Khutbah I
الْحَمْدُ لله الَّذِي اكْرَمَ بَنِي آدَمَ عَلَى سَائِرِ الْمَخْلُوقَاتِ أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إلَّا الله الَّذِي لَا مَعْبُودَ بِحِقٍّ فِي الْوُجُودِ إِلَّا إِيَّاهُ. وَاَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ الَّذِي بَعَثَهُ اللهُ لاُِ تَمِّمَ مَكَارِمَ الْأخْلَاقِ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ مَا دَامَتِ الاَرْضُ وَالسَّمَوَاتُ. أمَّا بَعْدُ : فَيَا عِبَادَ الله أُوصِيكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى الله فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُونَ .بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيمِ. وَلَقَدْ كَرَّمْنَا بَنِي آدَمَ وَحَمَلْنَاهُمْ فِي الْبَرِّ وَالْبَحْرِ وَرَزَقْناهُم مِنَ الطَّيِّبَاتِ وَفَضَّلْنَاهُمْ عَلَى كَثِيرٍ مِمَّنْ خَلَقْنَا تَفْضِيلاً
Jamaah Jumat rahimakumullah,
Ing dinten kebak berkah meniko, sepindah, monggo kita sami ningkataken takwo dumateng Gusti Allah, kanthi nindakaken sedoyo perintahipun lan nebihi sedoyo awisanipun. Takwo menika minongko bekal ingkang paling sae kangge ngadepi gesang wonten alam donya ngantos dumugi alam akherat.
Gusti Allah puniko Moho pirso lan ngelampahake sedoyo perkawis wonten jagat meniko. Mboten wonten perkawis sekedik kimawon ingkang luput saking pengawasane Gusti Allah. Sedoyo perkawis ingdalem langit, bumi, perkawis lahir batin, Gusti Allah pirso, termasuk ing njeroning ati.
Gusti Allah dawuh:
إِنَّ الله عَالِمُ غَيْبِ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۚ إِنَّهُ عَلِيمٌ بِذَاتِ الصُّدُورِ
Artosipin: "Saktemene Gusti Allah dzat kang ngaweruhi perkoro ingdalem langit lan bumi. Saktemen Gusti Allah ngaweruhi ingdalem njeroning dodo." (QS Fathir: 38)
Kaping kaleh, solawat serto salam keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad ingkang sampun nggulowentah, paring piwulang babakan Iman Islam lan ihsan. Ugi saking Kanjeng Nabi Muhammad kito sedoyo ngajeng-ngajeng syafaatipun ing dinten kiamat.
Maasyiral Muslimin rahimakumullah,
Jaman soyo sepuh, katah tiyang ingkang atine gampang keno roso sumpek lan stres. Babagan ati estu wigatos sanget kangge kita sedoyo, kranten babagan niku saget mempengaruhi marang perkawis lintu.
Amergi ati niku minangko dados raja ing badan kito. Menawi atinipun sae, sedoyo tindak tandukipun ugi bakal sae. Nanging menawi atinipun rusak, sedoyo tindak tandukipun ugi saged rusak. Kanjeng Nabi nate dawuh:
ألا وإنَّ في الجَسَدِ مُضْغَةً، إذا صَلَحَتْ، صَلَحَ الجَسَدُ كُلُّهُ، وإذا فَسَدَتْ، فَسَدَ الجَسَدُ كُلُّهُ، ألا وهي القَلْبُ
Tegese Rasulullah sampun paring piwulang bilih wonten ing jero awak menungso meniko wonten segumpal daging. Menawi segumpal daging menika sae, mongko sae sedaya sakujur badan. Nanging menawi segumpal daging menika rusak, mongko rusak sedoyo sakujur badane. Segumpal daging meniko inggih ati. (HR. Bukhari lan Muslim)
Saking meniko, njagi kasarasan lan resike ati meniko penting sanget. Ati ingkang sakit bakal ndadosaken tiyang gampang nesu, iri, dengki, sombong, lan angel nampi ajaran kabeneran. Lajeng, menopo tombone ati menika?
Jamaah Jumat rahimakumullah,
Imam Al-Ghazali lan para ulama sanesipun nyebataken bilih wonten gangsal perkara ingkang saged dados tombone ati.
Sepisan, moco Al-Qur'an lan maknane. Al-Qur'an meniko minangko kalamullah, piwulang saking Gusti Allah ingkang Maha Agung. Kanthi maos Al-Qur'an lan nyinaoni maknanipun, ati kita bakal pikantuk pepadang, tuntunan, lan ketenangan. Saben huruf Al-Qur'an ngandung berkah lan saben ayatipun dados pangeling-eling dumateng kito.
Kapindo, nglakoni sholat wengi. Misale sholat tahajud utawi salat wengi. Amergi sholat wengi meniko saget kangge ngresiki ati.
Wonten ing wekdal sepi nalika tiyang sanes sami sare, kita saged wungu lan sowan dumateng Gusti Allah, nyuwun ngapuro, lan nyenyuwun pitedah. Ugi sholat wengi meniko saged ngangkat drajat lan ngresiki ati saking dosa.
Kaping tigo, kumpul karo wong sholeh. Ngaos, silaturahim, lan kumpul kaliyan tiyang-tiyang ingkang sholeh, para ulama, para kyai, utawi tiyang ingkang remen nglampahi kesaenan, meniko saged nukulaken howo positif wonten ing ati kita. Kita saged sinau saking akhlakipun. Kranten lingkungan ingkang sae bakal ndadosaken kita ugi pengen dados tiyang ingkang sae.
Kaping papat, poso. Tegese poso meniko mboten namung nahan luwe lan ngelak, ananging ugi nglatih nafsu lan ngendaleaken diri.
Setunggale keutamaane poso, kito saged ngrasakaken kados pundi rasane tiyang ingkang kekirangan, sehinggo nukulaken raos syukur lan empati. Poso ugi saged ngresiki fisik lan batin, hinggo ati kito langkung parek dumateng Gusti Allah.
Kaping gangsal, dzikir ing wektu isuk lan wengi. Dzikir menika iling dumateng Allah kanthi ngucapaken kalimat-kalimat thayyibah kados subhanallah, alhamdulillah, La ilaha illallah, Allahu Akbar, utawi maos sholawat.
Gusti Allah dawuh:
الَّذِينَ آمَنُوا وَتَطْمَئِنُّ قُلُوبُهُم بِذِكْرِ اللَّهِ ۗ أَلَا بِذِكْرِ اللَّهِ تَطْمَئِنُّ الْقُلُوبُ
Artosipun: "Yoiku wongkang podo iman lan tenang atine kelawan dzikir marang Gusti Allah. Ilingo, kelawan dzikir marang Gusti Allah, ati iso tenang." (QS Ra'du: 28)
Tegese tiyang ingkang iman niku atine gampang tenang amergi damel dzikir, atine tansah disambungaken dumateng Gusti Allah. Dzikir meniko saged paring ketenangan lan ngicalaken rasa was-was.
Mugi-mugi Gusti Allah paring kekiyatan lan gampilaken kito sedoyo anggenipun njagi kasarasan dan resike ati. Mboten gampang waswas, sumpek lan stres. Amin.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرآنِ العَظِيمِ، وَنَفَعَنَا وَإِيَّاكُمْ بِالْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ، إِنَّهُ تَعَالَى جَوَادٌ كَرِيمُ، مَلِكُ بَرُّ رَؤُوفٌ رَحِيمٌ وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِينَ
Khutbah II
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا اَمَرَ،اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلَهَ اِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ اِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَ كَفَرَ، وَ اَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ سَيِّدُ الْخَلَاِئِقِ وَالْبَشَرِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى اَلِهِ وَ اَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْراً۰ اَمَّابَعْدُ، فَيَاعِبَادَ ﷲ، اتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقٰىتِهٖ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ، وَاتَّقُوْا النَّارَ وَلَوْ بِشِقِّ تَمْرٍ. إِنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلَائِكَتِهِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ، وَأَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنَ مِنْ جِنِّهِ وَإِنْسِهِ، فَقَالَ قَوْلًا كَرِيْمًا: اِنَّ اللّٰهَ وَمَلٰٓٮِٕكَتَهٗ يُصَلُّوۡنَ عَلَى النَّبِىِّ ؕ يٰۤـاَيُّهَا الَّذِيۡنَ اٰمَنُوۡا صَلُّوۡا عَلَيۡهِ وَسَلِّمُوۡا تَسۡلِيۡمًا
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْياءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ أَصْلِحْنَا وَأَصْلِحْ أَحْوَالَنَا، وَأَصْلِحْ مَنْ فِي صَلَاحِهِمْ صَلَاحُنَا وَصَلَاحُ الْمُسْلِمِيْنَ، وَأْهْلِكْ مَنْ فِي هَلَاكِهِمْ صَلاحُنَا وَصَلَاحُ الْمُسْلِمِيْنَ، اَللَّهُمَّ وَحِّدْ صُفُوْفَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَارْزُقْنَا وَإِيَّاهُمْ زِيَادَةَ التَّقْوَى وَالْإِيْمَانِ، اَللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عامَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ، اللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَاَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ،
عٍبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ
Editor: Muhammad Faizin


