَمْ يَزَلْ قَائِلاً عَلِيْمًا إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَااَيَّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وِسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَصَحْبِهِ أَجمَعِيْنَ, اَللَّهُمَّ وَارْضَ عَنِ الخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ الَّذِيْنَ قَضَوْا بِالحَقِّ وَكَانُوْا بِهِ يَعْدِلُوْنَ سَادَاتِنَا أَبِى بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِيٍّ وَعَنْ سَائِرِ أَصْحَابِ نَبِيِّكَ أَجْمَعِيْنَ وَعَنِ التَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
 
اللَهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمُسلِمَاتِ وَالمُؤْمِنِينَ وَالمُؤْمِنَاتِ اَلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ أَعِزَّ الإِسْلاَمَ وَالمُسْلِمِيْنَ وَأَعْلِ كَلِمَتَكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, اَللَّهُمَّ انْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ المُسْلِمِيْنَ. اَللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الغَلاَءَ وَالوَبَاءَ والرِّبَا وَالزِّنَا وَالزَّلاَزِلَ وَالْمِحَنَ وَسُوْءَ الفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بِلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلاَدِ المُسلِمِينَ عَامَّةً يَارَبَّ العَالَمِينَ  رَبَّنَا آَتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

عِبادَ الله ! إِنَّ اللهَ يَأمُرُ بِالعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِى القُربَى وَيَنْهَى عَنِ الفَخْشَاءِ وَالمُنْكَرِ وَالبَغْيِ يَعِظُكُم لَعَلَّكُم تَذَكَّرُوْنَ, فَاذْكُرُوْا اللهَ العَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ واشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكبَرُ


Editor:
Al-Quran Digital

Khutbah Lainnya

Hadits Online

Terbaru Lainnya

logo