Dark
Light
Dark
Light

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Punopo dipun Wastani Wulan Dzulqa’dah?

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Punopo dipun Wastani Wulan Dzulqa’dah?

Khutbah I

اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِىْ جَعَلَ الْاِسْلَامَ طَرِيْقًا سَوِيًّا، وَوَعَدَ لِلْمُتَمَسِّكِيْنَ بِهِ وَيَنْهَوْنَ الْفَسَادَ مَكَانًا عَلِيًّا. اَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ، شَهَادَةَ مَنْ هُوَ خَيْرٌ مَّقَامًا وَأَحْسَنُ نَدِيًّا، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ أَرْسَلَهُ بِالْحَقِّ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا. اَللّهُمَّ صَلِّ عَلَى سيدنا محمد وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ 

اَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهاَ الْحَاضِرُوْنَ اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلا تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ فَقَالَ تَعاَلىَ فِى الْقُرْاَنِ الْكَرِيْمِ يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

Maasyiral Muslimin rahimakumullah.

Monggo kito sami takwo lan taat dumateng Allah, wonten ing panggenan pundi kemawon kawontenan, kanti tansah nindakaken sedoyo perintah lan nebihi sedoyo awisanipun, supados pikantuk rahmat lan kabegjan saking ngerso Gusti Allah.

Sholawat serto salam keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad ingkang paring kito sedoyo pituduh lan tupo tulodo supados paham lan mangertos bab agomo Islam. Saking Kanjeng Nabi, kito sami ngajeng-ngajeng syafaatipun mbenjang ing dinten kiamat.

Maasyiral Muslimin rahimakumullah.

Kito sedoyo dados mahkhluk mulyo tenimbang makhluk lintune sampun dipun imutaken kaliyan Gusti Allah:

وَلَقَدْ كَرَّمْنَا بَنِي آدَمَ وَحَمَلْنَاهُمْ فِي الْبَرِّ وَالْبَحْرِ وَرَزَقْنَاهُم مِّنَ الطَّيِّبَاتِ وَفَضَّلْنَاهُمْ عَلَىٰ كَثِيرٍ مِّمَّنْ خَلَقْنَا تَفْضِيلًا

Artosipun: "Lan temen wis ingsun mulyaaken anak putu Adam lan ingsun angkut ono ing daratan lan laut, lan ingsun wis paring rezeki saking bahan kang sae, lan ingsun unggulake ngungkuli makhluk lintune kelawan keunggulan tenanan". (QS: Al-Isra’, 70)

Ayat meniko negesaken bilih Gusti Allah paring kamulyan arupi iman lan akal dateng menungso supados unggul ketimbang makhluk lintune. Ugi panggenan lan wekdal ingkang dipun lampahi menungso nggadah kautamaan ketimbang makhluk lintu. Pramilo, menungso dipun anugerahi arupi pinten-pinten wekdal ingkang nggadahi kautamaan kados wulan Dzulqa’dah.

Wonten setunggale tafsir, ayat meniko dipun jelasaken bilih Gusti Allah sampun paring kamulyan dateng menungso selaku tedak turune Nabi Adam, nggih meniko golongane menungso ingkang pinaringan kedadiyan ingkang sempurno; fisik, akal, manah, hinggo pikantuk ilmu pengetahuan katah. 

Jamaah Jumat ingkang minulyo

Gusti Allah dawuh wonten surat at-Taubah, 36:

إِنَّ عِدَّةَ الشُّهُورِ عِنْدَ اللَّهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِي كِتَابِ اللَّهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ

Artosipun: "Saktemene wilangan wulan mungguhe Gusti Allah iku rolas wulan, miturut pepestene Gusti Allah nalikane nyiptaaken langit lan bumi, ing antawisipun wonten sekawan wulan ingkang dimulyaaken."

Setunggale hadits Sahih Bukhari riwayat Abi Bakrah mertelaaken sekawan wulan ingkang mulyo:

عَنْ أَبِي بَكْرَةَ عَنْ النَّبِيِّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قَالَ إِنَّ الزَّمَانَ قَدْ اسْتَدَارَ كَهَيْئَتِهِ يَوْمَ خَلَقَ اللَّهُ السَّمَوَاتِ وَالْأَرْضَ السَّنَةُ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ ثَلَاثٌ مُتَوَالِيَاتٌ ذُو الْقَعْدَةِ وَذُو الْحِجَّةِ وَالْمُحَرَّمُ وَرَجَبُ مُضَرَ الَّذِي بَيْنَ جُمَادَى وَشَعْبَانَ

Artosipun: "Riwayat saking Abi Bakrah saking Kanjeng Nabi, saktemene zaman iku muter koyok dene bentuk awale nalika Gusti Allah nyiptaaken langit lan bumi. Setahun iku ono rolas wulan, antawisipun ono sekawan wulan mulyo, telung wulane jejer urut, yakni Dzulqa’dah, Dzul hijjah, Muharram, lajeng setunggal wulan ingkang kepisah, wulan Rajab (mudor) ingkang dumawah antawisipun Jumadil Akhir lan Sya’ban."

Jamaah Jumat ingkang bahagio

Sakmeniko kito wonten ing lebete wulan Dzulqa’dah, setunggale wulan ingkang kecatet mulyo lan dados wulan persiapan tumuju maring wulan haji (Dzulhijjah). Menopo wulan meniko dipun wastani mulyo? Kranten ing wulan meniko umat Islam sedoyo sami ninggal perang lan khusuk ibadah marang Allah. 

Dzulqa’dah saget diwastani Dzulqu’ud artose tiyang ingkang lenggah keranten sami bade ketungkul ibadah, nggih meniko ibadah haji. Pramilo dipun susul kaliyan wulan Dzulhijjah. Gusti Allah paring dawuh ing surat Al-Baqarah ayat 197:

اَلْحَجُّ اَشْهُرٌ مَّعْلُوْمٰتٌ

Artosipun: "Musim haji iku ono ing wulan kang dimaklumi (ditentuaken)"

Setunggale kejadian ing lebete wulan Dzulqa’dah, nggih meniko Kanjeng Nabi ibadah umrah ngantos kaping sekawan. Meniko hadis saking Sahih Bukhari ingkang dipun riwayataken Sahabat Anas bin Malik:

اعْتَمَرَ رَسُولُ اللَّهِ صلى الله عليه وسلم أَرْبَعَ عُمَرٍ، كُلَّهُنَّ فِي ذِي القَعْدَةِ، إِلَّا الَّتِي كَانَتْ مَعَ حَجَّتِهِ، عُمْرَةً مِنَ الحُدَيْبِيَةِ فِي ذِي القَعْدَةِ، وَعُمْرَةً مِنَ العَامِ المُقْبِلِ فِي ذِي القَعْدَةِ، وَعُمْرَةً مِنَ الجِعْرَانَةِ، حَيْثُ قَسَمَ غَنَائِمَ حُنَيْنٍ فِي  ذِي القَعْدَةِ، وَعُمْرَةً مَعَ حَجَّتِهِ (رواه البخاري) 

Artosipun: "Rasulullah umroh kaping sekawan, sedoyo wonten lebete Dzulqa’dah kejobo umroh ingkang dilaksanaaken sareng haji; rinciane yoiku setunggal umrah saking Hudaibiyyah, setunggal umroh wonten tahun ngejengipun, setunggal umroh saking Ji’ronah nalika mbagi rampasan perang Hunain, setunggal maleh umroh sareng haji " (HR al-Bukhari).

Pinten-pinten dawuh kasebat, ingkang sampun dipun pertelaaken saking Al-Quran hadis meniko nuduhaken dateng kito sedoyo supados nyalap (nyelehaken) perkawis dunyo sekedap tumuju ibadah marang Allah, keranten wulan Dzulqa’dah kalebet wekdal ingkang mulyo. Ampon ngantos kito sia-siaaken.

Monggo kito tingkataken amal ibadah kito sedoyo kanti tenanan. Khususe kagem tiyang ingkang tindak haji, wulan meniko sae sanget dipun isi kaliyan umroh. Kranten Kanjeng Nabi sampun paring contoh umroh wonten wulan Dzulqa’dah. 

Lajeng kagem tiyang ingkang dereng angsal rezeki tindak haji, wulan Dzulqa’dah saget dipun isi kaliyan tindak lampah sae, nebihi maksiat, ibadah kanti tekun lan ndedungo marang Gusti Allah supados pinaringan rezeki saget sowan dateng Baitullah.

Mugi-mugi kito sedoyo pikantuk rahmat lan pengapuro saking Gusti Allah lan diparingi gangsar, sabar anggenipun ngelampahi pagesangan wonten dunyo. Amiin.

   بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ. وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَيَا فَوْزَ الْمُسْتَغْفِرِيْنَ وَيَا نَجَاةَ التَّائِبِيْنَ

Khutbah II

   اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ أَنْعَمَنَا بِنِعْمَةِ الْإِيْمَانِ وَالْإِسْلَامِ. وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ خَيْرِ الْأَنَامِ. وَعَلٰى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ الْكِرَامِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ الْمَلِكُ الْقُدُّوْسُ السَّلَامُ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا وَحَبِيْبَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَاحِبُ الشَّرَفِ وَالْاِحْتِرَامِ

 أَمَّا بَعْدُ: فَيَاأَيُّهَا النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى إِنَّ اللهَ وَ مَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يٰأَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَ سَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ فِي الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللّٰهُمَّ وَارْضَ عَنِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ. وَعَنْ أَصْحَابِ نَبِيِّكَ أَجْمَعِيْنَ. وَالتَّابِعِبْنَ وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ وَ تَابِعِهِمْ إِلٰى يَوْمِ الدِّيْنِ.

 اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْنَ وَالْأَمْرَاضَ وَالْفِتَنَ مَا لَا يَدْفَعُهُ غَيْرُكَ عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا إِنْدُوْنِيْسِيَّا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ.

عِبَادَ اللهِ، اِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُمْ بِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَاِيْتَاءِ ذِيْ الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوْا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرُكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ


Editor: Muhammad Faizin
Al-Quran Digital

Khutbah Lainnya

Hadits Online

Terbaru Lainnya

logo