Dark
Light
Dark
Light

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Larangan Kumowani Marang Wong Tuo

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Larangan Kumowani Marang Wong Tuo

Khutbah I

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ رَسُوْلِ اللهِ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالَاهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. أَمَّا بَعْدُ، فَإِنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْقَائِلِ في مُحْكَمِ كِتَابِهِ: وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى، وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الْأَلْبَاب. وَقَالَ: وَقَضٰى رَبُّكَ اَلَّا تَعْبُدُوْٓا اِلَّآ اِيَّاهُ وَبِالْوَالِدَيْنِ اِحْسٰنًاۗ اِمَّا يَبْلُغَنَّ عِنْدَكَ الْكِبَرَ اَحَدُهُمَآ اَوْ كِلٰهُمَا فَلَا تَقُلْ لَّهُمَآ اُفٍّ وَّلَا تَنْهَرْهُمَا وَقُلْ لَّهُمَا قَوْلًا كَرِيْمًا

Jamaah Jumat rahimakumullah.

Monggo kito tansah nyukuri nikmat Allah arupi nikmat sehat, iman, lan kesempatan kanggo sholat Jumat ing dinten niki. 

Ugi monggo kito sami netepi raos takwo dumateng gusti Allah, kanti ninda'aken sedoyo perintahipun soho nebihi sedoyo awisanipun, wonten tingkah sepi utawi rame. Gusti Allah sampun dawuh:

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا

Artosipun: "Hei wongkang podo iman, podo takwaho siro kabeh marang Gusti Allah, lan podo ngucapo siro kabeh kelawan ucapan kang bener"

Sholawat salam keaturaken dumateng Kanjeng Nabi ingkang sampun paring piwulang dumateng kito sehinggo kito sami mangertosi iman islam ihsan.

Katah sanget piwulang lan tindak lampah kesaenan ingkang dipun contohaken Kanjeng Nabi dumateng kito, supados kito saget nderek  pituduhipun Kanjeng Nabi lan pikantuk syafaat mbenjeng dinten kiamat.

Maasyiral Muslimin ingkang minulyo,

Ing antawise dosa paling gedhe sakwise syirik marang Gusti Allah yaiku kumowani utowo duroko marang wong tuwo. Padahal wong tuwo niku ingkang nglahirake lan ngasuh kito. Nggedheake kito kanti pengorbanan lan keringet. 

Gusti Allah ngendiko:

 وَقَضَىٰ رَبُّكَ أَلَّا تَعْبُدُوا إِلَّا إِيَّاهُ وَبِالْوَالِدَيْنِ إِحْسَانًا

Artosipun: "Lan Gusti Allah wis netepake: Ojok nyembah kejobo marang Allah lan kudu bekti marang wong tuwo," (QS. Al-Isra’: 23)

Ayat meniko negesaken bilih ngabekti marang wong tuwo niku perintah langsung saking Al-Quran saksampune perintah tauhid. Tegese ngabekti, mboten kumowani marang wong tuo niku penting banget.

Wujude kumowani marang wong tuwo niku mboten namung nganggo tangan utowo pukulan, ananging kalebu nganggo tembung kasar, nyentak, nanggepi karo nesu, utowo namung ngenyek utowo ora ngajeni wong tuwo.

Rasulullah ngendiko:

 أَلَا أُخْبِرُكُمْ بِأَكْبَرِ الْكَبَائِرِ؟ قَالُوا: بَلَى، قَالَ: الْإِشْرَاكُ بِاللَّهِ، وَعُقُوقُ الْوَالِدَيْنِ

Artosipun: "Awakmu kabeh gelem tak kandhani bab dosa paling gedhe? Jawabe: inggih, ya Rasulullah. Rasul ngendiko: syirik marang Gusti Allah lan duroko marang wong tuwo." (HR. Bukhari-Muslim)

Jamaah Jumat ingkang sami bebungah

Pentinge ngabekti marang wong tuwo lan larangan duroko marang wong tuwo niku pondasine tiyang gesang supados saget berkah.

Amergi katah anak duroko mboten pikantuk barokah ing gesange. Bondone mboten berkah, omahé mboten ayem, lan doane mboten dijabahi, atine sumpek, was-was, cemas.

Kosok wangsule, anak ingkang ngabekti marang wong tuwo, uripe bakal dimulyakake Allah, didongakke malaikat, lan dijamin kebagusan dunyo akhiraté.

Pramilo, monggo kito sregep, semangat nindaaken sholat jamaah limang wektu. Mugi-mugi kito pinaringan pitulung saking Gusti Allah lan dipun lebetaken golongane tiyang ingkang bebas saking geni neroko. 

Monggo sami podo eling. Tiyang ingkang dereng nate nyuwun ngapura marang wong tuwo, monggo cepet-cepet nyuwun ngapuro marang wong tuwo. Mumpung tasih gesang. 

Menawi wong tuwone sampun kapundhut, monggo dipun dongakno saben dinten, lan amal sedekah dipun hadiahaken marang wong tuwo. Mugi-mugi kito kalebet tiyang ingkang mulyaaken wong tuwo. Amin.

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرآنِ العَظِيمِ، وَنَفَعَنَا وَإِيَّاكُمْ بِالْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ، إِنَّهُ تَعَالَى جَوَادٌ كَرِيمُ، مَلِكُ بَرُّ رَؤُوفٌ رَحِيمٌ. وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِينَ

Khutbah II

 

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ ثُمَّ الْحَمْدُ لِلّٰهِ. أَشْهَدُ أنْ لآ إلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ لَا نَبِيّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ القِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ

فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يٰأَ يُّها الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدَنَا مُحَمَّدٍ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْياءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عامَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. اللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ وَاَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ

عٍبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ


Editor: Muhammad Faizin
Al-Quran Digital

Khutbah Lainnya

Hadits Online

Terbaru Lainnya

logo