Dark
Light
Dark
Light

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Njogo Kerukunan Sinaoso Bedo Agomo

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Njogo Kerukunan Sinaoso Bedo Agomo

Khutbah I

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ، نَحْمَدُهُ، وَنَسْتَعِينُهُ، وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ، وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَـدُ أَنْ لآ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ شَهَادَةً أُدَخِّرُهَا لِيَوْمِ الْقِيَـامِ ، وَأَشْـهَدُ أنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِي بِقَوْلِهِ وَفِعْلِهِ إِلَى دَارِ السَّـلاَمِ، أَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَـيِّدِنَا مُحَمَّدٍ مِصْبَاحِ الظَّلاَمِ ، صَلاَةً تُشْفِيْنَا بِهَا مِنَ الدَّآءِ وَاْلأَسْـقَامِ، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الزِّحَامِ، أَمَّا بَعْـدُ فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْـوَى اللهِ خَالِقِ اْلأَنَامِ ، تَدْخُلُوْا جَنَّةَ رَبِّكُمْ بِالسَّـلاَمِ ، فَقَدْ قَالَ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ  : أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشًّيْطَانِ الرَّجِيْمِ  ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ ، يا أيها الذين آمنوا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْن

Ma'asyiral Muslimin rahimakumullah,

Wonten dinten kebak berkah meniko, monggo kito sami takwo dumateng Gusti Allah ing panggenan pundi kimawon, kanti nindaaken sedoyo perintahipun lan awisanipun. Gusti Allah sampun maringi kito nikmat arupi iman, Islam lan nikmat kesehatan, kesarasan.

Shalawat serto salam tansah keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad, keluargo lan poro sohabat ingkang sampun paring contoh dumateng kito sedoyo supados saget ibadah kanti leres lan nderek akhlak ingkang mulio. 

Sedoyo nikmat kedah kito syukuri, Gusti Allah sampun dawuh:

وَاِنْ تَعُدُّوْا نِعْمَةَ اللّٰهِ لَا تُحْصُوْهَا ۗاِنَّ اللّٰهَ لَغَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ

Artosipun: "Lamun siro kabeh ngitung nikmate Allah, mongko ora bakal iso ngitung. Saktemene Gusti Allah iku akeh pengapuro tur welas asih" (Al-Nahl : 18)

Ayat meniko dados pepiling dateng kito sedoyo bilih ageng sanget nikmate Allah ingkang dipun paringaken kito sedoyo, ngantos dipun tegesaken kito mboten bakal sanggup ngitung nikmat-nikmat ingkang sampun kito tampi. Bahkan kito sering supe lan mboten syukur ingatase nikmat kasebat. Sinaoso mekaten, Gusti Allah niku katah ngapurone dateng luput kito sedoyo. 

Hadirin ingkang dipun mulyaaken Gusti Allah

Sampun kito mangertosi sareng-sareng bilih ajarane agomo Islam niku njogo kerukunan antawis umat Islam lan umat lintu ingkang bedo agomo, kranten njogo kerukunan niku dados kunci persatuan, khususe ing negoro Indonesia.

Njogo kerukunan dumateng sinten kimawon sinaoso kaliyan umat lintu estu kedah dipun perhatosaken, asal mboten kebablasan. Ampun ngantos tumut girang lan tumut ibadahe agomo lintu, sebab saget kepleset kepincut marang agomo niku. 

Gusti Allah sampun negesaken wonten surat Al-Kafirun 6:

لَكُمْ دِينُكُمْ وَلِيَ دِينِ

Artosipun: "Kanggo siro kabeh, agomo siro kabeh, lan kanggo ingsun, agomo ingsun"

Ayat meniko dipun tafsiri kaliyan Syekh Wahbah Zuhaili mekaten: kanggo siro kabeh kesyirikan lan kekufuran siro kabeh, lan kanggo ingsun, agomo tauhid ingsun. Tegese, siro kabeh syirik iku tanggung jawab siro kabeh, lan agomo ingsun tanggung jawab ingsun. Saben-saben agomo nggadah aturan lan pertanggung jawabane. Saking ayat meniko ugi saget dados dalil bilih kito kedah nggadah prinsip mboten bade katut, terpengaruh kaliyan agomo lintu ing babakan akidah.

Jamaah Jumat ingkang sami minulyo

Lajeng kados pundi carane kito sesrawungan kangge njagi kerukunan kaliyan umat agomo lintu?. Jawabane mekaten: tiyang Islam ingkang sesrawungan niku kedah atos-atos, selagi atine sebatas hormat fil basyariyah, njogo kerukunan, toleransi, niku mboten nopo-nopo. Mboten mbrentek marang akidahipun. 

Gusti Allah dawuh:

وَمِنْهُمْ مَّنْ يُّؤْمِنُ بِهٖ وَمِنْهُمْ مَّنْ لَّا يُؤْمِنُ بِهٖۗ وَرَبُّكَ اَعْلَمُ بِالْمُفْسِدِيْنَ

Artosipun: "Lan setengah saking tiyang meniko wonten ingkang iman lan setengah saking tiyang meniko mboten iman, pengeran (Gusti Allah) luweh ngaweruhi kelawan tiyang-tiyang ingkang agawe kerusakan ,"(Yunus: 40)

وَاِنْ كَذَّبُوْكَ فَقُلْ لِّيْ عَمَلِيْ وَلَكُمْ عَمَلُكُمْۚ اَنْتُمْ بَرِيْۤـُٔوْنَ مِمَّآ اَعْمَلُ وَاَنَا۠ بَرِيْۤءٌ مِّمَّا تَعْمَلُوْنَ

Artosipun: "Lamun tiyang meniko tetep nggorohaken marang siro, mongko ngucapo (Muhammad): amal ingsun iku kanggo ingsun, amal siro kanggo siro, lan siro bebas saking amal ingsun, ugi ingsun bebas saking amal siro kabeh" (Yunus: 41)

Wonten tafsir Ibnu Katsir dipun jelasaken, ayat meniko mertelaaken kados pundi Kanjeng Nabi berjuang nyebaraken ajaran Islam ingkang kapundut saking Al-Quran marang kaum musyrik, kranten sebagian tiyang musyrik wonten ingkang tumut Nabi, langsung iman lan wonten ingkang mboten iman.

Sinaoso mekaten, Kanjeng Nabi Muhammad mboten bade mekso, lan ngucap kasar marang kaum musyrikin. Kanjeng Nabi paring pangertosan bilih sejatine agomo Islam niku agomo rohmatan lil alamin, agomo ingkang santun, welas asih.

Njogo kerukunan mboten wonten unsur mekso, mboten keras lan mboten tumut nyampuri urusan agomo lintu. Sedoyo dipun rajut kaliyan kerukunan, saling ngajeni, saling nyumanggakno ibadah miturut keyakinane piyambak-piyambak.

Pramilo, monggo kito sedoyo njagi kerukunan antawis umat Islam lan umat lintu kanti sae, ampun tumut katut, kantil, terpengaruh akidah lintu. Monggo dipun jaga toleransi ananging kedah wonten aturan lan mboten nulayani syariat Islam.

بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِي اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنْ الايات وَالذِكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّه هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم

Khutbah II

 اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ أَنْعَمَنَا بِنِعْمَةِ الْاِيْمَانِ وَالْاِسْلَامِ. وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ خَيْرِ الْأَنَامِ. وَعَلٰى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ الْكِرَامِ. أَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ الْمَلِكُ الْقُدُّوْسُ السَّلَامُ وَأَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا وَحَبِيْبَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَاحِبُ الشَّرَفِ وَالْإِحْتِرَامِ 

أَمَّا بَعْدُ. فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى اِنَّ اللهَ وَ مَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يٰأَيُّهَا الَّذِيْنَ أٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَ سَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلٰى أٰلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَارْضَ عَنِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ. وَعَنْ اَصْحَابِ نَبِيِّكَ اَجْمَعِيْنَ. وَالتَّابِعِبْنَ وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ وَ تَابِعِهِمْ اِلٰى يَوْمِ الدِّيْنِ

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآء مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ


Editor: Muhammad Faizin
Al-Quran Digital

Khutbah Lainnya

Hadits Online

Terbaru Lainnya

logo