Dark
Light
Dark
Light

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Peduli lan Nulungi Korban Bencana

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Peduli lan Nulungi Korban Bencana

Khutbah I

الْحَمْدُ لِله الَّذِي أَرْسَلَ مُحَمَّدًا بِالْحَقِّ بَشِيرًا وَنَذِيرًا وَدَاعِيًا إِلَى الله بِإِذْنِهِ وَسِرَاجًا مُنِيرًا، أَحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ عَلَى نِعَمٍ وَأَشْكُرُهُ عَلَى مَا أَوْلَاهُ مِنْ جَزِيْلِ الْفَضْلِ وَالإِمْتِنَانِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ  وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ وَلَد عَدْنَانَ. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلَّمْ عَلَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ حَمَلَةِ الْعِلْمِ وَالْقُرْآنِ. أَمَّا بَعْدُ؛ فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا اللهَ تَعَالَى، وَاحْذَرُوا عَنِ الْمَعَاصِي فَقَدْ خَابَ مَنْ عَصَى المَنَّانَ، وَلَازِمُوا طَاعَتَهُ فَفِي طَاعَتِهِ رِضَاهُ وَجِنَانٌ، وَانْتَهُوا عَنِ اتباعِ الْهَوَى فَإِنَّهُ ضَلَالَةٌ وَخُسْرَانٌ. قال الله تعالى في كتابه الكريم اِنَّمَا الْمُؤْمِنُوْنَ اِخْوَةٌ فَاَصْلِحُوْا بَيْنَ اَخَوَيْكُمْ وَاتَّقُوا اللّٰهَ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ 

Hadirin jamaah Jumat rahimakumullah,

Sepindah, monggo kito sami ningkataken raos takwa kito dumateng Gusti Allah kanti ngelampahi sedoyo perintahipun lan nebihi sedoyo laranganipun. Takwo ingkang dipun dawuhaken wonten Al-Quran, yoiku takwo ingkang dipun cepeng ngantos dumugine ajal. Gusti Allah dawuh:

 يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا الله حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ

Artosipun: "Hei wong-wong podo iman, podo takwaho siro kabeh marang Gusti Allah kelawan takwo kang tenanan, lan ojo podo mati kejobo siro netepi agomo Islam" (QS Ali Imran: 102)

Kapindo, monggo maos shalawat serto salam keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad ingkang sampun nuduhaken kito hinggo ngertos iman, Islam, ihsan, lan akhlak mulyo.

Kito umat Islam kedah nderek arahanipun Kanjeng Nabi lan cecekelan ajaranipun, ugi akhlake ingkang mulyo, ingkang dipun lajengaken kaliyan poro ulama. Kranten poro ulama ingkang nderek tindak lampah Kanjeng Nabi niki kalebet waratsatul Anbiya'.

Hadirin jamaah Jumat rahimakumullah,

Sakmangke kito sedoyo sami semerap bilih sederek kito ingkang manggon wonten Aceh, Sumatera lan daerah lintunipun pikantuk musibah banjir ngantos korban nyowo. Kito sedoyo tentu prihatin sedih ingatase kejadian meniko.

Musibah luar biasa meniko nggeteraken penggalih kito sedoyo. Katah tiyang ingkang ilang, nggriyo ketimbun lumpur, ngantos pinten-pinten kampung ilang amergi kintir banjir. Masyaallah.

Kito sedoyo kedah peduli, mbantu, nolongi sederek-sederek wau kelawan perantara nyumbang tenogo, materi lan mental. Kanjeng Nabi dawuh:

مَنْ نَفَّسَ عَنْ مُؤْمِنٍ كُرْبَةً مِنْ كُرَبِ الدُّنيَا نَفَّسَ اللهُ عَنْهُ كُرْبَةً مِنْ كُرَبِ يَوْمِ اْلقِيَامَةِ، وَمَنْ يَسَّرَ عَلَى مُعَسِّرٍ يَسَّرَ اللهُ عَلَيْهِ فِيْ الدُّنْيَا وَالآَخِرَةِ

Artosipun: "Sinten kimawon ingkang ngilangi siji kesusahane tiyang mukmin liyo saking kesusahané ing donya, mongko mesti Gusti Allah bakal ngilangi saking deweke siji kesusahan ing dino kiamat. Lan sinten kimawon ingkang gampangake tiyang lagi kesusahan, mongko Gusti Allah bakal gampangake urusan deweke ing donya lan ing akhirat.” (HR. Muslim)

Hadis niki dados dalil bilih kito umat Islam wajib nolong sederek Muslim lintu ingkang kesusahan, lan ketiban musibah. Ugi dados dalil keutamaane tiyang ingkang peduli, nolongi marang liyan.

Hadirin jamaah Jumat rahimakumullah,

Sampun kito mangertosi Islam niku agama ingkang mulyo lan mboten namung ngatur hubungan manungsa kalian Allah (ḥablun minallāh). Ananging Islam ugi ngatur hubungan antarane manungsa kaliyan sesamane (ḥablun minannās). Salah setunggalipun ajaran utama ing Islam inggih puniko peduli marang sesami.

Gusti Allah dawuh:

وَتَعَاوَنُوا عَلَى الْبِرِّ وَالتَّقْوَى وَلَا تَعَاوَنُوا عَلَى الْإِثْمِ وَالْعُدْوَانِ

Artosipun: “Lan podo tulung-tinulungono ing babagan kabecikan lan taqwa, ojo podo tulung-tinulungan ing babagan duso lan permusuhan.” (QS. Al-Māidah: 2)

Ayat niki nerangaken bilih umat Islam diperintah supados nduweni raos peduli, saling nulungi ing perkoro kesaenan, lan mboten mendel mawon naliko wonten sedulur ingkang kesusahan. Rasulullah ugi ngendiko:

مَنْ لَا يَرْحَمِ النَّاسَ لَا يَرْحَمْهُ اللَّهُ

Artosipun: "Sinten mawon ingkang mboten nduwèni welas asih marang menungso, mongko Gusti Allah ora bakal welas asih marang deweke." (HR. Bukhari lan Muslim)

Pramilo, nulungi lan peduli marang tiyang ingkang keno bencana niku saget arupi nganggo bondo, mbantu ngentengaken kesusahan, lan mbantu ngrenggo-ngrenggo atine ingkang nelongso. 

Ugi penggawe mesem, tembung sing alus, nulungi tonggo, ngunjungi wong loro, utawa ora ngelarani liyan, niku sedoyo wujud kepedulian ingkang ageng nilaine wonten ngersane Gusti Allah.

Monggo sareng-sareng ndungo mugi-mugi sederek kito ing tanah Aceh, Sumatera lan daerah ingkang kedampak musibah dipun paringi sabar, tabah, dipun apuro dusone lan pikantuk rahmat ingkang agung saking Gusti Allah.

بَارَكَ اللَّهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيمِ وَنَفَعَنَا وَإِيَّاكُمْ بِالْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ إِنَّهُ تَعَالَى جَوَادٌ كَرِيمٌ مَلِك بَر رَءُوفٌ رَّحِيم

Khutbah II

اَلْحَمْدُ  لِلَّهِ حَمْدًا  كَثِيْرًا  كَمَا  أَمَرْ.  أَشْهَدُ  أَنْ  لاَ  إِلَهَ  إِلاَّ  اللهُ  وَحْدَهُ  لاَ  شَرِيْكَ  لَهُ إِرْغَاماً  لِمَنْ  جَحَدَ  بِهِ  وَكَفَرْ.  وَأَشْهَدُ  أَنَّ  سَيِّدَنَا  مُحَمَّداً  عَبْدُهُ  وَرَسُوْلُهُ  سَيِّدُ  الخَلاَئِقِ  وَالْبَشَرْ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ إِلَى يَوْمِ الدين. أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا اللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

 اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُبِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ


Editor: Muhammad Faizin
Al-Quran Digital

Khutbah Lainnya

Hadits Online

Terbaru Lainnya

logo