Dark
Light
Dark
Light

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Toleransi Antawis Umat Beragama

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Toleransi Antawis Umat Beragama

Khutbah I

اَلْحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ أَنْعَمَنَا بِنِعْمَةِ الْاِيْمَانِ وَالْاِسْلَامِ ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ خَيْرِ الْأَنَامِ، وَعَلٰى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ الْكِرَامِ، أَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ الْمَلِكُ الْقُدُّوْسُ السَّلَامُ وَأَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا وَحَبِيْبَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَاحِبُ الشَّرَفِ وَالْإِحْتِرَام، أَمَّا بَعْدُ: فَيَاأَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنَ, اِتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ, وَاشْكُرُوْهُ عَلَى مَا هَدَاكُمْ لِلإِسْلاَمِ، وَأَوْلاَكُمْ مِنَ الْفَضْلِ وَالإِنْعَامِ، وَجَعَلَكُمْ مِنْ أُمَّةِ ذَوِى اْلأَرْحَامِ. قَالَ تَعَالَى : يَا أَيُّهَا النَّاسُ إِنَّا خَلَقْنَاكُمْ مِنْ ذَكَرٍ وَأُنْثَى وَجَعَلْنَاكُمْ شُعُوبًا وَقَبَائِلَ لِتَعَارَفُوا إِنَّ أَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللَّهِ أَتْقَاكُمْ إِنَّ اللَّهَ عَلِيمٌ خَبِيرٌ.

Maasyiral Muslimin rahimakumullah,

Wonten dinten berkah meniko, monggo kito sami ningkatake raos takwo dumateng Gusti Allah kanti istiqomah ngelampahi perintahipun lan nebihi awisanipun ingdalem panggenan pundi kimawon. Amergi saking penggawe takwo meniko kito saget pikantuk rido lan pengapuro saking Gusti Allah.

Sholawat serto salam keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad, sahabat lan keluargone ingkang dados pepadange agomo Islam. Gusti Allah dawuh:

لَقَدْ كَانَ لَكُمْ فِيْ رَسُوْلِ اللّٰهِ اُسْوَةٌ حَسَنَةٌ لِّمَنْ كَانَ يَرْجُوا اللّٰهَ وَالْيَوْمَ الْاٰخِرَ وَذَكَرَ اللّٰهَ كَثِيْرًاۗ

Artosipun: "Temen tinemu teladan ingkang sae ingdalem pribadine Rasulullah kanggo wong kang ngarep-ngarep rahmate Gusti Allah lan dino kiamat lan sregep zikir marang Gusti Allah." (QS Surat Al-Ahzab: 21)

Jamaah Jumat rahimakumullah,

Ing wekdal meniko, kulo bade nyampaiaken bab toleransi antawis umat beragama, kados pundi  Al-Qur’an paring pepertelan bab kebebasan iman, inggih puniko:

لَا إِكْرَاهَ فِي الدِّينِ

Artosipun: "Ora ono pemaksaan manjing agomo Islam" (QS. Al-Baqarah: 256)

Ayat meniko dipun jelasaken ingdalem tafsir Tobari bilih mboten wonten pemaksaan mlebet agomo Islam. Kito dipun penging mboten angsal mekso tiyang non-Muslim mlebet agomo Islam, kranten sampun pertelo bilih agomo Islam niku agomo ingkang bener.

Nopo malih kahanan ing negoro kito, Indonesia, masyarakat kito gesang wonten ing lingkungan ingkang bedo-bedo: bedo agama, bedo budaya, bedo bahasa, lan bedo panggenan.

Jamaah Jumat ingkang minulyo,

Prinsip Islam ngajaraken umatipun supados urip rukun lan damai, sanajan wonten bedaning keyakinan utawi agomo. Gusti Allah sampun paring piwulang wonten ing Al-Qur’an:

 لَكُمْ دِينُكُمْ وَلِيَ دِينِ

Artosipun: "Keduwe siro agomo siro, lan keduwe ingsun agomo ingsun." (QS. Al-Kāfirūn: 6)

Ayat meniko negesaken, yen agamane non-Muslim niku kagem non-Muslim, lan agomo kito (Islam) niku kagem kito (umat Islam). Ayat meniko ugi paring pitutur bilih Islam ngajeni kebebasan agama lan mboten meksa tiyang sanès kedah mlebet Islam.

Rasulullah ugi paring tulodo agung. Nalika wonten ing tanah Madinah, Nabi gesang bebarengan kaliyan umat Yahudi lan kaum sanès kanti muncul Piagam Madinah, piagam ingkang ngatur urip bebarengan berdasar keadilan lan saling ngajeni.

Jamaah Jumat ingkang dipun rahmati Allah,

Kedah kito mangertosi, bilih toleransi niku mboten ateges nyampur-adukaken akidah. Akidah Islam tetep kukuh, ananging ing babagan sosial lan kemanusiaan, kito dipun dawuhi supados ngajeni lan nindakaken kabecikan dumateng sinten kemawon.

Gusti Allah ngendiko:

إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَىٰ وَيَنْهَىٰ عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنكَرِ وَالْبَغْيِ ۚ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ

Artosipun: "Saktemene Gusti Allah iku perintah siro kelawan adil lan gawe bagus, paweweh kerabat lan nyegah penggawe jember, mungkar lan lacut. Gusti Allah mituturi siro kabeh menowo siro podo iling." (QS. An-Nahl: 90)

Profesor Quraish Sihab ing tafsir Al-Misbah njelasaken ayat meniko kados mekaten: Gusti Allah paring dawuh marang para kawulané supaya tansah tumindak adil ing saben tembung lan tindak-tanduk. Gusti Allah ugi maringi pepiling marang kito supoyo podo tansah ngupayaaken marang kabecikan lan ngunggulake perkara ingkang paling becik tenimbang liyane.

Gusti Allah dawuh supoyo podo maringi hak lan kebutuhan marang para sedulur lan sanak kadang, minangka sarana kanggo ngukuhakén paseduluran lan katresnan ing sajroning keluarga. Gusti Allah nglarang kawulané tumindak dosa, luwih-luwih dosa gedhe lan tumindak ala ingkang mboten dibenerakén dining syariat lan akal sehat. 

Gusti Allah ugi ngelarang tumindak nyakiti lan nganiaya liyan. Kanti dawuh lan larangan wau, Gusti Allah paring tuntunan marang kito sedoyo supados tumuju marang kemaslahatan ing saben aspek panguripan, supoyo tansah iling marang kanugrahané Allah lan gelem netepi dawuh-dawuh Gusti Allah.

Saking pepertelan tafsir al-Misbah meniko, saget dipun pahami bilih kito umat Islam dipun perintah nglampahi lakon adil lan kabecikan. Adil lan becik puniko termasuk marang tetangga, konco kerjo, lan sesami warga senajan beda agama.

Pramilo, monggo kito jogo toleransi, lan mboten gampang sengit, nyebar ujaran kebencian, utawi provokasi ingkang saged ngrusak kerukunan. Islam rawuh minongko rahmatan lil ‘alamin, rahmat kagem sedoyo alam.

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرآنِ العَظِيمِ، وَنَفَعَنَا وَإِيَّاكُمْ بِالْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ، إِنَّهُ تَعَالَى جَوَادٌ كَرِيمُ، مَلِكُ بَرُّ رَؤُوفٌ رَحِيمٌ   وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِينَ.

Khutbah II

اَلْحَمْدُ  لِلَّهِ حَمْدًا  كَثِيْرًا  كَمَا  أَمَرْ.  أَشْهَدُ  أَنْ  لاَ  إِلَهَ  إِلاَّ  اللهُ  وَحْدَهُ  لاَ  شَرِيْكَ  لَهُ إِرْغَاماً  لِمَنْ  جَحَدَ  بِهِ  وَكَفَرْ.  وَأَشْهَدُ  أَنَّ  سَيِّدَنَا  مُحَمَّداً  عَبْدُهُ  وَرَسُوْلُهُ  سَيِّدُ  الخَلاَئِقِ  وَالْبَشَرْ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ إِلَى يَوْمِ الدين. أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا اللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

 اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُبِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ


Editor: Muhammad Faizin
Al-Quran Digital

Khutbah Lainnya

Hadits Online

Terbaru Lainnya

logo